Menyang kontèn

Thumos

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Thumos yaiku tingkatan hawa nepsu ingkang kaping kalih. Ing dhuwure hawa nepsu Epithumia, ana sing diarani Thumos. Tembung Thumos iki duwe oyot sing padha karo Epithumia. Yen Epithumia iku babagan nepsu sing asor lan ora penting, Thumos luwih trep yen ditegesi minangka semangat, hawa nepsu, utawa ambisi. Thumos iku kudu dilewati, ora disingkirake. Yen disingkirake, urip panjenengan bakal ora lumrah lan mbuwang-mbuwang energi. Contone, luwih becik mangan wae nanging mandheg nalika wis wareg, tinimbang mati-matian ora mangan, amarga iku luwih efisien lan ngirit wektu uga tenaga.[1]

Wong sing duwe Thumos kuwi beda karo Epithumia. Yen Epithumia disimbolke kaya petani sing gumantung marang konsumsi, Thumos disimbolke kaya prajurit. Mangan, dhuwit, lan bandha ora pati penting tumrap dheweke. Sing wigati yaiku menang, sukses, jeneng apik, kejayaan, lan status. Semangat, agresivitas, lan ambisi dadi ciri-ciri Thumos. Kadhangkala, wong nyebut iki minangka passion. Urip tanpa Thumos bakal krasa adhem, tanpa semangat. Nanging, Thumos kudu tetep dikendhalekake dening akal sehat (rasio).[1]

Contone, duwe kepinginan lulus kanthi predikat cum laude kuwi apik, nanging tetep kudu nganggo akal sehat. Kajaba kuwi, kepengin dadi pahlawan uga ora apa-apa, nanging aja nganti dadi "pahlawan kawanen" utawa pahlawan sing tanpa petungan.[1]

Wong sing duwe ajining dhiri dhuwur, iku tegese dheweke ana ing taraf Thumos. Dheweke kepengin dianggep apik utawa hebat dening wong liya. Kadhangkala, kanggo njaga citra ing media sosial, dheweke rela mbuwang-mbuwang dhuwit akeh. Thumos iki tingkatane kaping pindho ing dhuwure Epithumia. Mengunakake Thumos kuwi oleh, nanging tetep kudu dikendhalekake akal sehat. Yen ora, bisa dadi aneh lan ora genah. Dadi wong dermawan kuwi apik, nanging kudu tetep dipikirake lan diitung, aja nganti panjenengan malah dadi wong sing kudu disumbang. Siji-sijine sing paling pinter ing antaraning hawa nepsu yaiku akal sehat. Dadi, kabeh kudu diukur lan dipetung nganggo akal.[1]

Sitiran

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 Faiz, Fahruddin (2025). Filsafat kebahagiaan: dari Plato, via Al-Farabi dan Al-Ghazali, sampai Ki Ageng Suryomentaram (ing basa Indonesia). PT Mizan Pustaka. ISBN 978-602-441-332-3.