Ula lemah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ular Tanah
Callos rhodos 120610-0642 krw.jpg
Calloselasma rhodostoma
dari Tamanmekar, Pangkalan, Karawang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Viperidae
Subfamili: Crotalinae
Génus: Calloselasma
Spésies: C. rhodostoma
Jeneng binomial
Calloselasma rhodostoma
(Kuhl, 1824)
Sinonim
  • [Trigonocephalus] rhodostoma - Kuhl, 1824
  • [Trigonocephalus] rhodostoma - F. Boie, 1827
  • [Trigonocephalus] praetextatus - Gravenhorst, 1832
  • Tisiphone rhodostoma - Fitzinger, 1843
  • L[eiolepis]. rhodostoma - AMC Duméril, 1853
  • [Calloselasma] rhodostomus - Cope, 1860
  • T[isiphone]. rhodostoma - Peters, 1862
  • T[rigonocephalus]. (Tisiphone) rhodostoma - Jan, 1863
  • Calloselasma rhodostoma - Günther, 1864
  • Calloselma rhodostoma - Morice, 1875
  • Ancistrodon rhodostoma - Boettger, 1892
  • Ancistrodon rhodostoma - Boulenger, 1896
  • Agkistrodon rhodostoma - Barbour, 1912
  • Ancistrodon (Calloselasma) rhodostoma - Bourret, 1927
  • Ancistrodon annamensis - Angel, 1933
  • [Agkistrodon] annamensis - Pope, 1935
  • Calloselasma rhodostoma - Campden-Main, 1970[1]

Ula lemah (Calloselasma rhodostoma) ya iku sajinis ula bandotan kang duwé upas kang kuwat. Kalebu sajeroning anak suku Crotalinae (bandotan berdekik), ula lemah nyebar ing Asia Tenggara lan Jawa. Ulak iki uga dikenal kanti jeneng lokal kaya ta oray lemah, oray gibug (Sd.), ula edor (Karimunjawa), lan liyan-liyané. Sajeroning basa Inggris dikenal minangka Malayan pit viper.

Pengenalan[besut | besut sumber]

Postur mlungker ing wayah wengi

Ula kang ora jan gedhi banget lan kerep katon lemu cendak. Dawa rata-rata sakiwa-tengené 76 cm, kéwan wédok cenderung luwih dawa saka kang lanang; kadang-kadang ditemoni uga spésimèn kang luwih dawa, nganti 91 cm.[2] Geger wrna cokelat rodok abang utawa rodok jambon. Sakdawané pérangan tengah geger dihiasi déning 25 nganti 30 pasang corak segitiga gedhé cokelat peteng, berseling karo warna terang kekuningan utawa keputihan; lan puncak segitiga-segitiga iku ketemu utawa nyilang ing garis vertebral. Sisih sampéng (lateral) warnané luwih pucet utawa luwih burem, kanti bercak-bercak cokelat peteng gedhé manggon kanthi teratur nagnti cepak silét. Sisih ngisor awak putih rodok jambon. bebercak cokelat peteng lan padhang.[3]

Sisih ngisor awak

Ndas segitiga kanti moncong lancip; wernané cokelat peteng, kanti sepasang pita keputihan ing nduwur mata lan pola keputihan mèh padha anak panah ing tengkuk. Sisi ndas cokelat peteng lan lambé warnané putih klawu jambon.[3]

Sisik ventral 148-166, anal tunggal , subkaudal 35-52; sisik dorsal sajeroning 21 deret; sisik labial nduwur 7-9, ora ana kang ngemèk mata.[4]

Panyebaran[besut | besut sumber]

Siap nyerang pengganggu

Ula iki tinemu nyebar ing Thailand, Kamboja, Laos, Vietnam, Ujung Malaya pérangan lor lan Jawa. Lokasi spésimèn tipe ditulis "Java".[1] Saliyané iku ana uga cathetan kang durung dikonfirmasi, nanging cukup dipercaya, ngenani anané ula iki ing Burma lor, Sumatra utara, lan Borneo utara.

Ékologi lan pakulinan[besut | besut sumber]

Ula lemah arupa predator penyergap, meneng mlungker ing lemah utawa ing dhuwur godhong garing ngentèni mangsané léwat ing cepaké. Ula iki mmanggoni alas, semak-semak, utawa lahan pertanian kang kurang dirawat. Kerep tinemu ing kiwa-tengené pemukiman.[5]

Mangsa kéwan pengerat, burung, kadal, lan kodok,[5] ula lemah mliginé aktif ing wayah wengi (nokturnal). Ula iki sipaté ovipar, lan lan endhog-endogé dijaga déning baboné nganti netes.[4].

Cokotan lan upas[besut | besut sumber]

Ing Ujung Malaysia pérangan utara lor, diperkirakaké kadadéan 700 kasus cokotan ula iki marang manugsa saben taun, kanti tingkat kematian nganti 2 persèn.[4] Cokotan ula iki nglarani banget, nyebapaké aboh, lan kadang-kadang nganti matèni jaringan (gangreen, nekrosis). Sanajan cokotan fatal jarang kadadéan, nanging akèh kurbané kang sabanjuré ngalami rusaké utawa disfungsi anggota awaké, utawa kang luwih oarah kudu diamputasi, amarga oraanané serum anti-upas utawa telaté ménéhi obat.[6]

Ing pihak liya, upas ula lemah ngandut bahan anti-koagulan kang bisa nyegah pembekuan darah. Awit mbièn diusulaké kanggo mengisolasi bahan aktif iki, kanggo kepentingan pangobatan trombosis.[7] Salah sijiné bahan aktif iki ya iku ancrod, enzim meh kaya-trombin kang saiki minangka panilitèn, lan kanggo pengobatan klinis minangka anti-koagulan.[8]

Cathetan taksonomi[besut | besut sumber]

Ula lemah ya iku siji-sijiné spésies anggota marga Calloselasma. Sakwéné iki durung dingertèni anané anak jinis.[9]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b {{aut|McDiarmid, R.W., J.A. Campbell, T. Touré. 1999. Snake Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference, vol. 1. Herpetologists' League. 511 pp. ISBN 1-893777-00-6 (series). ISBN 1-893777-01-4 (volume).
  2. ^  Austria 1987. Living Snakes of the World in Color. New York: Sterling Publishers. 480 pp. ISBN 0-8069-6460-X.
  3. ^ a b  Austria 1983. The Snakes of Malaya. 3rd Ed. Singapore Nat. Printers. Pp. 134-136.
  4. ^ a b c  Austria. 1991. Poisonous Snakes of the World. US Govt. New York: Dover Publications Inc. 203 pp. ISBN 0-486-26629-X.
  5. ^ a b  Austria. 1997. Amphibien & Reptilien Südostasiens. Natur und Tier – Verlag, Münster. Pp. 404-405. ISBN 3-931587-12-6
  6. ^  Austria 1986. Tropical snake bites: clinical studies in South-East Asia. In J.B. Harris (Ed.) Natural Toxins – animal, plant and microbial: 25-45. Clarendon Press, Oxford.
  7. ^  Austria 1968. The paradox of therapeutic defibrination. The Lancet (1968), 485-486.
  8. ^  Austria. 1996. Electrophoretic profiles and biological activities: intraspecific variation in the venom of the Malayan Pit Viper (Calloselasma rhodostoma). Toxicon 34: 67-80
  9. ^ ITIS: Calloselasma rhodostoma (Kuhl, 1824). Integrated Taxonomic Information System. Retrieved 25 September 2012.