Sujarah Maritim Nuswantara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tatahan Prahu ing Candhi Barabudhur Nuduhaké yèn Nuswantara duwé Sujarah Maritim kang Dawa

Sujarah Maritim Nuswantara iku sawijining riwayat kang ngrembug bab mula bukané leluhur Indonésia kang kondhang minangka palaut tuméka kahanan maritim Indonésia saiki. Sujarah Maritim Nuswantara ora bisa uwal saka kupiya lelayaran bangsa Indonésia kang wis lumaku wiwit jaman leluhur, lumaku bebarengan kalawan sujarah bangsa Indonésia. Wewengkon kepulowan Nuswantara kang mapan anèng titik prapatan marga lalu lintas laut donya, sacara ora langsung dadi panggayut antarané donya Wétan lan Kulon. Manéka asil bumi Indonésia minangka barang kang dibutuhaké déning pasar donya. Bab kasebut jalari jumedhulé kridha dedagangan lan lelayaran kang cukup regeng saka Indonésia lan menyang Indonésia.

Nagara Maritim Indonésia[besut | besut sumber]

Wis dimangertèni manawa Indonésia yaiku nagara kapulowan utawa archipelagic state. Tembung archipelago asring ditegesi minangka "kapulowan" yaiku arupa klumpukan pulo-pulo kang dipegat déning banyu segara. Satemené ana béda pangertèn kang pokok antara kapulowan lan archipelago. Kapulowan ditegesi minangka klumpukan pulo, déné tembung "archipelago" mula bukané saka basa Latin yaiku "archipelagus" kang madeg saka rong tembung "archi" kang tegesé utama lan "pelagus" kang tegesé segara, satemah duwèni teges "segara utama". Tembung kasebut tumuju marang Laut Tengah ing jaman Romawi. Cekaké teges kang satemené saka tembung archipelago dudu "klumpukan pulo", nanging segara kang ana pulo-puloné.[1] Konsèp archipelagic state (miturut lapisan) kang dirembakakaké ing Indonésia tumuju marang makna nagara kapulowan kudu diganti nganggo konsèp nagara bahari, yaiku nagara laut kang duwèni sakèh pulo.[2]

Minangka nagara bahari, Indonésia ora mung duwé siji "laut utama" utawa jantungé laut, paling ora ana telung laut utama kang blegeraké Indonésia minangka lakucara (sistem) laut yaiku Laut Jawa, Laut Florès, lan Laut Bandha.[3] Ana limang laladan komèrsil ing Asia Kidul Wétan ing abad 14 lan wiwitan abad 15. Kapisan, laladan Lémpong Banggala kang ngukupi Indhia Kidul, Sailan, Birma, lan Gisik Lor Sumatera. Kaloro, laladan Malaka. Katelu, laladan Laut Cina Kidul kang ngukupi Gisik Wétan Jasirah Malésia, Tailan, lan Viétnam Kidul. Kapapat, laladan Sulu kang ngukupi wewengkon Gisik Kulon Luzon, Mindoro, Cebu, Mindhanao, lan Gisik Lor Kalimantan. Kalima, laladan Laut Jawa, wewengkon Laut Jawa iki kaeluk jalaran dedagangan empon-empon, kayu gaharu, beras, lan liya-liyané antara Kulon kalawan Wétan kang ngatutaké Kalimantan Kidul, Jawa, Sulawesi, Sumatera, lan Nusatenggara.[4] Kanthi mangkono laladan Laut Jawa kagayut déning jejaring lelayaran lan dedagangan sadurungé katekan Bangsa Kulon. Laut Jawa ora mung dadi laut utama kanggo Indonésia, nanging uga minangka laut inti kanggo Asia Kidul Wétan.[5] Peran laladan Laut Jawa lan jejaring Laut Jawa isih bisa dideleng tumeka wanciné saiki.[6]

Mangka ing babagan iki bangsa Indonésia ora dadi obyèk lelakon dedagangan kasebut, nanging wis mampu dadi subyèk kang bisa nemtokaké. Samubarang kang ora bisa sinebut peneran yèn saka manéka wewengkon ing Nuswantara bisa nyukupi manéka barang dagangan kang mirunggan supaya bisa jupuk pérangan sajroning lelakon lelayaran lan dedagangan. Malah ing jaman Keraton Sriwijaya lan Keraton Majapahit supitan Malaka minangka kori lelayaran lan dedagangan bisa dipandhégani déning bangsa Indonésia.[7]

Ing jaman keraton-keraton Islam, jalur dedagangan antar pulo ing Indonésia (antara Sumatera-Jawa, Jawa-Kalimantan, Jawa-Maluku, Jawa-Sulawesi, Sulawesi-Maluku, Sulaswesi-Nusa Tenggara, lan sapanunggalané) dumadi pérangan kang bakuh sajronig dedagangan internasional. Malah Indonésia naté dadi paran utama dedagangan internasional, dudu nagara Cina. Kahanan kasebut luwih ngrembaka nalika wong-wong Éropah wiwit teka menyang Indonésia kanggo golèk empon-empon. Indonésia mampu dadi papan kang wigati kanggo para bakul saka saindhenging donya. Minangka akibaté, jalur dedagangan tumuju Indonésia ngalami owah-owahan. Bangsa Spanyol uga ngupiya supaya bisa tekan Indonésia kanthi nyebrangi Samudra Atlantik lan Pasifik.[8]

Saka sakèhé jalur lelayaran lan dedagangan ing segara Nuswantara, jalur lelayaran lan dedagangan kang ngliwati Laut Jawa kalebu kang paling regeng, lumrah jalaran Laut Jawa mapan ing tengah-tengah kapulowan Indonésia. Laut Jawa mung duwé ombak kang cilik tinimbang laut liya kang ana ing Indonésia, kayata Laut Cina Kidul, Samudra Hindhia, Samudra Pasifik, Laut Arafuru, Laut Bandha, lan liya-liyané. Kanthi mangkono Laut Jawa cocog kanggo lelayaran lan dedagangan. Laut Jawa uga duwèni kalungguhan kang wigati sajroning jalur-jalur dedagangan donyakang regeng antara Malaka-Jawa-Maluku, Laut Jawa gunané kanggo kreteg panggandhèng punjering dedagangan sadawané gisik yang rembaka jalaran lelayaran lan dedagangan ngliwati Laut Jawa. Kutha dagang kang ngrembaka kayata Banten, Batavia, Cirebon, Semarang, Demak, Rembang, Tuban, Pasuruan, Gresik, Surabaya, Probolinggo, Panarukan, Pamekasan, Buleleng, Lampung, Palembang, Banjarmasin, Pontianak, Sampit, Sambas, Makassar, Sumba, Kupang, Larantuka, lan sapanunggalané.

Lelayaran lan dedagangan Laut Jawa uga ngukup ing kutha-kutha liyané kayata Belawan Déli, Tanjung Pinang (Riau), Malaka, Singapur, Ternaté, Ambon, lan wewengkon Indonésia Wétan liyané. Cekaké anèng sujarah Indonésia, lelayaran lan dedagangan Laut Jawa ngukup lelayaran lan dedagangan ing Nuswantara, tegesé yaiku peran kang disandhang déning Laut Jawa ora bisa dianggep sepélé.[9] Tegesé Laut Jawa duwé peran minangka kreteg lan panggayut jejaring lelayaran lan dedagangan ing Nuswantara, ranggèhané ngukupi pulo Jawa, Sumatera, Kalimantan, Sulawesi, kapulowan Nusa Tenggara, malah kapulowan Maluku, Papua lan pulo-pulo cilik liyané.

