Menyang kontèn

Tike Priatnakusumah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tike Priatnakusumah
LairTike Priatnakusumah
31 Oktober 1977 (umur 48)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaTike "Extravaganza"
PakaryanArtis, Presenter
Taun aktif2002 - saiki
BojoArief Luth Handoko
AnakLatisya Rayya Arifti

Tike Priatnakusumah (lair ing Bandung, 31 Oktober 1977; umur 48 taun) ya iku aktris lan présènter Indonesia.[1] Jeneng Tike dikenal sawisé main ing variety show ing Trans TV, Extravaganza.[1] Tike miwiti karir dadi penyiar radhio banjur sithik-sithik lumebu ing donya hiburan tivi lan layar amba.[1] Tike rabi karo Arief Luth Handoko ing sasi Agustus 2006.[1] Saiki Tike wis duwé anak, Latisya Rayya Arifti (lair 6 April 2008).[1]

Tike Priatna miwiti karir ing donya hiburan nalika taun 2002, dhèwèké dadi penyiar radhio Hardrock FM Bandung lan mandhu acara Good Morning Hardrocker Show bareng Pandji Pragiwaksono.[2] Pisanan metu ing tivi ya iku nalika dadi asistèn Indra Safera ing acara tivi ya iku Ngobras (Ngobrol bareng Indra Safera).[2]

  • HardRockFM Bandung (2002 - 2003).[2]

Variety Show

[besut | besut sumber]

Sinétron/Mini Séri/FTV

[besut | besut sumber]
  • Inohong di Bojong Rangkong - TVRI,
  • Jomblo - sérial - RCTI (2006 - 2007)).[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]