Menyang kontèn

Tata matra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Massa sak kilogram lan telung piranti pangukur matra: meteran pita kanggo sentimeter, termometer kanggo drajat Celsius, multimeter kanggo beda potensial ing volt, wili listrik ing ampere lan resistensi listrik ing ohm.

Tata matra utawa sistem metrik yaiku tata pangukuran sing mbakoni klumpukané ékan dhasar. Uga minangka tata ahwaya (nomenklatur) kanggo njlèntrèhaké ukuran cilik-gedhéné barang lumantar ater-ater ékan (unit prefix) birid ping-pingan dèsimal. Senajan pakem sing ngatur tata matra tansah owah saben mangsa, ing jaman modheren, ana Tata Ékan Nagarantara (sistem internasional, SI), sing nyungsun ater-ater SI lan pitung ékan dhasar: meter (m), kilogram (kg), detik (s), ampere (A), kelvin (K), mol (mol), lan kandela (cd).[1]

Ékan turunan SI yaiku gegabungané ékan-ékan dhasar sing banjur oleh jeneng dhéwé kaya hertz (prubeng saben detik), newton (kg⋅m/ ), lan tesla (1 kg⋅s −2 ⋅A −1 ). Kanggo Celsius arupa ukuran sing "digeser" saka Kelvin. Ékan-ékan tartamtu wis tinampa kanthi resmi kanggo digunakaké bebarengan karo SI. Sawetara ékan-ékan iki wis diyasa murih trep tumprap tata ping-pingan adhedasar wilangan sepuluh (kaya liter lan elektronvolt) lan dianggep "matra". Déné ékan-ékan liya ana sing ora kalebu kaya ékan astronomi. Ékan kuna nanging ditampa dening SI yaiku ékan wektu kaya menit lan jam, sing birid angka 60 (seksagesimal). Semana uga, ukuran gedhéné pepojok, drajat, saha ukuran-ukuran subtikelé kaya menit wusu, lan detik wusu, minangka seksagesimal liya sing ditampa dening SI.

Tata ukuran SI asalé saka tata ukuran meter, kilogram, detik (MKS) sing luwih lawas, sanajan maknané wis owah sabén wektu. Sapréné, kabeh ékan dhasar diitung nganggo konstanta fisik. Dudu nganggo barang fisik, kaya ing jaman biyen.

Werna tata matra liyané ana tata ékan sentimeter-gram-detik, tata ékan meter-ton-detik, lan tata matra gravitasi. Saben tata matra iki minangka ékan matra sing ora padha gegayutan siji marang liyané. Lan sawatarané isih digunakaké ing surasa (konteks) sing winates.

  1. "The International System of Units (SI), 9th Edition" (PDF). Bureau International des Poids et Mesures. 2019. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2019-05-30.