Menyang kontèn

Suroboyo Bus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Suroboyo Bus
Sawijiné bus koridor R5/R6 Suroboyo Bus
Founded7 April 2018
HeadquartersGedung PNR Mayjen Sungkono,
Jalan Mayjen Sungkono Nomor 122, Kelurahan Gunungsari, Kecamatan Dukuh Pakis, Kota Surabaya, Provinsi Jawa Timur, Kodepos 60224
Service areaSurabaya
Service typeBus perkotaan modern
Routes4 rute
OperatorUPT Pengelolaan Transportasi Umum Surabaya
Peta jaringan

Suroboyo Bus yaiku leladi angkudan pakuthan modhèren duwèké Pemerintah Kota Surabaya sing wiwit lumaku kawit taun 2018, lan dikemunah dening Dinas Perhubungan Kota Surabaya lumantar UPTD Pengelolaan Transportasi Umum.

Suroboyo Bus ndarbé 4 rute leladi, rute kapisan ana Rute 1 jurusan Terminal Purabaya–Plabuhan Tanjung Pérak sing dibukak ing tanggal 7 April 2018.[1] Kanthi tarif Rp5.000,00 leladi iki lumaku kawit gebug 05.30 nganti 21.00.[2][3]

Suroboyo Bus dirantam minangka tata tetumpakan umum sing kepenak lan nyengkuyung kapreluan warga kutha Surabaya. Nanging, sanadyan karan BRT, Suroboyo Bus ora kalebu bis raya tumunggal (BRT), amarga didurung cocog karo wetara bebakon kang dipatrap dening Institute for Transportation and Development Policy (ITDP).[4] Suroboyo Bus uga ndarbè leladi pangumpan yaiku Wirawiri Suroboyo.

Suroboyo bus beda karo angkudan pakuthan liya. Amarga panumpang uga bisa mbayar karcis kanthi cara ngijolaké uwuh botol plastik.[5]

  1. ↑ Kusuma, Brawijaya B (2020). "Suroboyo Bus Sebagai Angkutan Umum Di Surabaya Berdasarkan Undang-Undang No. 22 Tahun 2009 Tentang Lalu Lintas Dan Angkutan Jalan". Research Gate. Dibukak ing 2021-06-13.
  2. ↑ Dishub Surabaya (2019). "Peraturan Wali kota Nomor 07 Tahun 2019 Tentang Pembentukan dan Susunan Organisasi Unit Pelaksana Teknis Dinas Pengelolaan Transportasi Umum Pada Dinas Perhubungan Kota Surabaya". JDIH Surabaya. Diarsip saka sing asli ing 2023-06-14. Dibukak ing 2021-06-13.
  3. ↑ Putri, Firda Aprilian (2020). "Evaluasi Pelaksanaan Suroboyo Bus di Dinas Perhubungan Kota Surabaya". Jurnal Mahasiswa Unesa. Diarsip saka sing asli ing 2021-06-13. Dibukak ing 2021-06-13. {{cite web}}: Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  4. ↑ Tim ITDP (2021). "Bus Rapid Transit". ITDP Indonesia. Dibukak ing 2021-06-14.
  5. ↑ Taselan, Faishol (2018-04-09). "Naik Suroboyo Bus Berbayar Sampah Plastik". Media Indonesia (ing basa Indonesia). Surabaya: Media Group. Dibukak ing 2020-04-18.