Menyang kontèn

Universal Pictures

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Universal City Studios LLC
Universal Pictures
Formerly
TypeDivision
IndustryFilm
PredecessorIndependent Moving Pictures
FoundedApril 30, 1912; 114 taun kapungkur (1912-04-30)
Founders
Headquarters10 Universal City Plaza, ,
U.S.
Number of locations
3
Area served
Worldwide
Key people
ProductsMotion pictures
Services
RevenueIncrease US$11.622 billion (2022)
Parent
Divisions
Website
Footnotes / referencesCithakan:Break[1][2][3]


Universal City Studios LLC (mabisnis kanthi jeneng Universal Pictures), lumrah diwanuhi kanti aran Universal Studios utawa mung Universal, yaiku parusahan kirta lan panganjrah (distribusi) filem Amérika Sarékat. Kantor punjeré mapan ing pasanggaran Universal Studios ing Universal City, California. Sanggar iki minangka sanggar utama saka Universal Filmed Entertainment Group, taninganing (divisi) NBCUniversal, yaiku anak parusahané Comcast.

Madeg ing 30 April 1912 dening by Carl Laemmle, Mark Dintenfass, Charles O. Baumann, Adam Kessel, Pat Powers, William Swanson, David Horsley, Robert H. Cochrane, lan Jules Brulatour, parusahan iki minangka sanggar filem paling tuwa sing isih wujud ngganti sapréné ing Amérika Sarékat. Uga minangka sanggar filem paling tuwa kalima sadonya bebarengan karo Gaumont, Pathé, Titanus lan Nordisk Film. Parusahaan iki minangka siji saka sanggar filem "Big Five".

Waralaba filem parusahan iki sing paling kasil ing banijakarma (komersial) ana Fast & Furious, Back to the Future, Jurassic Park, Despicable Me, Shrek, lan Universal Monsters. Sanggar iki uga ndarbè irah-irah filem-filem tunggal kaya To Kill a Mockingbird, The Birds, Airport, American Graffiti, The Sting, Jaws, Smoky and the Bandit, E.T. the Extra-Terrestrial, The Breakfast Club, Backdraft, Cape Fear, The Flintstones, Casper, Twister, Liar Liar, Bring It On, How the Grinch Stole Christmas, A Beautiful Mind, Bruce Almighty, The 40-Year-Old Virgin, King Kong, Baby Mama, Ted, Straight Outta Compton, The Secret Life of Pets, Get Out, The Invisible Man, Oppenheimer, lan The Odyssey. Kabèh filem-filem kasebut minangka antarané filem-filem kanthi pangasilan kasar paling dhuwur ing sakabehing mangsa. Universal Pictures uga anggota saka Motion Picture Association (MPA), lan siji saka sanggar-sanggar utama “Little Three” ing jaman kuncarané Hollywood. [4] Saiki, parusahan iki minangka siji saka wolung sanggar filem sangisoré Universal Filmed Entertainment Group. Saliya Universal Pictures uga ana Focus Features, Amblin Partners kanthi saham 20%, saha United International Pictures, Working Title Films, Universal Animation Studios, Illumination, and DreamWorks Animation kanthi saham 50% saben parusahan.

  1. Current logo used since 2013. Originally designed by Wētā FX, the modified version was designed by Brian Jackson.
Masalah sitiran: Tenger <ref> ana tumrap golongan aran "lower-alpha", nanging tenger <references group="lower-alpha"/> sing magepokan ora ana, utawa </ref> panutup ora ana
  1. "Comcast Reports 4Th Quarter And Full Year 2022 Results" (PDF). cmcsa.com (ing basa Inggris). Comcast. January 26, 2022. kc. 4. Diarsip saka asliné ing January 26, 2023. Dibukak ing April 8, 2023.
  2. "Contact Us". NBCUniversal. Diarsip saka sing asli ing September 3, 2017. Dibukak ing August 31, 2017.
  3. "Brad Weston Launches Production Company With Backing From Universal, eOne". Variety. May 17, 2017. Diarsip saka asliné ing May 17, 2017. Dibukak ing February 27, 2019.
  4. "Our Story". MPAA. Diarsip saka sing asli ing August 30, 2017. Dibukak ing August 30, 2017.