Sujarah Maritim lan Pariwicara Budaya[besut | besut sumber]

Indonésia naté katerak pirang-pirang pancakara, salah sawijiné kang ngancem kasawijèn bangsa yaiku anané kridha kanggo misahaké saka NKRI, kayata ing Acèh, Maluku, lan Papua. Apa baé kang nyebabaké, ora mareming ngenani gayutan kalawan punjer papréntahan lan dhaérah banget dadi bab kang wigati. Pepanthan kang cara mangkono ora becik kanggo riwayaté nagara Indonésia. Minangka sebab kang nalar gayutan antara punjer lan dhaérah kuduné adhedhasar saka kasarujukan tinamtu sajroning kasawijèn nasional.[10] Kasawijèn bebrayan, pulitik, artatawidya, lan budaya kudu dadi landhesan gayutan antara wewengkon, bisa arupa kekancan lan tembayatan utawa arupa konflik lan cara ngrampungakéné.

Kahanan wewengkon uga bisa dadèkaké kupiya ngrampungaké pancakara lumantar sujarah maritim bisa lumaku rancag. Laut ngandhut owah-owahan kang bisa nyipta kasawijèn, gayutan antar manungsa lan antar bangsa lumantar angkudan, dedagangan, lan patemon budaya.[11]

Laut ora mung minangka pamisah, nanging malah nyawijikaké pulo-pulo. Indonésia yaiku siji kasawijèn pulitik kang ngiket ewonan pulo lan atusan suku bangsa nuduhaké anané ngrembakané sujarah owah-owahan bab sambungan antar pulo, antar suku bangsa, lan antar bangsa. Ing tatanan iki laut kanthi kabèh angkudané mampu dadi sarana sesambungan utama. Lumantar sesambungan laut para panguwasa pribumi saka manéka laladan ing Indonésia bisa nglakoni sesambungan kalawan wong jaba. Saka sesambungan mau kacipta kupiya barter, dedagangan, lan budaya kang sabanjuré ngasilaké kasusilan kang samsaya maju. Majuning budaya kasebut katon saka tuwuhé kutha gisik kanthi palabuhan minangka punjer owah-owahan dedagangan, lelayaran, lan pariundhagi kapraonan sarta punjering pulitik.

Angkudan Laut lan Pariwicara Pepanthan Sosial[besut | besut sumber]

Prahu kang Mawa katir (cadhik) Nembé Minggir ing Sulawesi Lor

Leluhur Indonésia yaiku bangsa Austronésia kang tekané menyang kapulowan Nuswantara kira-kira wiwit 2000 taun sadurungé Masèhi. Mangsa tekané kalebu ing jaman néolitikum kang duwèni loro sub-kabudayan lan loro jalur panyebaran. Miturut asil panalitèn jembaré basa Austronésia (saka Madhagaskar ing kulon pulo Paska ing wétan, lan Formosa ing lor teka Selandhia Anyar ing kidul), satemah bisa didudut, wewengkon Indonésia yaiku étapé kaloro saka pindhahan bangsa Austronésia sabanjuré. Mligi ing Indonésia, jalaran bangsa Austronésia kasebut yaiku leluhur bangsa Indonésia. Iki ateges yèn kabudayan kang digawa menyang Indonèsia bisa dikandhakné minangka kabudayan Indonésia kuna (prasujarah), kang satemené dadi bongkot ngrembakané kabudayan Indonésia tumeka saiki. Luwih manèh yèn sebaran leluhur bangsa Indonésia bisa nyandhak pulo-pulo kang jaraké adoh banget saka asal bangsa kasebut, lan uga pinisah déning samudra kang jembar, bisa dipesthèkné para leluhur duwé piranti kang digunakakké kanggo nyebrangi laut, yaiku prahu. Leluhur bangsa Indonésia yaiku bangsa palaut kang mesthi waé duwé budaya maritim minangka asil undhagi. Kayata: para leluhur duwé kawruh kang mumpuni bab laut, barat, mangsa, malah élmu falak (palintangan) minangka kawruh kanggo nuduhaké paran.[12]

Salah sawijining barang prasujarah kang dianggo ing kagiyatan lelayaran antar pulo, malah uga dedagagan yaiku nekara prunggu. Anané jinis nekara modhèl lokal lan kang ana ing palemahan Asia Kidul Wétan digawa déning suku-suku kang neneka mlebu menyang manéka pulo ing Indonésia.[13] Cihna ngenani nekara yaiku ditemokakéné cithakan kang digunakaké kanggo ngecor prunggu, kalebu cithakan nekara, minangka laladan prodhusèn utawa konsumèn, mangkono uga kanggo minangka pérangan jejaring lelayaran dedagangan lan lelayaran Asia Kidul Wetan, ing Indonésia ing jaman semana mesthi waé wis ngrembaka pepantha bebrayan kanthi pranata sosialé kang guna kanggo piranti ngatur sesrawungan sajroning bebrayan.[14]

Salah sawijining panjurung anane sesambungan lelayaran lan dedagangan kanthi migunakaké prahu layar lan katir yaiku barat mangsa kang ing Indonésia diarani mangsa barat kulon lan mangsa barat wétan. Kanthi mangkono lelayaran nyebrangi Samudra Hindhia menyang wétan lan kulon, neguhaké anané sesambungan dagang kang luwih dhisik antara pirang-pirang pulo ing Indonésia kalawan Indhia tinimbang kalawan Cina.[15] Kanggo jinis prahu kang kapeneran ana ing jaban Indonésia, bisa disebabaké panyebaran pangaribawa utawa pancèn digawa déning para wong kang neneka bangsa Indonésia.[16]

Sujarah Lingkungan Alam Indonésia[besut | besut sumber]

Sacara pratalawimba, kapulowan Indonésia kang madeg saka rerangkèning pulo gedhé lan cilik, mapan ana antara 6° garis lintang lor lan 11° garis lintang kidul, lan sadawané saka kulon tumeka wétan antara 95°-140° garis mujur ngétan. Ing wewengkon ini amung ana mangsa rendheng (Oktober-April) lan mangsa ketiga utawa garing (April-Oktober), sauntara srengéngé liwat ing dhuwur wewengkon Indonésia sadawané taun. Ing wewengkon Indonésia wétan barat mangsa kang tumiyup saka buwana Ustrali ora nggawa barat udan, suwaliké ing wewengkon Indonésia kulon mligin;e ing pulo Kalimantan lan Sumatera ana wayah udan kang luwih kerep gegandhéngan papané kang luwih cerak saka garis katulistiwa. Hawa rata-rata ing palemahan cendhèk yaiku 26° lan ing pagunungan 20°.[17] Mangkono uga gegandhéngan mapané kang ana ing antara rong buwana yaiku Ustrali lan Asia, mula saliyané ana pangaribawa hawa saka rong buwana mau, uga ana bab pangaribawa sebaran sato kéwan, manungsa, lan kabudayan minangka akibat naté dumadi sijiné kapulowan Indonésia kalawan kaloro buwana kasebut ing jaman pléstosen.

Ing babagan hawa, wewengkon Indonésia kalebu ing laladan tropis lan ora nemahi pangaribawa langsung saja glètser kang ngrembaka. Kawit jaman pléstosin, mangsa kang lumaku ing laladan tropis kaya ing Indonésia yaiku mangsa ketiga lan rendheng. Ing wiwitan jaman pléstosin, tetuwuhan kang akèh tuwuh ing jaman biyèn yaiku anané alang-alang, déne'fauna kang ana nembé saka jinis manuk kang pindhah saka Asia menyang Indonésia lumantar 2 jalur. Sepisan, liwat jalur Birma, Malésia, Sumatera lan tundhoné menyang Nusa Tenggara. Kapindho liwat jalur Cina Kidul, Filipin, Sulawesi Lor. Mangsa ketiga sepisan banjur kasusul karo mangsa udan deres sepisan, kang jurung tuwuhé alas gung liwang-liwung ing wewengkon Malaya, Kalimantan, Filipin, lan Sulawesi Lor. Beberangan manuk-manuk lan alang-alang nemahi cures akibat ilangé tetuwuhan bangsa suket-suketan. Ing jaman iki sato kéwan jinis mamalia wiwit jumedhul. Gumantiné padunung bangsa sato ing tanah Nuswantara uga jedhulaké padunung bangsa manungsa purba kang saya mréné saya duwé kabudayan, sesrawungan, pepanthan, sarta nganti bisa gawé lakucara keraton utawa negara satemah ing Nuswantara lair keraton-keraton agraris lan maritim.

