Tari Pakarena

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jogèd Pakarena ing Sulawesi Kidul

Jogèd Pakarena inggih punika jogèd tradhisional saking tlatah Sulawesi Kidul ingkang dipuniringi déning 2 (kalih) kepala drum (gandrang) lan satunggal pasang instrument pirantos kados suling (puik-puik)[1]. Kajawi jogèd pakarena ingkang dipunmainaken déning maestro jogèd pakarena Maccoppong Daeng Rannu (alm) ing kabupatèn Gowa, ugi wonten jinis jogèd pakarena sanès ingkang asalipun saking Kabupatèn KapuloanSelayar inggih punika “Jogèd Pakarena Gantarang”. Dipunsebut minangka Jogèd Pakarena Gantarang amargi jogèd punika asalipun saking sawijining perkampungan ingkang minangka pusat kraton ing Pulo Selayar nalika jaman rumiyin inggih punika Gantarang Lalang Bata. Jogèd ingkang dipunmainaken déning sekawan tiyang penari wanita punika dipuntingalaken ingkang angka pisan nalika abad 17, inggih taun 1603 nalika Pangali Patta Raja dipunnobataken dados Raja ing Gantarang Lalang Bata[2].

Jogèd Pakarena ing KapuloanSelayar

Boten wonten data ingkang nyebataken wiwit kapan jogèd punika wontenlan sinten ingkang nyiptakaken Jogèd Pakarena Gantarang punika, nanging masarakat pitados bilih Jogèd Pakarena Gantarang gegayutan kaliyan medalipun Tumanurung. Tumanurung minangka widadari ingkang mandhap saking langit saperlu maringi pitedah tumrap manungsa ing bumi. Pitedah ingkang dipunparingi mau wujud simbol-simbol obahan lajeng dipunkenal minangka Jogèd Pakarena Gantarang. Bab punika meh sami kaliyan punapa ingkang dipuntuturaken déning salah sawijining juru main Jogèd Pakarena Makassar Munasih Nadjamuddin. Wanita ingkang asring dipunceluk Mama Muna punika mratelakaken bilih Jogèd Pakarena awalipun saking cariyos perpisahan penghuni botting langi (Negeri Kayangan) kaliyan penghuni lino (bumi) jaman rumiyin. Saderengipun pisahan, botting langi ngajaraken dhumateng penghuni lino babagan tata cara gesang, cocog tanam dumugi cara mbeburu liwat obahan-obahan tangan, badan lan samparan. Gerakan punika ingkang lajeng dados jogèd ritual nalika penduduk ing bumi nyampekaken raos syukur dhumateng penghuni langit.

Boten gumun manawi obahan saking jogèd punika artistik sanget lan sarat makna, alus ugi langkung angèl dipunbedakaken satunggal kaliyan sanèsipun. Jogèd punika kapérang dados 12 pérangan. Saben obahan gadhah makna mirunggan. Posisi lenggah, dados pratandha wiwit lan akir Jogèd Pakarena. Gerakan muter ndhèrèk arah jarum jam, nedahaken siklus pagesanganing manungsa. Déné obahan minggah mandhap, kados déné kaca wiramaning pagesangan. Aturan mainipun, sawijining penari Pakarena boten pikantuk mbikak mripatipun langkung amba. Mekaten ugi kaliyan obahan sampara, boten pikantuk dipunangkat langkung inggil. Bab punika berlaku sadangunipun jogèd berlangsung ingkang mrelukaken wekdal antawis kalih jam. Jogèd Pakarena Gantarang dipuniringi piranti musik wujud gendhang, kannong-kannong, gong, kancing lan pui-pui. Déné ageman penarinipun inggih punika ageman pahang (tenunan tangan), lipa’ sa’be (sarung sutra khas Sulawesi Selatan), lan perhiasan-perhiasan khas Kabupatèn Selayar. Taun 2007, Jogèd Pakarena Gantarang mewakili Sulawesi Selatan lan Indonesia ing acara Kreteg Budaya 2007 IndonesiaMalaysia ing Kuala Lumpur Convention Centre (KLCC).

referensi[besut | besut sumber]

  1. "Jogèd Pakarena ya iku jogèd tradhisional..". http://budaya-indonesia.org. 23-03-2009. Dijupuk 2012-12-22.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung); Pranala njaba ing |publisher= (pitulung)
  2. "Disebut sebagai Jogèd Pakarena Gantarang karena..". http://www.makassarterkini.com. Dijupuk 2012-12-22.  Pranala njaba ing |publisher= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]