Tatanan
Praèn

Tatanan, tata, utawa sistem, yaiku keklumpukan barang-barang sing padha lakwantara (berinteraksi) utawa padha nggayut siji marang liyané lan tumindak minurut pranata tartamtu kanggo mujudaké tatanan manunggal sing wutuh. [1] Tatanan, sing dikubengi lan diprabawa dening kupengané, diandharaké dening winates, jiringan (struktur), ancas, lan kawedhar ing pigunané. Tatanan minangka subjek sajeroné kawruh téyori tatanan uga élmu-élmu tatanan liyané.
Tatanan ndarbè sawetara sipat umum, kaya jiringan, piguna, tumindak, uga sambung-sumambungé (interconnectivity).
- ↑ "Definition of system". Merriam-Webster. Springfield, MA, USA. Diarsip saka sing asli ing 2017-06-05. Dibukak ing 2019-01-16.