Mepandés

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tradhisi Mepandes)

Mepandés, Metatah, Mesangih ya iku tradhisi ngethok untu utawa magas untu kanggo bocah lanang utawa wadon kang wus ngancik umur baligh (dewasa). Sejatiné telung tembung mau duwéni teges kang padha ya iku ngethok untu, ngaluské untu, ngikir untu. Déné ing agama Hindhu mliginé Bali, tradhisi Mepandés kuwi nedahaké yèn bocah wus ngancik umur remaja utawa déwasa.  Tradhisi iki sipaté wajib kanggo masarakat amarga dadi salah sijining tenger yèn bocah lanang utawa wadon mau kudu dadi wong kang luwih dewasa tindak tanduk lan pikiré. Upacara tradhisi mepandés uga duwé teges hakékat manungsa kang sejati iku kudu ucul saka kungkungané Sad Ripu kang dumunung ing jeroning badan manungsa.

Sad Ripu[besut | besut sumber]

Sad Ripu yaiku enem rupa utawa jinis mungsuh saka sipat-sipat Asubha Karma (tindak tanduk kang ora apik saka manungsa dhéwé), ya iku:

1. Kama, sipat napsu indriya.

2. Lobha, sipat serakah.

3. Kodha, sipat muntab.

4. Mada, sipat mendem lan édan.

5. Moha, sipat umuk lan bingung.

6. Matsarya, sipat sréi.

Mawi upacara Mepandés bocah mau dilairna kang kaping pindho lan bisa diarani kuwi dadi lair kang samesthiné ya iku lair kanthi pangajab dadi suputra (bocah kang apik). Bocah kang suputra bakal bisa nglebur dosa-dosa arwah sadurungé lan bali marang kang Nyipta.

Miturut sastra agama Hindhu kang dadi ancas saka tradhisi Mepandés ya iku pituduh kanggo wong umat Hindhu, yen lairing manungsa nggawa gawan katma wesana (turah-turahaning karma saka panguripan leluhur sadurungé). Karma wesana kuwi nggawa rong sipat ya iku ala lan becik kang wus dumunung ing sajroning manungsa. Kaloroné mau bakal dadi sipating manungsa. Sipat ala kang dumunung ing badané manungsa ya iku Sad Ripu kang wus dijlèntrèhna ing ndhuwur mau. Ananging piyé carané manungsa mau kudu ngilangi Sad Ripu supaya ora dadi panggodha ala saka manungsa lan bisa ngreksa dharmaning urip.

Gayutané Mepandés, Sad Ripu disimbolke mawi enem untu ngarep ing sisih ndhuwur yaiku untu seri papat lan untu taring loro. Sad Ripu minangka daya kang ala, pramila kudu diubengi nganggo dayaning dharma supaya bisa ngilangi daya kang ala (adharma).

Tata cara[besut | besut sumber]

Umat Hindhu ing Bali, anggoné ngadani upacara Mepandés mesthi upacarané kenthel karo adat istiadat. Déné tatacara ngadani tradhisi iki ing antarané:

1. Upacara Pekala-kalan: ancasé ya iku korban suci dhateng bhatara kala supaya kungkungan ala bisa ilang mawi sembahyangan sajèn.

2. Upacara Pengekeban: tegesé ya iku robahing status saka bocah dadi wong kang luwih déwasa.

3. Upacara Ngendag: ngethok utawa ngikir enem untu saka bocah mau (4 untu seri lan 2 siung sisih ngarep ndhuwur). Sadurungé ngikir untu bocah mau kudu nglakoni upacara sungkem marang wong tuwané kang diadani ing merajan (papan sembahyangé kang ana ing omah). Mepandés diadani ing balé, sangging (uwong kang biasané ngikir untu yèn upacara Mepandés) ngikir untuné bocah kanthi mantra-mantra.

4. Upacara Mejaya-jaya: ing upacara iki kang dadi pimpinan nyuwun donga pangèstu marang Gusti supaya bocah kang Mepandés iku kanugrahan jayaning pikir, tindak tanduk, lan wicara.[1]

Dampak ala miturut élmu kedhokteran[besut | besut sumber]

Saka upacara Mepandés iki tuwuh pikiran kang kudu dikaji menéh ala beciké kanggo saterusé. Ora babagan budaya utawa tradhisiné ananging babagan tatacara upacarané. Mligi ing bab upacara ngendag (ngethok lan ngikir untu). Ing jaman saiki ilmu kedokteran modhern wus maprah, ananging ing tradhisi mepandés dudu dokter kang ditunjuk dadi sanggingé. Sangging kuwi biasané dipilih kanthi turun temurun, lan kadhang kala pancèné sangging kuwi urung duwéni kawruh kang mligi utawa sekolah jurusan ilmu kedokteran[2]. Mula kang prelu digatekaké ing kéné bab ngikir untu miturut élmu kedhokteran.

Ngrusak lapisan untu[besut | besut sumber]

Untu kuwi duwéni struktur atis kaya balung lan mancep ana ing gusi. Untu kuwi ana patang bagian yaiku: enamel, dentin, sementum, lan pulpa. Enamel minangka lapisan paling njaba lan paling atos saka untu, uga dadi proteksi eksternal. Enamel bisa rusak merga zat kimia lan trauma fisik. Ing upacara Mepandés ana prosés ngikir untu seri lan siung. Untu mau dikikir nganti rata, kang ndadèkaké ana gesekan antarané piranti ngikir karo pucuk-pucuking untu. Prosés iki bisa marai trauma fisik kanggo untu ya iku ngrusak enamel untu kang dikikir. Jumlah maksimal enamel kang oleh dikikir miturut ilmu kedokteran ya iku 50%, ilangé lapisan enamel uga bisa marakaké karies untu. Luwih parah yèn pas ngikir untu mau nganti tekan lapisan pulpa mula bisa ndadékaké infeksi pulpa (pulpitis) amarga pulpa kuwi isiné saraf lan pembuluh getih, pulpa uga perangan untu kang sensitif dhéwé.

Trauma Oklusi[besut | besut sumber]

Oklusi iku bisa ditegesi kontak antar untu, ya iku untu sisih ngisor karo sisih ndhuwur. Yèn normal, untu seri sisih ndhuwur kuduné rada overlap (tumpang tindih karo sing ngisor kanthi posisi untu ndhuwur ning ngarepé) mliginé yén lagi mingkem. Ananging ngikir untu seri ndhuwur nganti rata malah ndadékaké untu seri ndhuwur ora overlap yén lagi mingkem. Untu sing kuduné overlapping malah dadi gathuk, yén kahanan ngéné iki suwé-suwé bisa dadi penyakit periodontal (rusaking jaringan lan struktur untu).

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Ernawati, Ni Wayang (2012). [www.journal.unair.ac.id/filerPDF/03%20MAKNA%20UPACARA%20POTONG%20GIGI%20%20Niwayan%20Ernawati.pdf "Makna Upacara Potong Gigi (Metatah) bagi Peserta Umat Hindhu bali di Pura Agung Jagad Karana Kota Surabaya"] (PDF). Journal Universitas Airlangga. Vol.1: 8. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung); Check |url= value (pitulung)
  2. Astuti, Dwi (2019-01-12). "hubungan tingkat pengetahuan kesehatan gigi dan mulut dengan penggunaan alat para sangging berdasarkan karakteristik para sangging di provinsi bali 2010" (PDF). Skala Husada. volume 10 nomor 1: 70. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)