Tari Bambangan Cakil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Bambangan Cakil

Jogèd Bambangan Cakil ya iku jogèd klasik ing Jawa mligi ing Jawa Tengah.[1] Sakbeneré jogèd iki kajupuk saka salah sawijining adegan ing pakeliran wayang ya iku adegan Perang Kembang.[1] Jogèd iki nyritakaké perang antarané kang becik klawan kang ala, ing kéné digambaraké antarané Ksatriya klawan Buta Cakil.[1] Ksatriya iku minangka tokoh kang apik kang sipaté lemah lembut, Buta Cakil nggambaraké tokoh kang kasar.[1] Ing pakeliran wayang Kulit, adegan perang kembang iki racaké metu ana ing tengah-tengah utawa ing wayah Pathet Sanga.[1] Amarga ing pathet sanga para miyarsa racaké wis wiwit bosen karo adegan-adegan caturan, mula Dhalang tanggap banjur ngisi adegan perang kembang iki.[1] Perang antarané Ksatriya (Bambangan) klawan Cakil iki pancèn atraktif, ing kono uga bisa dadi papan pambiji kanggo dhalang ing bab njogètké wayang.[1]

Makna Falsafi[besut | besut sumber]

Makna kang ana ing sajeroning perang kembang antarané Ksatriya kang sipaté tenang (alus) klawan buta kang kasar utawa ''dinamis''.[1] Ing kéné dak jabaraké miturut Budaya Jawa ing jaman biyèn bab kang kasar utawa dinamis iku mesthi bakal sirna klawan bab kang tenang utawa alus.[1]

Ksatriya ing pakeliran jawa wis mesthi dianggep tokoh kang apik, seneng mbéla ing bebener, seneng paring pitulung marang liyan, lan liya-liyané.[2] Ing Budaya Jawa, pangkat ksatriya iku ora amarga keturunan.[2] Contoné ing carita wayang Mahabarata, ing kono Kurawa ora bisa karan ksatriya sanajan Kurawa iku duwèni leluhur kang padha karo Pandhawa ya iku para Raja, Brahmana, lan Déwa.[2]

Tokoh Bambangan[besut | besut sumber]

Tokoh Bambangan iku ora nunjuk salah sawijining tokoh tertamtu kaya ta Bambang Irawan, Bambang Priyambada, Bambang Wijanarka, Bambang Wisanggeni, Bambang Swatama, Bambang Senggotho, lan liya-liyané.[2] Ing pakeliran Wayang Kulit lan Wayang wong tokoh bambangan racaké luruh artiné rainé nunduk (ora ndengak) prawakan cilik (mbambang).[2] Bambangan iku minangka simbolisasi saka tokoh ksatria kang pasuryané gantheng kang sarwa alus ing sabarang solahé, kaya ta: solah bawa, wicara, pocapan, lan budi pekertiné.[2]

Tokoh-tokoh ksatriya kang kagolong bambangan ya iku antarané:

  1. Sumantri,
  2. Rama,
  3. Laksmana,
  4. Palasara,
  5. Pandu,
  6. Arjuna,
  7. Abimanyu,
  8. Irawan, lan
  9. Priyambada.[2]

Tokoh-tokoh wayang gagah kaya déné:

  1. Gandamana,
  2. Salya,
  3. Bima,
  4. Gathutkaca,
  5. Antareja,
  6. Kakrasana,

iku ora bisa karan bambangan, sanajan kagolong ksatriya.[2]

Gandhèng cènèngé karo perang kembang utawa Bambangan-Cakil, tokoh-tokoh gantheng kang prawakan cilik lan rainé ndengak (tradisi wayang nyebutké "longok" utawa "lanyapan") ora bisa karan bambangan kaya ta:

  1. Karna,
  2. Nangkula,
  3. Sadewa,
  4. Truthajumena,
  5. Narasoma,
  6. Narayana,
  7. Wisanggeni, lan
  8. Samba.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i Murtiyoso, 2009, Perang Kembang dan Bambangan-Cakil "Tontonan Bermakna Ganda", ISI Press, Surakarta
  2. a b c d e f g h i Murtiyoso, 2004, Pertumbuhan dan Perkembangan Seni Pertunjukan Wayang, ISI Press, Surakarta

Pranala njaba[besut | besut sumber]