Nur Iman Mlangi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kyai Nur Iman inggih punika ulama kang dados pepundhèn Dhusun Mlangi, Ngayogyakarta. Panjenenganipun putra RM. Surya Putra, putra pambajeng saking Kanjeng Susuhunan Pakubuwana I kang samangké jumeneng kanthi asma Amangkurat IV.

Kyai Nur Iman putra paling sepuh saking RM. Surya Putra (Amangkurat IV) patutan kaliyan RA. Retna Susilawati (putrinipun Adipati Wiranegara / Untung Surapati). Nalika timuripun, RM. Surya Putra lolos keprabon lan nyatri ing Gedhangan, Surabaya. Sawijining wekdal, Adipati Wiranegara mangertosi menawi salah setunggal santri ing Gedhangan punika putra priyayi saking Kartasura, banjur ditimbali lan dihaupaken kaliyan putrinipun.

Mboten watawis dangu, RM. Surya Putra ditimbali kondur dhateng kraton lan nilaraken garwa kang nembé nggarbini ing Gedhangan. Panjenenganipun weling supados bilih mangké jabang bayi punika mijil kakungdipun namani RM. Sandeya. Lan èstu leres, putranipun mijil kakung. Déning Kyai Abdullah Muhsin Gedhangan, bayi punika ugi paringi nama Nur Iman.

Sasampunipun RM. Surya Putra jumeneng Amangkurat IV, panjenenganipun kèmutan menawi kagungan putra ing Surabaya lan mbokbilih dipun paringi sugeng sampun ngancik diwasa. Mula panjenenganipun lajeng utusan saperlu mbeta kondur dhateng Kartasura lan banjur kaparingan kalenggahan ing kaprajan. Nanging amargi saking alitipun gesang ing pesatnrèn, RM. Sandeya mboten karem dhateng ulah kaprajan lan lajeng lolos kedhaton saperlu babat alas yasa pesantrèn ing dhusun kang banjur kawastanan Mlangi, ing laladan sakpunika kalebet ing désa Nagatirta, Gamping, Sléman. RM. Sandeya lajeng katelah kanthi asma Kyai Nur Iman Mlangi. Ing taun 1776 M, Sulan Hamengkubuwana I paring kanugrahan Dhusun Mlangi kadadosaken siti perdikan.

Senajan kalebet sentana dalem, Kyai Nur Iman tetep mantep nglampahi gesang dados ulama nanging ugi taksih mboten medhot sesambetanipun kaliyan sedhèrèkipun kang wonten ing kaprajan. Dhateng Sultan Hamengkubuwana II (pernah prunanipun), Kyai Nur Iman ngaturi pamanggih supados yasa sekawan mesjid ageng kagem njangkepi mesjid gedhé ing Kauman, sisihipun kraton. Sekawan mesjid wau dipun damel ing arah sekawan pancer saking kraton lan kawastanan Mesjid Pathok Negari, inggih punika :

  1. Ing pernah kilèn, mesjidipun Kyai Nur Iman ing Mlangi kadamel mesjid agung Mlangi lan kacepeng piyambak.
  2. Ing pernah wétan ing dhusun Babadan dipunasta dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Ageng Karang Besari ;
  3. Ing pernah lèr ing dhusun Plasa Kuning dipunasta dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Mursada ;
  4. Ing pernah kidul ing dhusun Dhongkelan dipunasta dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Hasan Besari.

Nalikanipun Perang Dipanegara, para putra Kyai Nur Iman ugi mlebet ing pabarisan. Putranipun nami Kyai Salim gugur ing Ndimaya. Déné Kyai Hasan Besari ndhèrèk kakendhangaken dhateng Manadho kaliyan Pangéran Dipanegara.

Para putra sanèsipun antawisipun Kyai Taptajani (gurunipun Pangéran Dipanegara lan Adipati Cakranegara I) lan Kyai Guru Luning. Kyai Nur Iman kasarékaken ing sacelakipun Masjid Pathok Negari Mlangi.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Masjid Pathok Negoro yang Pertama Dibangun di Mlangi - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dijupuk 2018-04-23.