Keraton Maritim ing Indonésia[besut | besut sumber]

Keraton Sriwijaya[besut | besut sumber]

Pepethan Karaton Sriwijaya kang Saiki Wis Dadi Taman Arkéologi Palémbang

Keraton Sriwijaya yaiku keraton gisik, sawijining nagara niaga lan nagara kang kuwasa marang laut. Kuawasané jalaran dedagangan internasional kang liwat jalur Supitan Malaka. Kanthi mangkono sesambungan kalawan jalur dedagangan internasional saka Asia Wétan menyang Asia Kulon lan Éropah kang paling sethithik limalas abad suwené, duwèni teges wigati sajroning sujarah. Miturut pawarta saka Cina Sriwijaya yaiku salah sawijining punjer dedagangan antara Asia Kidul Wétan kalawan Cina kang pakung wigati.[18] Sriwijaya yaiku keraton maritim kang naté ngrembaka dumadi sawijining keraton maritim paling gedhé ing Asia Kidul Wétan.

Riwayat Sriwijaya bisa ditlesih saka pawarta Tionghoa kang nyebutaké yèn Sumatera abad kapitu wis ana pirang-pirang keraton kayata To-lang-po-hwa (Tulangbawang ing Sumatera Kidul), Molo-yeu (Melayu ing Jambi), Ki-li-p'i-che utawa Che-lifo-che (Çriwijaya). Pawarta saka I-Tsing ing taun 617 asalé saka Kanton menyang Indhia. Dhèwèké mesanggrah ing Sriwijaya suwéné enem wulan kanggo sinau paramasastra basa Sansekerta, banjur menyang Malaka lan Indhia nembe bali manèh ing Sriwijaya taun 685. Bab kasebut buktèkaké kepriyé wigatiné Sriwijaya minangka punjer kanggo nyinaoni Mahayana.[19]

Saka I-Tsing bisa diweruhi yèn Sriwijaya saliyané minangka punjer dedagangan lan lelayaran uga dadi punjer pasinaon ilmiah agama Buda. Sawijining dwija kondhang kang jenenge Sakyakirti, pandhita kang arep menyang Indhia diprayogakaké supaya luwih dhisik sinau menyang Sriwijaya selawase rong taun.[16]

Bab kuthagara Sriwijaya mapané ana pinggir banyu, para padunung sumebar ing jaban kutha, utawa manggon ing dhuwur gèthèk-gèthèk kang payoné saka alang-alang. Manawa sang ratu jengkar, panjenengané nitih baita kanthi diiyubi songsong sutra lan kairing prajurit kang nggawa tumbak emas. Bregadané sumèh lan cukat ing paprangan, ing palemahan utawa ing pabanyon ora ana imbangané. Ing Telaga Watu akèh ditemokaké watu-watu kanthi tulisan Siddhayatra utawa lelampahan suci kang mukti, lan saka punthuk Seguntang iring kulon Palembang ditemokaké sawijining reca Buda saka watu gilang kang asalé saka abad kaenem.[16]

Mangsa Kucem Sriwijaya[besut | besut sumber]

Kurang luwih taun 1325 peran Sriwijaya minangka salah sawijining punjer internasional wis purna. Malah ing taun 1365 keraton iki bisa teluk déning Jawa. Taun 1377 Sriwijaya nyoba gugat, nanging ketaman déning sawijining bregada Jawa satemah ora kadayan manèh lan tumeka mlarat. Sawisé taun 1377 jumedhul brubuh satemah bregada Jawa ora bisa ajeg ana Sriwijaya. Wewengkon kasebut ditinggal ngono waé lan ora kaurus, satemah wong-wong Tionghoa kang ana banjur ngrebut panguwasa kaprajan. Sawijining adipati kang mataun-taun suwéné urip ngulandara ing laut, banjur manggoni tanah kasebut kanthi gawa éwonan wong Tionghoa pangetuté minangka kepala negeri. Sriwijaya dadi negara Tionghoa cilik kang satemené dadi susuh bajak laut, mangkono kahanané ing taun 1400 dadi riwayat tamaté keraton Sriwijaya.

Keraton Melayu ing Sumatera[besut | besut sumber]

Pepethan Keraton Melayu Purba (Hindhu-Buda) sadurungé ditelukaké déning Keraton Sriwijaya ing Abad Kapitu, Nagara-nagara Melayu kasebut Mapan Ana ing Gisik Supitan Malaka

Ing taun 685 I-Tsing mesanggrah ing Kedah, banjur ing mangsa adhem dhèwèké lelayaran menyang Mo-la-cu kang saiki wis dadi Fo-she-to lan manggon nang kono lawasé telung wulan banjur dhèwèké lelayaran sajroning sewulan tumuju Kanton. Saka kono bisa didudut yèn sekitar taun 685 keraton Sriwijaya wis mekaraké wilayahé lan salah sijiné negara kang ditelukaké yaiku Melayu.[20]

Saka napak tilas ing gisik Champa lan Annam nuduhaké yèn ana pirang-pirang toponim ing gisik-gisik kang asalé saka basa Melayu. Panemun;e I-Tsing ing salah sawijining bukuné nuduhaké katrangan kang ngandharaké yèn sawetara Melayu wis dadi keraton Sriwijaya.[16] Sawetara kuwi kridha dagang pindhah panggon kang wiwitané kalungguhan Sriwijaya diganti déning Malayu (Jambi) kang uga dadi panguwasa ing sadawané Malaka lan ngirim utusan menyang Cina. Nanging Malayu mindhahaké unjer prajané menyang jero yaiku Minangkabo satemah pamawas tumrap Supitan Malaka suda.[18]

Ana déné tembayatan antara Malayu kalawan Sriwijaya bisa kinawruhan lumantar prasasti kang ditinggal. Miturut J.L. Moens prasasti Kedukan Bukit ditujokaké kanggo mèngeti kawijayan Sriwijaya marang Malayu, bisa uga dikandhakaké minangka panguwasan wewengkon Palembang marang Sriwijaya.

Keraton Samudra[besut | besut sumber]

Minangka akibat bedhahé Sriwijaya, ing Sumatera Lor jumedhul pirang-pirang keraton cilik. Keraton-keraton kang ana kira-kira taun 1300 yaiku Samudra, Perlak, Pasèh, lan Lamuri (sabanjuré dadi Acèh). Keraton-keraton pelabuhan kasebut kabèh jupuk bebathèn saka dedagangan ing Supitan Malaka. Bakul kang ngrasuk agama Islam saka Indhia nepungaké agama Islam, lan Sumatera Lor dadi wewengkon Islam kang sepisan ing Indonésia. Pirang-pirang kulawarga raja Indonésia siji mbaka siji mlebu Islam. Prosèsé dicepetaké lumantar sesambungan kulawarga kalawan bakul Islam kasebut. Ing Sumatera Lor agama Islam banjur nguwasani kanthi cihna kang nuduhaké anané kijing Sultan Malik As Salèh kang seda ing wulan Pasa taun 1297 Masèhi.[18]

Taun 1297 Sultan kapisan diganti déning putrané, Sultan Muhammad, kang mangku praja tumeka taun 1326, sultan iki luwih kondhang kanthi jeneng Malik Al-Thahir. Saka cathetan, Samudra minangka palabuhan kang wigati banget kanggo papan prahu dagang amrih bongkar lan momot barang dagangan. Puri raja Samudra diyasa lan diatur miturut cara Indhia, déné ing para panggedhéné ana wong-wong Parsi, lan patihé ajejuluk Amir.

