Tari Kandagan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jogèd Kandagan, Sunda

Jogèd Kandagan inggih punika jogèd putri ingkang karakteripun gagah, jogèd punika wujud jogèd perkembangan saking jogèd Renggarini ing taun 1960 déning tokoh pembaharu jogèd Sunda, Radén Tjetje Somantri.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika ing taun 1957 Tjetje Somantri nyiptakaken sawijining jogèd Topeng Wadon, namung nama Wadon boten jumbuh kaliyan wujud jogèdnipun, salajengipun namanipun dipun éwahi kanthi nama renggarini.[1] Rengga tegesipun adu nanging ing konteks kabecikan, déné tembung Rini tegesipun wanita, dados tembung Renggarini saged dipuntegesi minangka wanita ingkang kalakuanipun kados tiyang kakung utawi wanita ingkang langkung aktif.[2] Bedanipun saking kekalih jogèd punika inggih wonten ing tata agemanipun lan panganggé soder utawi sampur dawa. Hiasan mustaka jogèd Renggarini wujud perkembangan desain iket, déné ing jogèd Kandagan migunakaken siger kanthi rekma mbentuk gambuh alit ing nginggilipun. Panganggé ageman jogèd Renggarini inggih punika kebaya kutung abrit tuwa, kanthi sisih pinggiripun awerni ijem, déné jogèd Kandagan migunakaken ageman tutup kutung, kerahipun cekak awerni pethak. Bedanipun wonten ing tata rias, inggih punika boten dipunrias godeg geulis ing jogèd Renggarini sebab boten nganggé sumping, rekma dipungulung meng nginggil, lajeng dipunumpetanken ing salebeting iket. Ing jogèd Kandagan rekma migunakaken sanggul jangkepi tata rias Kandagan.[1] Kandagan tegesipun wadhah, papan kanggé nyimpen perhiasan lan barang-barang ingkang berharga sanèsipun. Amargi punika, nama jogèd Kandagan ugi saged dipunmaksudaken minangka papan papan kumpulan gerak-gerak jogèd. Wonten ing gladhenipun, jogèd Kandagan kalebet jogèd putri ingkang gagah, jogèd punika mrelukaken keterampilan bakat lan gladhen ingkang dangu lan tumenen saperlu saged nguwaosi jogèd punika. Saperlu mbentuk koreografi jogèd Kandagan kanggé pemula limrahipun dipunwiwiti kanthi olah badan saperlu persiapan menari.[1] Wonten ing pertunjukkan, jogèd Kandagan dipunpertunjukaken tunggal, nanging ugi saged dipuntarikaken kanthi sesarengan, temtu kemawon kanthi karakter penari ingkang sami inggih punika karakter gagah putri. Jogèd Kandagan gadhah kasugihan babagan gerak ingkang manéka jinis ingkang dipunbanguin déning gerak pokok lan gerak peralihan. Kajawi punika, saperlu sinau menari jogèd Kandagan dipunbetahaken sikap lan gerak minangka pola ingkang nyengkuyung ing pertunjukkan. KAdosta sikap mustaka, badan, samparan, lan asta. Mekaten ugi gerak mustaka, badan, samparan, lan asta. Sami kados karakter tarinipun ingkang gagah, anggènipun nerapaken sikap lan gerak gadhah bedanipun kaliyan jogèd Dewi lan Sulintang.[3]

Cathetah Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Rusliana, Iyus.2009.Kompilasi Istilah Jogèd Sunda.Bandung: Jurusan Jogèd, STSI Bandung.
  2. ^ Danadibrata, R.A. 2006. Kamus Basa Sunda. Kiblat Buku Utama: Bandung.
  3. ^ [1](dipunundhuh tanggal 21 Dhésèmber 2012)