Menyang kontèn

Tarzan (juru banyol)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tarzan Srimulat
LairToto Muryadi
24 April 1945 (umur 80)
Malang, Jawa Timur, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanPelawak, Artis
Taun aktif1967 - saiki

Tarzan utawi Tarsan (lair ing Malang, Jawa Timur, 24 April 1945; umur 80 taun) ingkang gadhah asma asli Toto Muryadi, inggih punika salah satunggalipun ledhek (pelawak) saking Indonesia ingkang misuwur minangka anggota grup lawak Srimulat.[1] Jeneng panggung Tarzan dipuntampi rikala piyambakipun suksès maragani tokoh Tarzan Srimulat ing suatu pertunjukan, yang seterusnya dipakai sampai sekarang.

Latar wingking

[besut | besut sumber]

Tarzan Srimulat lair ing Kepanjen, Kabupatèn Malang, Jawa Timur, tanggal 24 April 1945. Kados déné pelawak sanèsipun wonten ing Srimulat, Tarzan Srimulat miwiti kiprahipun wonten panggung tradhisional ludruk. Tarzan Srimulat mlebet wonten grup lawak Lokakarya taun 1967, sadèrèngipun ndhèrèk wonten Srimulat wonten ing wulan Mèi 1979.

Kanthi perawakan ingkang kagolong inggil 180 cm (5 ft 11 in), Tarzan Srimulat ing panggung Srimulat adanipun maragani minangka tiyang saking kalangan inggil kados ta majikan, punggawa; utawi wadya (jendral). Wonten adiacara Kethoprak Humor ingkang kasiaraken stasiun RCTI, piyambakipun maragani minangka ratu, ingkang tansah maringi wejangan-wejangan cinampuran kaliyan guyonan.

Kajawi wonten ing panggung Srimulat, Tarzan Srimulat naté kacathet maragani sakpérangan film biyoskup antawisipun Untung Ada Saya, Mencari Untung, Godain Kita sarta Kamulah Satu-Satunya. Tarzan Srimulat ugi naté kadhapuk maragani pariwara kanggé télévisi. Paraga film lan sinétron Tora Sudiro lan pelawak Tukul Arwana mratélakaken bilih Tarzan Srimulat punika dados idholanipun.[2][3]

Ing jawi kancah kesenian, Tarzan Srimulat ugi gadhah warung iwan a la belantara'. Bokmenawi jalaran namanipun Tarzan Srimulat mboten tebih kaliyan alas, menu ingkang kacawisaken temtu wonten sesambetanipun kaliyan alas.[4]

Pakaryan

[besut | besut sumber]
TaunSesirahMinangkaKatrangan
1982Untung Ada Saya
1983Gepeng Mencari UntungTarsan
1987Akibat Terlalu Bebas
1989Godain Kita DongPaman
1989Pertarungan di Goa Siluman
1990Ikut-ikutan
1991Barang Titipan
1992Tiga dalam Satu
1992Kanan Kiri OK IVJudhul sanès: Plin Plan
1993Mumpung Ada Kesempatan
20073 Hari untuk Selamanya
2007Kamulah Satu-satunya
2007Perempuan Punya CeritaBapak RenoSegmen Cerita Jakarta
2008Gara-gara BolaAyahnya Heru
2008Otomatis RomantisJoko
2008IndonesiakuFilm cekak
2008XL: Extra Large
2009Wakil RakyatWibowo
2010Istri Bo'onganPak Kusno
2011Tendangan dari LangitPak Susilo
2013Satu Hati Sejuta Cinta
2013Finding SrimulatTarzan
2013Make MoneyPak Yadi
2015Komedi Moderen GokilPak Goen
2016Jagoan InstanKomandan pulisi
2016Blusukan JakartaPak RT
2016Warkop DKI Reborn: Jangkrik Boss! Part 1Pak Selamet
2017PertaruhanPak Haji
2017The GuysPak Jeremy

Sinétron

[besut | besut sumber]

Pariwara

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. KorscekNews: Toto Muryadi Tarzan-Sulistina, Cinta Kilat, Nikah Superkilat Archived 2016-06-25 at the Wayback Machine., kapundhut 7 Mèi 2017
  2. Pikiran Rakyat: Tarzan Archived 2007-03-04 at the Wayback Machine., kapundhut 7 Mèi 2017
  3. Tabloid Apakabar: Belajar dari Sukses Tukul Archived 2021-02-05 at the Wayback Machine., kapundhut 7 Juni 2007
  4. Kapan lagi: Tarsan Buka Usaha Ikan Ala Belantara, kapundhut 12 November 2007

Pranala njawi

[besut | besut sumber]