Terapi autis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
terapi lumba-lumba

Terapi Autis miturut panalitèn médis utawa saka kawruh tradhisional, kadhapuk ana enem ya iku.[1]

  1. Terapi Akupuntur.[1] Metode kanthi tusuk jarum iki kanthi pangajab bisa mènèhi stimulasi sistem saraf sing ana ing polo manungsa nganti bisa kerja manèh.[1]
  2. Terapi Musik.[1] Lantaran terapi musik iki kanthi pangajab bisa mènèhi getaran gelombang sing bisa mènèhi dampak tumrap membrane polo. Kanthi ora langsung, iku bakal mèlu mbenahi kaanan fisiologi.[1]
  3. Terapi Balur. (4) Akèh kang percaya manawa autis iku disebabaké déning zat merkuri ing njero badan manungsa.[1] Kanthi terapi balur iki duwé ancas ngurangi kadar merkuri saka njero badan panyandang autis.[1] Carane, nganggo cuka aren dicampur bawang banjur dilulurke ing badane. Ancase ya iku mènèhi detoksifikasi gas merkuri.[1]
  4. Terapi Perilaku.[1] Duweni ancas supaya bocah bisa nggatekake lan srawung bareng liyané.[1] Carane ya iku kanthi ngajak bocah autis mau nglakoni sapérangan ayahan kaya ta jupuk barang sing ana ing sakupenge.[1]
  5. Terapi anggota Kulawarga.[1] Wong tuwa kudu tansah damping lan mènèhi kawigaten tumrap bocah kang nandang autis, saéngga ana tali émosional sing kuat.[1] Terapi iki minangka terapi panyangga kang wajib dilakoni bebarengan karo terapi liyané.[1]
  6. Terapi Lumba – Lumba.[1] Wis kabukti yèn gelombang sonar lumba – lumba bisa nyelaraske kerja saraf motorik lan sensorik panyandang autis.[1] Swara lumba – lumba uga bisa ningkatake neurotransmitter.[1]

Nanging saka enem terapi mau, terapi lumba – lumba kabukti luwih efektif lan luwih rikat ketimbang terapi liyané.[1]

Papan Terapi Lumba-Lumba[besut | besut sumber]

Terapi Autis kanthi stimulus lumba–lumba wis wiwit rong taun kapungkur dadi fasilitas andalan kanggo para wisatawan sagara Cahaya Sendang Sikucing kang dumunung kira – kira 22 km saka kutha Kendhal.[2] Klinik Dholphin Uga ana ing Balai Samodra Taman Impian Jaya Ancol Jakarta Utara kang dipandegani déning Ibu Endang Sumaryati, saka Kopartemen Sarjana Fisioterapi 99.[3] Lumba – lumba pancen kéwan kang asring mènèhi panglipur kanggo kulawarga, ora mung bisa atraksi nanging uga bisa mènèhi efek stimulus lan terapi.[2] Lantaran gelombang ultrasonic saka kéwan lumba – lumba iki, banjur minangka mènèhi terapi luwih – luwih tumrap bocah kang ngalami autis.[2] Ing pulau Bidadari ana Lumba – lumba wadon kang aran Yossi (18 taun) lan Mia (9 taun) minangka lumba – lumba sing asring mènèhi terapi tumrap bocah – bocah sing nandang autis lan rehabilitasi degenerative (pascastroke).[4] Nalika srawung bareng lumba – lumba ning njero banyu, lumba – lumba bisa ngirimke daya akustik nganti tekan 1 kilowatt sing bisa nembus témbok sing kandele 30 cm.[4] Saéngga ora kaget yèn gelombang sonar mau bisa nembus jaringan syaraf manungsa sing mung dilapisi tengkorak lan kulit.[4]

Kenapa Kudu Lumba-Lumba?[besut | besut sumber]

