Tiyang Cirebon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Logo Kota Cirebon
Orang/Etnis Cirebon
Gunggung cacah jiwa
(Sekitar 1,9 yuta (sensus 2000)[1])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Jawa Barat
Basa
Basa Cirebon (termasuk dhialèk Jawareh, Plered, Gegesik, Ciwaringin, Pakaleran, Indramayu, Pamanukan), Basa Sunda dhialèk Cirebon, Basa Indonésia
Agama
Islam

Tiyang utawi Etnis Cirebon utawi Suku Bangsa Cirebon inggih punika golongan ètnis ingkang kasebar ing sakan kiringipun Kota Cirebon lan Kabupatèn Cirebon, Kabupatèn Indramayu, Kabupatèn Majalengka sisih lèr utawi biyasa dipunsebut minangka Wewengkon "Pakaleran", Kabupatèn Kuningan sisih lèr, Kabupatèn Subang sisih lèr wiwit saking Blanakan, Pamanukan, dumugi Pusakanagara lan sapérangan Pasisir utara Kabupatèn Karawang wiwit saking Pasisir Pedes dumugi Pasisir Cilamaya ing Provinsi Jawa Barat lan sakanan kiringipun Kec. Losari ing Kabupatèn Brebes, Provinsi Jawa Tengah. Cacahipun antawis 1,9 yuta.[2] Masarakat Suku Cirebon nganut agama Islam. Basa ingkang dipundituturaken déning tiyang Cirebon inggih punika gabungan saking Basa Jawa, Sunda, Arab lan Cina ingkang dipunwasatani minangka Basa Cirebon.

Pangakuan Suku Bangsa Piyambak[besut | besut sumber]

Nalika awal kawontenan Etnis utawi Tiyang Cirebon mesthi dipungayutaken kaliyan kawontenan suku Sundha lan Jawa, ananging lajeng eksistensinipun ngarah ing pembentukan budaya piyambak, wiwit saking ragam batik pasisir ingkang boten ndherekaken pakem karaton Jawa utawi biyasa dipunsebut batik pedalaman dumugi wontenipun tradisi-tradisi kanthi corak Islam sesarengan kaliyan dipunbangunipun kraton cirebon nalika abad ke 15 ingkang adhedhasar Islam 100%. Eksistensi saking kawontenan suku utawi tiyang Cirebon ingkang nyebut piyambakipun sanès Suku Sundha uawi suku jawa pngkasan pikantuk jawaban saking sensus penduduk taun 2010 ing pundi sensus penduduk mau wonten kolom mligi kanggé Suku bangsa Cirebon, bab punika ateges kawontenan suku bangsa Cirebon sampun dipunakoni kanthi nasional minangka sawijining suku piyambak.[3]

Indikator punika (Suku Bangsa Cirebon) dipuntingali saking basa laladan ingkang dipun-ginakaken déning warga Cirebon boten sami kaods déné basa Jawa utawi bas Sunda. Masarakat Cirebon ugi gadhah idhèntitas mligi ingkang damel raos bombonging manah minangka suku piyambak. Pitedah sanèsipun ingkang nyirikaken tiyang minangka suku bangsa Cirebon inggih punika saking nama-namanipun ingkang boten kados tiyang Jawa utawi Sunda. Ananging dèrèng wonten panaliten ingkang langkung ingkang saged ngandharaken babagan karakteristik identik babagan suku bangsa Cirebon. Kangge madosi kesukuan sawijining tiyang, bab punika saged dipunrunut saking garis keturunan bapak kandungipun. Kajawi punika manawi tiyang punika sampu kraos gadhah jiwa lan semangat laladan punika (laladan bebrayan cirebon) saéngga piyambakipun berhak rumaos minangka suku ingkang dipunmaksud.[4]

Basa[besut | besut sumber]

Rumiyin Basa Cirebon punika dipun-ginakaken wonten ing dedagangan ing pasisir Jawa Barat wiwit Cirebon ingkang minangka salah satunggaling pelabuhan utama, mliginipun nalika abad ke-15 dumugi abad ke-17[5]. Basa Cirebon dipunpangaruhi ugi deing budaya Sunda amargi kawontenananipun ingkang winatesan langsung kaliyan kabudayan Sunda, mliginipun Sunda Kuningan lan Sunda Majalengka lan ugi dipunpangaruhi déning Budaya Cina, Arab lan Éropah, bab punika kabuktikaken kanthi wontenipun tembung "Taocang (Kuncir)" ingkang minangka serapan Cina, tembung "Bakda (sabibaripun)" ingkang minangka serapan Basa Arab lan lajeng tembung "Sonder (Tanpa)" ingkang minangka serapan basa Éropah (Walanda). Basa Cirebon njagi bentuk-bentuk kuna basa Jawa kados ta ukara-ukara lan pangucapan, kados ingsun (kula) lan sira (panjenengan) ingkang sampun boten dipun-ginakaken malih déning basa Jawa Baku.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Indonésia's Population: Ethnicity and Religion in a Changing Political Landscape. Institute of Southeast Asian Studies. 2003. 
  2. ^ [1]
  3. ^ [2]
  4. ^ [3]
  5. ^ [4]
  6. ^ [5]