Karaton Majapahit[besut | besut sumber]

Pepethan Wewengkon Majapahit ing Jaman Kencana Rukminé
Pepethan Keraton Majapahit kang Mapan ana ing Trowulan, Majakerta, Jawa Wétan

Karaton Majapahit yaiku salah sawijining keraton kang paling gedhe ing Nuswantara uga tinepung minangka kakuwatan laute kang ngédab-édabi, laut-laut wigati kang ana ing Indonésia kabèh bisa dikuwasani. Manawa sawijining keraton kang cilik dadi wewengkon kang teluk déning Majapahit, mula papréntahan Majapahit ora mèlu cawé-cawé kahanan sajroning nagara kasebut. Nagara kang teluk kasebut cukup ngirim utusan ing wektu tinamtu minangka tandha teluk sarta jupuk sikep kang jumbuh kalawan pepénginan pangrèh praja Majapahit tumrap nagara Indonésia liyané. Pérangan keraton kang gedhe kang papané adoh cukup mung didadékaké wewengkon pangaribawa. Kabèh pangaribawa manca ing keraton ditampik, wewengkon telukané wajib masrahaké upeti utawa tandha pajeg.[18]

Dadi, saliyané minangka nagara agraris, ing jaman semana Majapahit uga sawijining keraton dedagangan. Karaton iki duwé angkatan laut kang gedhe lan rosa. Ing taun 1377 ngirim sawijining ekspedhisi kanggo ngukum ratu Palémbang lan Sumatera. Majapahit uga duwé sesambungan kalawan Campa, Kampuchea, Siam Birma sisih Kidul, lan Viétnam sarta ngirim utusané menyang Cina. Tilas jaman kencana rukminé Majapahit isih ajeg lestari ing Indonésia, lan bab kasebut dianggep minangka sawijining tepa palupi kanggo pulitik Républik Indonésia kala saiki.[21]

Kanggo mikolèhi pepethan bab Majapahit, sumber kang dianggo yaiku Kitab Nagarakertagama. Saka kitab kasebut nuduhaké yèn akèhé bakul saka Jambu Dwipa, Kamboja, Cina, Yawana, Campa, Karnataka (Mysoré), Goda, lan Siam kang teka menyang Majapahit. Saka pawarta kasebut paling ora bisa dijlèntrèhaké yèn lelayaran minangka sarana angkudan antar pulo ing jaman semana wis dadi barang lumrah. Bab kasebut buktèkaké yèn Majapahit uga keraton Maritim kang cukup merbawani lan diajèni ing Nuswantara.[22]

Minangka tambahan laladan kang ngakoni kaprajan Majapahit, Empu Prapanca mènèhi jeneng-jeneng laladan kang ajeg duwé sesambungan kekancan kalawan Majapahit. Laladan kasebut kayata Siam, Birma, Campa, lan Viétnam. Saliyané nagara-nagara kang luwih adoh manèh kaya Cina, Karnatik, lan Benggala kang ngadani sesambungan dagang kalawan Majapahit. Uwong-uwong Cina ing taun 1382 nyathet utusan-utusan Jawa nalika iku nekani jumenengan Wangsa Ming.[4]

Pola Pangamanan Laut[besut | besut sumber]

Tuladha Miniatur Prahu kang Sumimpen ing Paruhunan Nasional kang Diyakini Mèmper Prahu Jaman Majapahit

Ing abad 14 Majapahit duwé prahu-prahu dagang lan nglakokaké lelayaran kanthi mandhiri, saliyané lelayaran kang dilakokaké uga déning bakul mancanagara. Wis barang temtu cara kanggo njamin kaamanan, Majapahit nglakokaké cara kang tegas. Tuladhané, nalika pérangan Kulon Kalimantan ing taun 1369 dirabasa déning bajak laut saka Sulu (Filipin) kang dibantu déning Tiongkok, nuli prahu-prahu perang Majapahit jumedhul ing Laut Cina Kidul, lan laladan kasebut bisa éndha saka ontran-ontran. Ing taun 1370 telung raja ing Nuswantara ngupiya ucul saka Majapahit, lan ngirim utusané dhéwé menyang Tiongkok. Akibat tumindak raja kasebut, mulané Majapahit ngirim prahu perangé satemah taun 1377 raja-raja kasebut diperjaya pisan. Manawa ana pegawé Majapahit kayata wali nagara, adipati utawa mentri dikirim menyang laladan telukan, karepé supaya kanggo negasaké panguwasané sarta jaluk bayaran pajeg.[18][22] Anané angkatan laut kang sentosa banget dibutuhaké kanggo ngadani ekspedhisi, pamawasan, kapulisèn, lan kanggo tumindak marang nagara manca kang mèlu cawé-cawé urusan jero praja. Minangka panguwasa laladan kapulowan, Majapahit duwé angkatan dharat lan laut kang sentosa.[16][18]

Angslupé Majapahit[besut | besut sumber]

Jaman kalabendu Majapahit dumadi jalaran anané perang ing antarané para trah raja-raja Majapahit dhéwé, sasmitané yaiku nalika Kalimantan Kulon diogèl-ogèl déning para bajak laut Sulu utusané Tiongkok, kawit taun 1405 wis teluk sabongkokan kalawan Tiongkok tanpa nindakaké pangamanan saka Majapahit. Pirang-pirang laladan kang isih ngakoni Majapahit minangka pangrèh prajané, nanging kasunyatané wis ora nindakaké sesambungan kalawan punjer paréntahan. Mangsa satus taun pungkasan saya suwé malah tambah worsuh, sunar Majapahit saya angslup lan manèh madegé keraton-keraton Islam wiwit kurang luwih taun 1400-an ing Malaka lan pirang-pirang keraton Islam kang ngrabasa panguwasa adeging Majapahit nambahi géndra lan dadi kedadéan kang mratandhani bedhahé keraton kang biyèné naté nyawijikaké Nuswantara.[16] Ora bisa diéndhani yèn perang sapadha sedulur ora bisa dadèkaké Majapahit tambah ngrembaka, malah samsaya mundur jalaran akèh lemah-lemah nagara kang jaluk mardika, utamané ing pasisir.[20] Kanthi mangkono Karaton Majapahit resmi jugrug ing taun 1478 Masèhi utawa 1400 Çaka, ing Sastra Jawa jugrugé Majapahit ditandhani kanthi sengkalan candrasangkala kang unine "sirna ilang kertaning bumi".[18]

Keraton Malaka[besut | besut sumber]

Keraton Malaka yaiku salah sawijining papan kang dadi kutha palabuhan gedhé kang mapané madhep menyang segara. Papan panggonan kaya mangkono uga tinemu ing keraton maritim liya kayata Banten, Batavia, Gresik, Makassar, Ternaté, Manila, utawa bengawan kang bisa dilayari. Laladan inti kang bebèthèng uga diliwati déning kali utawa sacedhaké kali cilik kang nyedhiyani banyu kanggo adus utawa masak, lan gapura kanggo mlebu-metu prahu cilik. Kreteg kang ngliwati yaiku jalur nuju komplèk utama punjer keraton kang asring dadi titik macet. Ing pinggir Malaka ana warung-warung cilik lan dadi punjer pamekaran pasar utawa marga gedhé.[23]

Malaka wiwit ana minangka punjer dedagangan lan kagiyatan Islam ing wiwitan abad 15. Didegaké déning pangéran Majapahit kang jenengé Paraméswara. Panjenengané mlayu saka Blambangan sebab ana panggugat déning Majapahit marang Blambangan. Paraméswara bisa luwar nalika taun 1377 lan tundhoné teka ing Malaka sekitar taun 1400. Ing papan iki panjenengané nemu sawijining palabuhan kang becik kang bisa kanggo lèndhèyan prahu-prahu kang mapan ing Supitan Malaka sing paling ciyut. Bebarengan para pengetuté ing cekak wektu dhusun juru amèk iwak kasebut dumadi kutha palabuhan, jalaran papané kang banget mumpangati, Supitan Malaka bisa dadi saingan kanggo Samudra Pasé.[16]

