Titikira
Praèn

Titikira utawa prédhiksi yaiku pangudi-udi medhar prastawa utawa data ing mangsa ngarep. Nitikira asringé, nanging ora mesthi, adhedhasar kupiya utawa kawruh saka para panitikirané. Ora ana kasarujukan umum kanggo beda antarané "titikira" (prediksi) lan "pangira-ngira" (estimasi). Saben panulis lan disiplin kawruh bisa menehi konotasi sing séjé-séjé.
Prastawa ing mangsa ngarep kuwi tan pesthi. Mula desana sing akurat mokal ing babagan iki. Nanging titikira isih migunani kanggo mbiyantu nggawe rantaman tumindak sing bakal dilakoni.