Miturut Dr. Erwin Kusuma SpKJ, saka klinik Prorevital Jakarta ngandharake yèn terapi lumba – lumba iki wis ora dadi kawruh anyar tumrap Nagara Amérikah Sarékat.[3] Wiwit taun 1978, metode iki wis dingrembakakake déning Dr. David Nathanson, Ph.D, Psikolog sing wis mumpuni babagan lumba – lumba sawatara 30 taun.[3] Dr. Ken Marten, ilmuwan di Earthtrust, Hawaii, Amérikah Sarékat, ngandharake yèn lumba-lumba bisa renang kanthi banter, punjul 40 km per jam.[3] Kéwan iki bisa ngirimke rentetan sinyal ultrasonik kanggo ndeteksi barang sing ana ing sakupenge.[3] Lumba-lumba uga duwé polo kang luwih gedhé saka simpanse utawa kethèk, saéngga dhèwèké kagolong kéwan kang cerdas.[3] Dr. Nathanson ngamati lan neliti nalika manungsa lan lumba – lumba srawung.[3] Psikolog sing uga bukak terapi ing Ocean World, Fort Lauderdale, Florida, Amérikah Sarékat iku purwakane menstimulasi panca indra bocah sing ngalami down syndrome kanthi ngajak renang bareng lumba – lumba.[3] Kasil saka ayahan mau, anak bisa nampa stimulasi lan mènèhi respon.[3] Saya suwé, lumba – lumba ora mung dienggo tumrap bocah down syndrome utawa autis baé, nanging uga bisa kanggo wong tuwa kang ngalami gangguan mental lan sensor saraf indra.[3] Lumba – lumba bisa didadèkaké piranti amarga bisa srawung klawan manungsa.[3] Kasil panalitèn Vilchis Quiros saka medical Director Aragon Aqurium, Mexico City, meksiko, nalika srawung klawan lumba – lumba hormone endorphin ing badan manungsa bisa nambah.[3] Perkara iki ndadèkaké keseimbangan antarané polo kiwa lan polo tengen.[3] Gelombang ultrasonic kasil stimulasi suara – suara utawa sonar saka lumba – lumba bisa ditampa sampurna déning manungsa.[3] Marketing Wesut Seguni Indonésia (WSI) Ferry Panjaitan nalika press tour Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Jawa Tengah, uga ngandarake yèn lumba – lumba duwé gelombang sonar saraf sing bisa nglantarake gelombang alfa lan mènèhi stimulus kanggo terapi panyandang autisme, stroke, lelara saraf motorik lan terapi ibu hamil.[2] Kanthi kaluwihane mau, lumba-lumba iki bisa mendeteksi pérangan sing lara kanthi naluriah liwat monconge.[2] Aktivitas sensori anak bakal dirangsang nalika renang ing jero kolam bareng lumba – lumba.[2] Banjur bocah mau bakal dikenalke kanthi renang bareng, ngoceki awake lumba – lumba lan mènèhi mangan kéwan laut mau.[2] Public Relations Dhyta Rindy Astuti mratelakake, polah anak bakal rubah nalika wis mèlu terapi sasuwéné kaping enem.[5] Dhèwèké uga mratelakake yèn pulihe bocah kang nandang autis mau, saliyané kudu rutin mèlu terapi uga mbutuhake panjurung saka wong tuwa kang tansah damping nalika bocah mau diterapi.[5]

Carane Terapi Lumba-lumba[besut | besut sumber]

Sajatiné bocah kang nandang autis iku bisa ditambani.[6] Nalika pengetan dina Peduli Autis Sedunia ing Jakarta Dr. Melly Budiman SpKJ saka Yayasan Autisma Indonésia ngandharake yèn autis isih duwé praduga bisa dipulihke, dinuga Autis iku ora mung amarga factor genetic nanging uga factor lingkungan.[6] Kanggo terapi lumba – lumba iki, miturut Dr. Endang Sumaryati, ana program 10 dina.[3] Ya iku nalika bocah wis dimangerteni kasile rekan medic, bocah mau diwajibke teka sepuluh dina kanthi runtut.[3] Dina sapisan nganti katelu diisi kanggo ngenalke lumba – lumba marang bocah.[3] Bocah durung diwènèhi ijin kanggo nyemplung bèji.[3] Bocah mung bisa ngelus – elus lumba – lumba saka pinggir kolam.[3] Nalika ngancik dina kapapat nganti tekan sepuluh dina, bocah diajak renang bareng salah sijining lumba – lumba. Sawisé sepuluh dina, banjur dievaluasi kasile terapi.[3] Saka evaluasi mau, bisa dimangerteni rencana terapi sabanjuré tumrap bocah lan uga jinis utawa interaksi lanjutan.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r gelombangotak.com (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  2. a b c d e f g suaramerdeka.com/stimulus anak autis Archived 2010-05-02 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u kompas.com/lumba - lumba sembuhkan autis (diunduh tanggal 25 maret 2011)
  4. a b c health.detik.com/terapi autis dengan lumba - lumba (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  5. a b suaramerdeka.com/beritacetak (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  6. a b nasional.kompas.com/Autisme.Bisa.Disembuhkan (diunduh tanggal 6 April 2011)