Kanthi mangkono Malaka diwènèhi kalodhangan mekar dumadi punjer dedagangan anyar. Sadurungé, Malaka amung sawijining papan kang ora migunani. Wiwitan abad 14 papan kasebut lekas migunani kanggo dedagangan, lan ing wektu kang cekak wis dadi palabuhan kang wigati ing gisik Supitan Malaka. Keraton iki kanthi rikat ngrembakakaké wewengkoné menyang kabèh menanjung, lan Sumatera Tengah. Tumbuké cukup ngetarani kanggo Malaka jalaran ing taun 1450 wis dadi gantiné keraton Sriwijaya kang gedhé.[18]

Pangancam utama kanggo Malaka yaiku Siam, nanging Malaka wis jaluk tulung pangayoman saka Cina. Sawisé iku, Malaka wis makaping-kaping ngirim utusan-utusané menyang Cina lan suwaliké. Pangayoman Cina kasebut biyantu Malaka saya sentosa, lan jajal nelukaké wewengkon liya ing pinggir supitan kang ngasilaké bahan pangan, timah, emas, lan mrica satemah ngundhakaké kamuktèné Malaka nganti bisa nguwasani gisik wétan Sumatera sisih tengah.[24]

Kutha lan Keraton Maritim ing Lor Jawa[besut | besut sumber]

Tuban[besut | besut sumber]

Salah Sawijining Prau Juru Amèk Iwak kang nembé Lèndhéyan ing Pasisir Tuban

Tuban yaiku kutha kang mapané ana paling kulon ing propinsi Jawa Wétan. Wiwit abad 11 wis sinebut minangka kutha palabuhan. Ujaring kandha Grombolan Cina Mongol ing taun 1292 M teka nglurug Jawa Wétan uncal jangkar ing Tuban. Ing jaman biyèn Tuban uga dadi gapura régol kali gedhé ing Jawa Wétan, kayata Bengawan Solo lan Brantas.[21] Tuban biyèn kalebu ing lemah duwèné Majapahit lan naté dadi papan palungguhan raja ing abad 16, nanging dedagangan ing kéné ora patiya regeng tinimbang Gresik, sapérangan padunungé ana kang Hindhu-Buda lan Islam kuwi tegesé Majapahit naté mangaribawani kutha iki.[24] Ing sakawit dedagangan sebrang laut pulo Jawa utamané dikemonah saka kutha Tuban, nanging banjur jedhul kutha-kutha liya kaya Gresik, Jepata, Surabaya, lan liya-liyané.

Ing taun 1527, nalika Majapahit direbut déning Islam, kutha Tuban uga wis dibroki déning Sultan Demak, nanging babad Tuban ora mratélakaké bab kasebut. Pirang-pirang abad suwéné kutha maritim ing pasisir lor Jawa, kalebu Tuban cukup duwé peran kang wigati. Kutha Tuban dianggep minangka palabuhan paling gedhé ing Jawa. Saliyané kuwi ana sasmita kang nyebutaké yèn Tuban ing abad 11 duwé kagiyatan dedagangan laut. Abad 12 prahu-prahu dagang Jawa, kalebu saka Tuban lan Sumatera nganti Annam.[18]

Jroning sesambungan kalawan Majapahit, kutha Tuban nganti Surabaya dadi punjer kanggo prahu-prahu perang Majapahit kanggo nelukaké palabuhan utama liyané ing Nuswantara. Tuban ora bisa uwal saka kawicaksanan kang diputusaké déning Majapahit minangka pangayom laladan kasebut.

Gresik[besut | besut sumber]

Wimban Kutha Gresik ing taun 2015, wis dadi Kutha Indhustri kang Maju

Kutha Gresik yaiku kutha kang mapan ing saloré kutha Surabaya. Tahun 1415 Gresik wis sinebut minangka papan palereman sudagar bangsa Tionghoa, Surabaya, lan Jepara. Nanging Gresik yaiku minangka papan kanggo wong muslim kang luwih tuwa tinimbang liyané. Wong-wong ing Gresik dipara dadi telu yaiku, wong Islam saka manca, wong Cina kang wis ngrasuk Islam, lan wong Kejawèn.

Ing taun 1387 M kaya laladan pasisir liya, Gresik isih tinepung minangka wilayah perdikan Majapahit. Abad 14 ana sesambungan lumantar laut sadawaning Supitan Madura, antara Gresik lan Blambangan, lan kutha-kutha palabuhan cilik liyané. Nembé ing abad 15 Gresik akèh didunungi déning para Cina sugih, kutha iki dadi gudhang empon-empon gedhé kang asalé saka Maluku.[18]

Gresik lan Surabaya yaiku kutha-kutha palabuhan Jawa Wétan kang sepisan dadi papan madegé umat Islam. Panuntun agama ing Gresik satemené saka kalangan palaut lan sudagar manca kang manggon ing Gresik. Para palaut lan sudagar Gresik nepungaké jeneng Giri menyang pasisir kapulowan ing sisih Wétan Nuswantara. Giri duwé kalungguhan wigati kanthi duwé prahu-prahu dhèwèké mesanggrah ing pulo Sulat lan Sungian banjur menyang Sasak, lelayaran menyang Sumbawa lan Bima. Jroning ekspedhisi kaloro, wong Gresik ngebroki kutha Keraton Lombok.[24]

Antara taun 1450-1500 agama Islam lan sudagar Islam nguwasani laladan pasisir lor Jawa Wétan lan Jawa Tengah. Propinsi-propinsi pasisir keraton Majapahit ngrembaka dado keraton kang mardika lan wis ora ngakoni praja Majapahit manéh. Ing abad 15 panguwasan Majapahit ing pasisir saya ringkih, satemah akèh ing antarané kang ucul. Kepala pangrèh praja palabuhan selot suwé dadi raja palabuhan kang mardika lan kahanan wewengkoné dadi saya maju. Kasugihan wewengkon pasisir kang sugih asalé saka dedagangan laut sajroning abad 15 dadi bukti majuné dedagangan jaman kasebut.[24]

Keraton Demak[besut | besut sumber]

Mesjid Agung Demak tinggalan Keraton Demak

Keraton Demak yaiku keraton maritim Islam kang madeg ing pulo Jawa. Miturut babad, Raja Brawijaya yaiku ramané Radèn Patah, Raja Demak sepisan. Mauné Brawijaya meling marang Radèn Patah supaya Demak wajib manut marang raja lumantar Adhipati Terung nanging ora dirèwès déning Radèn Patah, malah Adipati Terung sekuthon kalawan wong Islam lan nglurug Majapahit tanpa perang ramé. Radèn Patah bisa gantèni kalungguhan ramané ing dhampar kursi kencana. [24] Papan Demak kang banget nguntungaké kanggo dedagangan utawa tetanèn, ing jaman biyèn Demak mapan ing pinggir supitan ing antara gunung Muria lan Jawa. Sadurungé supitan kasebut cukup jembar lan bisa kanggo liwat kapal dagang saka Semarang bisa nyidhat manawa arep menyang Rembang. Miturut Babad kang ganti Radèn Patah yaiku Pangéran Sabrang Lor, panjenengané duwe prahu-prahu perang kang cacahé 40 kapal jung. Ing jaman iki pirang-pirang laladan ditelukaké. Banjur raja kang katelu yaiku Sultan Trenggana, raja iki kang ngresmikaké Mesjid Agung Demak, nanging dhèwèké gugur ing ekspedhisi menyang Panarukan.[25]

Saka wedharan kasebut nuduhaké manawa Demak pancèn dadi kasantosan kang kukuh ing Jawa ing abad 16. Ing jaman Pati Unus, taun 1512 lan 1513 panjenengané nglurug Malaka kanthi migunakaké kasantosan gandhokan kabèh prahu-prahu perang kutha-kutha palabuhan Jawa, nanging pungkasané malah prahu-prahu perang kasebut remuk tanpa sisa. Keraton Demak dianggep minangka gantiné Majapahit kang ana taun 1515, wewengkoné nglimputi laladan pasisir lor Jawa saka Demak nganti Cirebon, lan Palémbang. Keraton Demak uga mawengkoni Jepara, ngrebut Banten ing taun 1524, lan Batavia taun 1526. Ana déné laladan sisih wétan Demak kang nganti Panarukan ditelukaké lumantar paprangan.[18]

Keraton Banten[besut | besut sumber]

Gapura Régol Kasultanan Banten

Keraton Banten yaiku keraton kang wigati kanggo dedagangan lan lelayaran. Manèh nalika Islam mlebu ing Banten, Sunan Gunung Jati kang ndhasari kanggo ngrembakané agama Islam lan kanggo dedagangan wong-wong Islam. Kanggo mbantu kridha kasebut Banten oleh panjurung saka keraton Demak lan banjur ngislamké Jawa Kulon kanthi ngrebut palabuhan Sundha ing taun 1527, kutha palabuhan kasebut salin jeneng dadi Jayakarta.

