Menyang kontèn

Swara manungsa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Spektogram (grafik frékuwénsi) swara manungsa.


Swara manungsa yaiku uni kang dikasilaké dening manungsa migunakaké pita swara kanggo ngomong, nembang, ngguyu, nangis, njerit, teriak, lan sapanunggalané. Pita swara iku sumber swara utama manungsa. Mékanisme kanggo ngasilké swara manungsa oleh diperang dadi telung perangan, yaiku: paru-paru, pita swara ing laring, lan artikulator. Paru-paru (ibaraté pompa) kudu ngasilké pilian udara lan tekanan udara kang cukup kanggo nggetarké pita swara. Pita swara yaiku katup getar kang nugel pilian udara saka paru-paru dadi pulsa swara kang mbentuk sumber swara laring. Otot laring njumbuhaké dawa pita swara kanggo nyampurnakake tuning lan nada. Artikulator (perangan saka saluran swara ing dhuwur laring kang kabangun saka ilat, pipi, lambé, lan liya-liya) nggubah lan nyaring swara kang asalé saka laring kanggo nguwataké utawa ngeringkihké dadi sumber swara.

Rujukan

[besut | besut sumber]