Tari Legong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Legong Kraton

Tari Legong ya iku salah sijining kesenian Bali awujud beksan utawa tarian putri kang dibeksakake déning kenya loro utawa telu.[1][2] Salah siji saka kenya iku ana kang maragakake condong, ya iku paraga kang wiwitan metu saprelu miwiti tari Legong.[1] Tari iki wiwitane tukul ing désa Peliatan,Ubud, Gianyar kanggo nyuguhi raja lan kulawargane.[2] Tembung legong dumadi saka tembung leg lan gong.[1][3] Leg tegese luwes utawa elastis, banjur ditegesi minangka obahing awak kang luwes. Dene tembung gong tegese gamelan. Yen digabung dadi legong kang tegese obahing awak kang pinathok (mligine aksentuasine) déning gamelan kang ngiringi. Gamelan kang ngiringi tari legong ya iku gamelan Pelegongan lan ana uga kang diiringi nganggo gamelan Semar Pegulingan.[1][3] Lakon kang padatan dianggo ing Legong sumbere saka carita Malat mligine carita Prabu Lasem, carita Kuntir lan Jobog (carita Bali Sugriwa), Legod Bawa (carita Brahma Wisnu nalika nggolek pucuk lan bongkote Linggane Siwa), Kuntul ( carita peksi ), Sudarsana ( sajinising Calon Arang ), Palayon, Candra Kanta lan sapanunggalane.[1][3] Struktur tarine padatan kasusun saka Papeseon, Pangawak, Pangecet lan Pakaad. Penari Legong uga tansah nggawa kipas.

Cathetan suku[sunting | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tari_Legong&oldid=988932"