Keraton Banten duwé pasar agung kang mapan ing jaban témbok kutha sisih wétan cerak laut. Taun 1600, pasar iki digandhok kanggo bakul gedhé lan bakul cilik, lokal lan internasional, lanang lan wadon, lan kabutuhan padinan utawa kabutuhan kang asalé saka paran. Bakul-bakulé saka Portugis, Arab, Turki, Cina, Keling, Pegu, Melayu, Benggala, Gujarat, Malabar, lan Abesinia. Barang-barang kang didol kayata beras, sayuran, woh-wohan, gula, iwak, daging lan papan kanggo adol kéwan ingon, sandhangan, mrica, cengkèh, lan pala, gegaman, bekakas, lan barang saka logam. Pasar kasebut uga dirèh déning panggedhé palabuhan kang ngadali pangadilan kang atut runtut kanggo ngrampungaké gèsèhing dedagangan.[23]

Papréntahan Banten dicepeng déning Fatahilah, déné laladan Cirebon dipasrahaké marang anaké, Pangéran Pasaréan. Ing taun 1522 Pangéran Pasaréan surud, Fatahilah dhéwé budhal mentang Cirebon kanggo ngerèh papréntahan, sawisé Banten dipasrahaké marang anaké manèh kang jenengé Hasanuddin. Taun 1600 Banten menangi jaman kuncarané. Saben bakul kang arep tuku utawa adol mrica mesthi mara menyang Banten. Banten dadi punjer dedagangan kanggo mrica saka Banten, saka Lampung utawa cengkèh lan pala saka Maluku. Munduré Banten dumadi ing jaman Sultan Abdulmufachir jalaran Batavia saya gedhé lan cawé-cawéné Walanda. Lumrah manawa Banten tansah memungsuhan kalawan Walanda.[16]

Keraton Cirebon[besut | besut sumber]

Gendera Keraton Cirebon

Keraton Cirebon madeg déning peran Nurullah utawa Falétéhan lan Tagaril utawa Sunan Gunung Jati. Panjenengané saka Pasai utawa Acèh. Direbuté Acèh déning Portugis taun 1521 njurung panjenengané lunga menyang Mekah. Baliné saka tanah suci panjenengané nuli menyang keraton Demak lan banjur krama kalawan sedulur wadon Sultan Trenggana. Nurullah nyekel peran kang gedhé ing Banten, malah ing kridha jembaraké wewengkon Demak, Nurullah mèlu ing sajroning perang.[24]

Sunan Gunungjati ngowahi Cirebon dadi kuthagara keraton lan kutha palabuhan kang mardika. Dedagangan laut antara bakul Cirebon menyang Sundha kapétung gedhé. Dedaganan laut antara bakul Cirebon lan Malaka wis sinambung ing pungkasan abad 14. Ing Demak lan Cirebon kabentuk pepanthan bakul Islam kang sambung-sinambung siji lan liyané.[24]

Pamekaring Budaya Maritim[besut | besut sumber]

Pariundhagi Prahu[besut | besut sumber]

Wimban Prahu Tradhisional Jinis Lesung

Kapal utawa prahu kang ana ing Indon'esia sadurungé ana prahu lathu kapérang dadi 2 jinis. Adhedhasar undhagi panggawé mula ana kang sinebut prahu lesung lan prahu papan. Senadyan prahu lesung paling prasaja, nanging cara gawéné merlokaké kaprigelan lan pengalaman kang mligi. Wiwit saka milih kayu kang cocog, cara negor uwit, nganti pagawéan natah kayuné lan dikeruk, para tukang kudu duwé kapinteran kang mumpuni.[26] Kanggo prahu papan, cara panggawéné uga jlimet. Cara gawéné ora mung natah pérangan kayu lan dikeruk. Kanthi mangkono mula jinis lan wujud prahu ana luwih akèh lan ora winates. Ing jaman iki pariundhagi prahu ing Indoésia bisa dikandhakné isih mawa cara tradhisional.

Nanging evolusi pariundhagi prahu bisa tinemu ing Pulo Kei Cilik, sawijining papan kang wis cukup maju undhagi prahuné ing Sulawesi. Tradhisi pariundhagi prahu kanthi nggawé modhèl katir dobel wis cukup kawentar ing lor lan kidul Sulawesi, banjur prahu jinis katir cepet sumebar nganti ing wétan Madagaskar bebarengan kalawan prahu katir tunggal.[3]

Ing jaman Sriwijaya, pariundhagi prahu wis demekaraké kanggo ngawasi dedagangan ing laladan koloniné. Kanggo nempuh samudra, Sriwijaya migunakaké kapal gedhé kanggo jalur dedagangan ing Samudra Hindhia lan Laut Cina Kidul. Bobot kapal Sriwijaya nyandhak 250 nganti 1000 ton, lan dawané 60 mèter. Kapal kasebut bisa ngemot kurang luwih 1000 uwong. Aboté durung kalebu momotan barang, kapal Sriwijaya iki uga tiniru déning Cina ing abad 16.[27]

Wong Maluku gawé prahu kanthi cara ing satengahing lempong digawé sarupa endhog lan kaloro pucuké mlengkung munggah. Kanthi mangkono prahu bisa lelayaran maju lan mundur. Prahu iki ora mawa paku, nanging ditali mawa klaras lumantar bolongan kang digawé ing sapérangan papan. Kanggo nyambung papan migunakaké gagang pèn lan gagang pèn kasebut dilebokaké ing bolongan.[26]

Tekané bangsa Portugis menyang Nuswantara cukup mangaribawani pariundhagi prahu ing Indonésia, Portugis nepungaké prahu jinis Èropa kang wujudé kapal galai kanthi cagak loro kanggo layar. Mirunggané yaiku ana tepas ngarep lan buri, buritan kapal lan senthong kanggo para batur lan bau kasar. Abad 15 ing Maluku wis tinepung jinis prahu Kora-kora kang digunakaké kanggo momot uwong lan barang, jinis iki cukup apik lan naté dadi prahu paling becik ing abad 15.[28]
Punjer yasan kapal ing Nuswantara kang paling kaloka yaiku ing pulo Jawa. Galangan kapal iki ing abad 16 wis dadi paling gedhé ing Asia Kidul Wétan. Kaprigelan arsitèk kapal Jawa banget kalokané , nanging prahu-prahu kang digawé ing Jawa winates kanggo prahu cilik kang mligi kanggo kabutuhan perang, nanging ana uga prahu kanggo barang nanging kang mung bisa momot barang kang sethithik. Punjer galangan kapal mau mapan ing Lasem, panggonané antara Tuban lan Jepara lan cerak kalawan alas jati Rembang kang uga masok bahan bakuné.[29]

Ing pérangan pamekaran candhaké, tekané Bangsa Walanda lan Inggris wis ngalami owah-owahan minangka akibat akulturasi kalawan budaya Portugis lan Spanyol. Mangkono uga ing abad 16 uga wis dipangaribawani kapal Gujarat, Parsi, Arab, kahanan kasebut nuduhaké yèn jiwa bahari wis ngasilaké manéka jinis prahu manut kabutuhané.[26]

Pariundhagi Lelayaran (Navigasi)[besut | besut sumber]

