Timur Muhammad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gusti Radèn Mas Timur Muhammad ya iku putra Sultan Hamengkubuwana V lan garwa pramèswari GKR. Sekar Kedhaton kang mijil 13 dina sawusé ramané séda (5 Juni 1855). Sawusé diwasa banjur kaparingan asma Kanjeng Pangeran Haryo (KPH) Suryaning Ngalaga. Manut saka urutané, Timur Muhammad bisa duwé hak jumeneng nata. Nanging amarga mijil sawusé ramané séda, mula kang dijumenengaké dadi sultan kaping enem banjur Gusti Radèn Mas (GRM) Mustaja, pamané.[1]

Usaha Ratu Kedhaton njumenengaké dadi ratu[besut | besut sumber]

Taun 1864, Ratu Kedhaton lan diduhukung dening para kawula saka Tembayat ngraman lan niyat madegakè kraton anyar lan njumenengaké Suryaning Ngalaga dadi ratuné. Nanging kraman iki bisa ditumpes déné Suryaning Ngalaga lan ibune ora kapatrapan ukuman lan tetep kaparengaké manggon ing sajeroné kraton Ngayogyakarta. Kedadéyan iki diarani Suryengalagan affairs.

Ratu Kedhaton tetep ngupaya bisaa Suryaning Ngalaga jumeneng ratu. Salah sijiné kanthi niyat ndhaupaké Suryaning Ngalaga karo putri Sultan Hamengkubuwana VII saka pramèswari Ratu Kencana kang ora peputra kakung. Nanging Sultan Hamengkubuwana VII ora sarujuk marang niyat iki lan duwé panemu menawa Suryaning Ngalaga duwé kekurangan lan ora pantes jumeneng ratu. Luwih-luwih sadurungé wis mèlu ngraman marang pamréntah. Maret 1883 Sultan Hamengkubuwana VII netepaké RM Akhadiat kang umur 5 taun dadi pangéran pati. Kahanan iki njalari Ratu Kedhaton lan Ratu Kencana nandang gela lan niyat ngraman. Nanging sadurungé kalakonan, para prajurit kraton wis mangèrteni lan para tokohé dirangkèt. Ratu Kedhaton lan Suryaning Ngalaga bisa lolos nanging banjur kacekel ing Désa Ngremamé, Salam, Magelang. Résidhèn Ngayogyakarta, Van Baak ngusulaké supaya kabèh kang mèlu ing niyat ngraman kuwi dibuwang menyang Manadho. Ratu Kencana kang isih dadi pramèswari ora mèlu kabuwang ing Manadho nanging kakebonaken saka kraton banjur salin asma GKR Wandhan.[2]

Urip ing Manadho[besut | besut sumber]

Saka putusan landrat, Ratu Kedhaton lan Suryaning Ngalaga dikirim menyang Manadho lan nganti puput yuswa. Pangéran Suryaning Ngalaga séda 12 Januari 1901. Residhèn Menado van Hengel duwé usul supaya Ratu Kedhaton dikonduraké menyang Jawa amarga wis sepuh déné putrané wis séda lan ora mbebayani tumrap pamréntah. Nanging usul kuwi ora disetujoni lan Ratu Kedhaton séda ing 25 Mei 1918.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Raja Raja | Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat - Kraton Jogja". kratonjogja.id (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2018-07-04. Dibukak ing 2018-07-23.
  2. Sesana, Riya (2010). Intrik Politik dan Pergantian Tahkta di Kasultanan Yogyakarta, 1891 – 1877.
  3. VIVA, PT. VIVA MEDIA BARU - (2017-07-07). "Kisah Pilu Ratu Sekar Kedaton Saat Dibuang dari Yogyakarta – VIVA" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-07-23.