Ula gadhung luwuk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ula gadhung luwuk
Trim albo 060615 cklpa.jpg
Ular bangkai laut, Trimeresurus albolabris
dari Jabranti, Karangkancana, Kuningan
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Viperidae
Subfamili: Crotalinae
Génus: Trimeresurus
Spésies: T. albolabris
Jeneng binomial
Trimeresurus albolabris
Gray, 1842

Ula gadhung luwuk ya iku salah siji ula kang anduwèni wisa mbebayani. Ula iki duwé jeneng ilmiah Trimeresurus albolabris. Ula iki uga dikenal kanthi jeneng oray bungka, oray majapait (Sd.), ula bangka-laut utawa ula gadhung luwuk (Jw.), tarihu (Dompu). Ing basa Inggris diarani white-lipped tree viper, white-lipped pit-viper, dijenengi ikuamarga werna cangkeme sing putih, utawa bamboo pit-viper, amarga ula iki asring urip ana ing ing pring-pringan.

Ula iki uga diarani ula ijo, amarga wernane awaké. Nanging jeneng ula ijo iku kurang pas, amarga akèh ula kang manggon ing wit lan wernane ijo.

Pemerian[besut | besut sumber]

Ula kang wujudé ora patiya gedhé, rada lemu iki ora patiya lincah. Ndhase njendhol gedhé, kaya ndhas kodhok. Ula iki duwé siyung gedhé lan dawa kang bisa ditekuk ing sajerone ngarep rahang dhuwur, katutup selaput lendhir cangkem.

Dawane sing lanang 60 cm lan sing wédok 80 cm. Buntute cilik, cendhak, kurang luwih 10–13 cm, nanging kuwat nggegem ing papane.

Ndhas lan awake sing pérangan dhuwr (dorsal) wernane ijo, cangkeme rada putih, utawa semu kuning (albolabris; albus, putih lan labrum, lambe). Ana werna putih ireng ing kulit sisih ngisor (sisik) ing awak sisih ngarep, kang lagi ketok nalika ula lagi ngamuk. Sangisore awak (ventral) kuning padhang nganti kuning pucet, utawa semu ijo ing ula lanang ana garis kuning ing ula kang luwih tuwa, ing wates kanthi werna ijo (garis ventrolateral). Sebelah dhuwur buntut wernane semu abang.

Ora kaya ula liyané, ing pérangan dhuwr ndhase ditutupi sisik kang ukurane rada gedhé kang katata simetris. Ing antarané mripate ana 8-12 sisik cilik, ora kaetung tebeng supraokular kang sempit lan lonjong kang kashang dadi amba ing saben mripate. Tameng lambe sisih dhuwur ana 10-12 kang paling ngarep dadi siji karo perisai irung.

Sisik dorsal berlunas, kasusun saka 21 utawa 19 sisik. Sisik ventral 155-156 sisik ing ula lanang, lan 152-176 ing ula wédok. Sisik subkaudal ana 60-72 pasang ing ula wédok, 49-66 pasang ing ula wédok.

Kebiasaan[besut | besut sumber]

Ula iki asring obah ing wanci wengi (nokturnal). Ula iki akèh tinemu ing pang-pang wit utawa ing alas. Ula iki seneng ing alas pring lan alas kang rungkut lan cedhak karo kali.

Ula iki mangane kodhok, manuk, lan mamalia cilik, kaya kadhal. Ula iki anggoné golèk mangan ing wayah wengi direwangi déning indra kang goleki panase awak kang manggon ing pipi.

Ing wanci awan ula iki nggulung ing wit-witan, utawa pring.

Ula iki duwé sipat ovovivipar, ya iku ndhoge netes nalika isih ing jero weteng, lan metu wis dadi anak ula, dadi kaya nglairke. Ula iki bisa nganak nganti 25 (David and Vogel, 1997).

Anak jinis lan Penyebaran[besut | besut sumber]

Nganti saiki dikenal telung jinis anak, T. albolabris (David and Vogel, 1997), yakni:

  1. T.a. albolabris (Gray, 1842), menyebar di India utara (Assam), Kep. Nikobar, Myanmar, Thailand, Kamboja, Laos, Vietnam, Tiongkok selatan, Hong Kong, Ujung Malaya, Sumatra, , Sulawesi, Jawa, Madura dan Borneo (?, masih diragukan). Stuebing dan Inger, 1999, pun tidak mencantumkan ular ini dalam bukunya.
  2. T.a. insularis Kramer 1977, menyebar di Bali, Lombok, Sumbawa, Komodo, Flores, Sumba, Roti, Timor, Kisar, Alor, Wetar dan pulau-pulau di sekitarnya.
  3. T.a. septentrionalis Kramer 1977, menyebar di Bangladesh, India dan Nepal. Beberapa ahli, misalnya Giannasi dkk (2001), menganggapnya sebagai spésies tersendiri, yakni Trimeresurus septentrionalis.

Wisa[besut | besut sumber]

Ula gadhung luwuk kagolong ula kang polahe rikat, gampang krasa kaganggu lan gampang nyokot. Ula iki kapetung dadi ula kang nyumbang perkara cokotan ula kang gedhé ing Indonesia, kurang luwih 50% perkara dicokot ula ing Indonesia (Kawamura dkk. 1975, seperti dikutip dalam David and Vogel, 1997). 2,4% ing antarané mati.

Miturut pengalaman, ula iki biyasane nyokot wong kang nembé golèk kayu, wong ngarit utawa wong angon ing tengah alas. Ula iki ndiweni wisa kang mbebayani. Wisa iki disuntikake liwat siyung loro kang mlengkung. Nanging ora kabèh cokotane ula iki ngetokake wisa. Cokotan ula kang ora ngetokake wisa iku pratandha kagete ula.

Wisa ula iki duwé sipat hemotoksin, ngrusak sistem lakune getih. Cokotane ula iki bisa gawé lara lan ngrusak jaringan ing awak kang dicokot. Ing menit pisanan sawisé dicokot bakal aboh lan wernane abang tuwa, pratandha ana pendharahan ing ngisor kulit. Banjur krasa kaku lan nyeri kang nyebar ning pérangan kang dicokot. Rasa nyeri krasa ing antarané panggon kang dicokot lan jantung. Yèn anggoné nambani ora rikat bisa nekake kepati.

Bahan bacaan dan Rujukan[besut | besut sumber]

Artikel ini ditulis dengan bahan-bahan dari Wikipedia Inggris dan beberapa rujukan berikut:

  • David, P. & G. Vogel. 1997. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history notes. Edition Chimaira. Frankfurt.
  • Giannasi N, Thorpe RS, Malhotra A. 2001. The use of amplified fragment length polymorphism in determining species trees at fine taxonomic levels: analysis of a medically important snake, Trimeresurus albolabris. Molecular Ecology 10:419-426
  • Lim, B.L. 1991. Poisonous Snakes of Peninsular Malaysia. 3rd Ed. Malayan Nature Society and Institute for Medical Research. Kuala Lumpur. ISBN 983-9681-06-0
  • Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu.
  • Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore

Pranala njaba[besut | besut sumber]