Tarik Ergin
Tarik Ergin (lair 7 Juni 1961) iku aktor Turki-Amérika Sarékat.
Ergin lair ing Hingham, Massachusetts minangka wong turunan Turki.[1] Dhèwèké maragakaké Lètnan Junior Ayala ing Star Trek: Voyager, uga minangka "Robot Setan" saka program holodeck Kapten Proton lan Letnan Coris Sprint ing game komputer Star Trek: Borg. Dhèwèké mung diwènèhi krédhit paraga minangka Ayala ing rong épisodhe, yaiku "Fury" (minangka "Security Guard") lan "Renaissance Man" (minangka "Tactical N.D." [Non-Dialogue / non-dialog], sanadyan dhèwèké katon nyambut gawé lan ngomong).
Sadurungé main ing Star Trek, dhèwèké tau maragakaké sawatara paraga cilik ing sérial Red Shoe Diaries lan film Improper Conduct ing taun 1994.
Tarik Ergin iku seneng main ulahraga lacrosse salawasé uripé, lan tau main kanthi profésional lan jadi juru latih Lacrosse Club ing taun 2010 ing Hollywood, Los Angeles, Amérika Sarékat. Saliyané iku, dhèwèké uga dadi juru latih pesirah tim Oak Park Lacrosse Varsity ing Oak Park High School ing Ventura County wiwit taun 2011.[2] Dhèwèké uga nyambut gawé minangka dhirèktur juru latih ing LA Mavericks wiwit taun 2017.[3]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ Obituary of Dr. Michael Ergin published in Hartford Courant. Last accessed 2010-03-13.
- ↑ Matthew Neville (30 March 2017). "Life of lacrosse coach combines Star Trek, sport". Oak Park High School Talon. Dibukak ing 19 November 2023.
- ↑ Nick Lee (27 January 2023). "Whatever Happened to Tarik Ergin, Lieutenant Ayala on Star Trek: Voyager?". Ned Hardy. Dibukak ing 19 November 2023.