Menyang kontèn

Ukum ebah Newton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ukum ebah Newton yaiku telung ukum fisika sing njarwakaké gegayutan obahé sawijiné barang lan gaya-gaya sing ngenani barang kasebut. Ukum iki minangka dedhasar mekanika Newton. Ukum iki bisa ditulis minangka :

  1. Sawijiné barang tansah mandheg, utawa tansah mobah kanthi lelaju ajeg turut garis lenceng, kajaba ana gaya njaba sing ngenani.
  2. Ing saben wektu, gunggungé asilan gaya sing ana jroning sawijiné barang iku sapadha karikatan barang kasebut kaping massané. Utawa sapadha lelaju owahing momèntum barang kasebut tumrap wektu.
  3. Yen rong barang padha-padha mènèhi gaya, gaya-gaya kasebut gedhéné padha nanging séjé inger. [1] [2]

Telung ukum iki diandharaké kapisan dening Isaac Newton ing bukuné Philosophiæ Naturalis Principia Mathematica (Prinsip Matematika saka Filsafat Alam), sing asalé dibabar ing 1687. [3] Newton nganggo ukum-ukum iki kanggo nlisik lan njlentrehaké obahé maneka barang lan tatanan fisik. Kawit mangsané Newton, maneka sesurupan, utamané sing isih magepokan karo gagasan gandra, wis mujudaké widang mekanika klasik sandhuwuré dhasar sing wis ditemokaké dening dhèwèké. Ing mangsa modhèren, wates saka ukum-ukum Newton diweruhi. Mula, téyori-téyori anyar digagas, kaya mekanika kuantum lan karelatifan, kanggo ngrembug fisika-fisika sawijiné barang jroning kahanan-kahanan luwih angèl.

  1. Thornton, Stephen T.; Marion, Jerry B. (2004). Classical Dynamics of Particles and Systems (édhisi ka-5th). Brooke Cole. kc. 49. ISBN 0-534-40896-6.
  2. Newton, I. (1999). The Principia, The Mathematical Principles of Natural Philosophy. Dipertal déning Cohen, I.B.; Whitman, A. Los Angeles: University of California Press.
  3. Newton, Isaac; Chittenden, N. W.; Motte, Andrew; Hill, Theodore Preston (1846). Newton's Principia: The Mathematical Principles of Natural Philosophy. University of California Libraries. Daniel Adee.