Tari Piring

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Penari tari piring yang tengah memijak piring pecah

Tari Piring utawa kang asring diarani Tari Piriang ing Basa Minangkabau iku salah siji kasenian beksa/ jejogedan saka Minangkabau kang luwih pase saka kutha Solok, provinsi Sumatra Kulon. Beksan iki dilakokake kanthi piranti piring. Piring-piring mau nalika digunakaké ora dientuke ciblok saka tangane pambekasn.[1].

Sajarah[besut | besut sumber]

Kawiwitan, nalika jaman biyèn beksan iki awujud upacara minangka rasa sukure warga marang déwa-déwa amarga panene kasil kanthi akèh. Upacara iki migunakaké sajen awujud panganan kang diwadhahi piring.[2].

Sawisé agama Islam mlebu ing Minangkabau, beksan piring wis ora digunakaké minangka upacara rasa sukur marang déwa.[3]. Saiki beksan mau dadi beksan kang lumrah dilakokake déning warga lan dadi panglipur nalika ana acara.

Tata Cara Mbeksan[besut | besut sumber]

sekelompok penari piring

Beksan piring iku beksan kang kabentuk saka beksan, lelagon lan pencak silat saka Minangkabau utawa kang diarani silek. Beksan piring migunakaké piring loro kang dideleh ana ing epek-epek (tangan) banjur digoyang-goyang kang saya suwé saya rikat obahe. Sawisé jejogedan, banjur piring-piring kang digunakaké joged dibanting ing latar, banjur para pambeksan padha mbeksa ing sadhuwure pecahan piring.[4]

Beksan iki dilakokake kanthi cara golongan utawa kanthi pasang-pasangan. Beksan iki diiringi piranti musik Talempong lan Saluang. Cacahe wong kang mbeksa cacahé ganjil, kaya ta telu, lima, utawa pitu. Wiwitane iringan lagu beksa iki keprungu kanthi alon lan lembut, saya suwé iringane keprungu saya rikat. Busana kang digunakaké déning para pambeksa iku wernane kudu padhang, kaya ta warna abang, lan kuning semu emas.

Rujukan[besut | besut sumber]