Kompas Dadi Sawijining Pariundhagi Lelayaran Saliyané Pethan

Pariundhagi lelayaran yaiku kawruh kang kudu dikuwasani déning para juru layar. Bangsa Indonésia ping sepisan nggunakaké pariundhagi lelayaran nganggo pathokan barat. Kawruh bab barat darat lan barat laut dadi kawruh kang wigati kanggo para juru lelayaran. Saliyané iku para juru lelayaran uga wis suwé pana bab owahing mangsa. Kanthi mumpangataké owahing barat mula ing wulan Oktober, prahu-prahu padha mangkat saka Maluku menyang Makassar, Gresik, Demak, Banten, nganti Malaka lan kutha-kutha liya ing sisih kulon. Déné ing wulan Maret lelayaran menyang wétan bisa dilakoni kanthi mawa kapal barat. Panguwasan pariundhagi lelayaran migunani kanggo kagiyatan dagang antar pulo. Kaprigelan maca arus barat banget diperlokaké minangka pathokan kanggo lelayaran antar pulo. Barat iki kanthi langsung mangaribawani tradhisi lelayaran ing Nuswantara, satemah ing Laut Jawa tinepung arus mangsan.[30]

Palaut pribumi ing wulan Juni nganti Agustus ngendelké barat ing Laut Cina Kidul kang tumiyup ngalor satemah bisa gampangaké lelayaran menyang Ayuthaya, Campa, Cina, lan nagara-nagara sisih lor. Kawruh bab arah menyang ngalor ora luwih tuwa timbang kawruh bab arah menyang kulon. Para palaut Nuswantara lelayar laut kang jembar mawa prahu gedhé, lan duwé kaprigelan maca samubarang sasmita minangka panuduh dalan. Nalika awan, srengéngé bisa dadi pathokan kanggo nuduhaké arah. Déné ing bengi nggunakaké lintang-lintang ing akasa kanggo nuduhaké arah lan duwé sesebutan mirunggan kanggo klumpukan lintang-lintang mau, kayata lintang mayang, lintang luku, lan liya-liyané.[31]

Piranti lelayaran liyané yaiku kompas, kagunané yaiku sepisan kanggo biyantu nemtokaké paran lan papan miturut pandoming dom, kaloro kanggo nemtokaké ukuran dhuwuring srengéngé, utamané yèn prahu ana ing tengah-tengah samudra. Kapal uga kudu dijangkepi pethan kang kebak garis-garis mbujur lan malang.[20] Kahanan iklim lan alam Indonésia gawé palaut nitèni sasmita ing pulo-pulo, gunung, lan tanjung manawa lelayaran turut gisik, lan ing wayah peteng migunakaké palintangan. Saka wedharan kasebut gamblang nuduhaké tingkat majuning lan mekaring pariundhagi lelyaran kang ora padha déné bangsa liyané. Nanging wis genah yèn juru layar Nuswantara wis ora gumun manèh marang pariundhagi lelayaran kang awujud kompas lan pethan.

Prahu-prahu Perang[besut | besut sumber]

Prahu jinis Kora-kora Dianggo Perang lan Dedagangan déning Wong-wong Maluku

Prahu-prahu perang yaiku dadi salah sawijining kasantosan pokok sajroning nyangga keraton maritim. Tegesé, kanthi prahu-prahu perang kang santosa mula bakal bisa jamin amané lan langgengé sawijining keraton. Iki wis dibuktèkaké déning sawijining keraton maritim ing Nuswantara. Sriwijaya duwé prahu-prahu perang kanggo kridha ngayomi jalur dedagangan tumrap panganceming bajak laut saka Cina, Malaya, lan Filipin.[31] Ing praja Sriwijaya, kalungguhan Sénapati Laut keraton tumuli ing ngisor ratu. Senapati Laut yaiku panggedhé saradhadhu kang wigati banget, satemah kalungguhané padha dhuwur kalawan Mangkubumi. Jejibahan utamané yaiku ngreksa wutuhing wewengkon lan ngreksa kapentingan ing babagan dedagangan. Samsaya raméning dedagangan marahi Sriwijaya kudu mapanaké pangkalan ing punjer-punjer dedagangan kayata Jambi, Riau, Melayu, lan gisik-gisik Sumatera Lor. Ing pangkalan kasebut dipapanaké pirang-pirang prahu perang kang dijangkepi mawa gegaman lan bregada. Saka pangkalan kasebut prahu perang bisa cepet disigrakaké menyang ngendi paran yèn ana bebaya saka mungsuh.[32]

Mangkono uga Majapahit kang kalebu keraton maritim bisa mbangun kasantosan laut kang gegirisi. Prahu-prahu Majapahit dipandhégani déning Sénapati Laut Jalad Mantri. Mawa prahu-prahu perang iki Majapahit wiwit ngrabasa wewengkon liya ing Jawa lan Sumatera. Saliyané iku Majapahit uga ngedegaké pangkalan sadawaning pasisir. Raja-raja laut ing laladan pabanyon dipeksa ngakoni Majapahit. Kanthi prahu-prahu laut kang saya suwé saya sentosa Majapahit bisa nguwasani pabanyon antar pulo ing Indonésia.[31] Prahu-prahu perang Majapahit sapérangan dipapanaké ing pasisir lor Jawa kanggo ngayomi nagara babon. Sapérangan manèh sinebar ing papan liya kanggo ngawasi laladan perdikan. Prahu-prahu perang uga dianggo ngiring pagawé jaluk jatah pajeg supaya karaharjané dijamin lan bisa lumaku rancag.[33]

Kasantosan laut kang cukup wigati yaikun prahu-prahu perang keraton Demak. Nalika prahu-prahu perang Demak ngrabasa menyang Malaka ing taun 1513, ngerèh kurang luwih 100 jung kanthi 12.000 prajurit. Kapal sénapati laut diwènèhi jeneng "panser" saka kapur. Mriyem kang digawa kanggo mbedhil Malaka kabèh saka Jawa. Kanthi trajangan kasebut nuduhaké yèn perahu-prahu laut Demak ing abad 16 wis cukup santosa lan gedhé, satemah mlebu pétungan mungsuh pulitiké.[34]

Tradhisi Kamaritiman[besut | besut sumber]

Larung Sesaji Wis Dadi Pakulinan Bebrayan Maritim Wiwit Jaman Kawuri

Tradhisi kamaritiman yaiku pakulinan bebrayan maritim Nuswantara kang wis ditindakaké wiwit jaman kawuri. Lumrahé ing pakulinan maritim ana donga lan sesajèn kang dicepakaké ing saben pérang kaya nalika yasa prahu, larung sesaji kang cunduk kalawan adat pakulinan sawijining papan. Saliyané kuwi uga ana wimba mata ing lempong prahu kang diduwèni déning palaut Nuswantara. Iki wis dadi pakulinan lumrah kang kenceng gandhèngé kalawan kapitayan kang isih diugemi déning juru amèk iwak tekan saiki. Wimba mripat ing lempong prahu nuduhaké yèn mata kuwi kanggo pituduh obahing prahu supaya ora kesasar sajroning lelayaran. Ing Jawa ana adat dina pasaran kang ditemtokaké gilir-gumanti antara papan siji lan liyané. Dina pasaran yaiku Wagé, Kliwon, Legi, Pahing, lan Pon. Pétungan kasebut gegayutan kalawan kapitayan tumrap bebrayan Jawa lan Sundha kang ngemot bebakal kosmologi.[20]

Seni lan Budaya Maritim[besut | besut sumber]

Mekaring seni lan budaya maritim wis katon wiwit jaman Hindhu-Buda. Ing jaman saiki uga wis tinepung jinis kapal kang didadèkaké pasrèn. Seni iki tinemu ing Candhi Barabudhur kang mimban kagiyatan panguripan maritim. Tatahan kang tinemuu yaiku kaya prahu lesung, prahu gedhé kang mawa katir. Kapal gedhé kang mawa cagak loro, déné wilah, lan buritané gathékan munggah. Layar ngarep awujud pesagi, déné layar buri awujud sagitelu.[26] Seni lan budaya tinggalan Islam yaiku ana komplèk keraton kaya ing Acèh, Samudra Pasé, Banten, Cirebon, lan Mataram. Dhapukan latar nganti kang dijenengaké "dalem" ing keraton kasebut isih ana akulturasi Indonésia Hindhu sajroning yasan komplèk candhi lan wanginan pura ing Bali. Mangkono uga komplèk pasaréan Islam kaya ing Sendhangdhuwur, Kudus, lan Lamongan. Ing kutharaja utawa palabuhan tinemu papan pangibadahan, pasar, lan wangunan kanggo panguwasa yaiku keraton uga ana karang padésan.

Papan pangibadahan kang sumebar sa-Nuswantara yaiku mesjid, mesjid kuna ing Nuswantara nuduhaké ciri kang mirunggan sebab payoné atingkat loro, telu, lima kanthi wujud pesagi utawa mujur kurungan kanthi ana èmpèr ing ngarep utawa pinggir. Ing pérangan ngarep utawa sisih pinggir diwangun kulah. Pacak mesjid kanthi payon atingkat-tingkat mujudaké pangaribawan candhi kang tinepung ing jaman Indonésia-Hindhu. Wangunan payon atingkat uga mèmper Mèru utawa gunung ing kahyangan papané para jawata.[26] Saliyané kuwi wangunan Cina Muslim ing abad 15 duwèni pangaribawan kang wigati ing Demak lan Jepara, wong-wong Cina wis gelem mèlu ngréwangi gawé mesjid gedhé, ning pacak kasebut mligi kanggo ing laladan tinamtu.[35]

Kutha lan Bebrayan Pelabuhan[besut | besut sumber]

Bebrayan kutha palabuhan maritim luwih ngaboti uripé marang kridha dedagangan sebab dedagangan kenceng gandhèng cènèngé kalawan kasunyatan yèn urip ing kutha luwih jumbuh pratalawimba kutha maritim.[26] Mekaring kutha maritim uga sesambungan kalawan bebakal magis réligius sebab biyèn naté ana pangaribawa keraton Islam. Tuladhané yaiku kutha Demak ing Bintara miturut Babad Tanah Jawi yaiku minangka pituduh Sunan Ampèl. Pangadeg kutha Surosowan minangka kuthagara keraton Banten atas pituduh lan pitutur Sunan Gunung Jati. Mangkono uga pirang-pirang kutha disambungké kalawan lintang-lintang anèh utawa uwit kang diwingitaké.

Ing jero kutha, kajaba ana papan pangibadahan, pasar, lan keraton, uga ana pakampungan. Pakampungan kasebut bisa adhedhasar golongan sosial-ékonomi, agama, sarta pagawé praja. Ing punjer kutha saliyané kanggo palabuhan, ana pakampungan kang adhedhasar jinis pakaryan, kayata Panjunan yaiku papan kanggo para tukang, Kademangan yaiku papan kanggo para demang, Kauman yaiku papan kanggo para kaum, lan liya-liyané.[26]

Wacan Bacutan[besut | besut sumber]

  • Lapian, A.B. (2008). Pelayaran dan Perniagaan Nusantara Abad ke-16 dan 17. New York: University of Michigan. k. 142. ISBN 978-979-3731-32-2. 
  • Bernadie, Hakim (2003). Sejarah Maritim Indonesia. Jakarta: Dewan Maritim Indonesia. k. 507. 
  • Hamid, Abdul Rahman. (2013). Sejarah Maritim Indonesia. Bandung: Ombak. k. 248. ISBN 978-602-7544-84-0. 
  • Supangat, dkk, Agus. (2006). Sejarah Maritim Indonesia. Semarang: Pusat Riset Wilayah Laut dan Sumberdaya Non Hayati, Badan Riset Kelautan Perikanan (BRKP), Departemen Kelautan dan Perikanan bekerjasama dengan Pusat Kajian Sejarah dan Budaya Maritim Asia Tenggara, Lembaga Penelitian, Universitas Diponegoro. k. 239. ISBN 978-979-3768-07-6. 


Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Tangsubkul, P (1984-02-15). "The Southeast Asian Archipelagic State: Concepts, Evolution, and Current Practice". East-West Environment Policy 15: 2–3. 
  2. A.B. Lapian, "Laut, Pasar, dan Komunikasi Antar-Budaya, Makalah Pidato di Kongres Sejarah Nasional 1996 (Jakarta: 1996)
  3. a b A.B. Lapian, "Sejarah Nusantara Sejarah Bahari", Pidato Pengukuhan Disampaikan dalam Pengukuhan Guru Besar Fakultas Sastra Universitas Indonesia (Jakarta: 1991).
  4. a b Hall, Kenneth. R. (1985). Maritime Trade and State Development in Early Southeast Asia. Honolulu: University of Hawai'i Press. kk. 20–25. ISBN 9780824882082. 
  5. Houben, V.J.H. (1988-08-16). "Looking in Odd Mirrors: The Java Sea". Southseast Asia in the Age of Commerce 1: 5. 
  6. Evers, Hans-Dieter (1988-09-02). "Traditional Trading Networks of Southeast Asia". Archipel 35: 5–6. 
  7. Blink, H (1922-10-13). "Tijdschrijt voor Economische Geography". De Pacific 1: 325–330. 
  8. Macintyre, Donald (1972). Sea Power in the Pacific. London: Baker. k. 48. 
  9. Anstey, Véra (1929). The Trade of the Indian Ocean. London-New York-Toronto: Longman Green. k. 5. 
  10. Pierre van der Eng, The Colonial Drain from Indonensia, 1823-1990. (Canberra:Research School of Pacific Studies Australian National University, 1993)
  11. Braudel, Fernand (1976). The Mediterranean and Mediterranean World in the Age of Philip II Volume I. New York: Harper Colophon Book. k. 276. 
  12. Glover, Ian C. (1989). Early Trade Between India and Southeast Asia. Hull: Koningstone. k. 93. ISBN 9780859585743. 
  13. Kartodirdjo, Sartono (1977). Sejarah Nasional Indonesia I. Jakarta: Balai Pustaka. k. 2. 
  14. Krom, Nicholaas Johannes (1931). Hindoe-Javaansche Geschiedenis. Gravenhage: Martinus Nijhoff. kk. 35–34. 
  15. van Leur, J.C. (1955). Indonesian Trade and Society. Bandung: The Hague van Hoeve. k. 90. 
  16. a b c d e f g h Soekmono, R. (1992). Pengantar Sejarah Kebudayaan Indonesia II. Yogyakarta: Kanisius. kk. 37, 80. ISBN 9789794132906. 
  17. H.R. van Heekeran, The Stone Age of Indonesia, VKI 61 (1972) 76.
  18. a b c d e f g h i j k Burger, D.H. (1962). Sejarah Ekonomis Sosiologis Indonesia I. Jakarta: Pradnjaparamita. kk. 26, 77. 
  19. Hall, D.G.E (1988). Sejarah Asia Tenggara. Surabaya: Usaha Nasional. k. 41. ISBN 6232271211. 
  20. a b c d Poesponegoro, Notosusanto (1982). Sejarah Nasional Indonesia. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Sejarah Nasional. kk. 81, 107, 108, 270, 292. 
  21. a b Ricklefs, Merle Calvin (2007). Sejarah Indonesia Modern. Jakarta: Serambi Ilmu Semesta. k. 27. ISBN 9791600120. 
  22. a b Soewadji Sjafei. 1977. Catatan terhadap Adanya Kesejajaran di dalam Sejarah Kuno Asia Tenggara Beserta Akibat-akibatnya: Kertas Kerja pada Pertemuan Ilmiah Arkeologi di Cibulan. 59
  23. a b Reid, Anthony (1999). Asia Tenggara dalam Kurun Niaga 1450-1680 Jilid II. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia. k. 112. ISBN 9789794613306. 
  24. a b c d e f g De Graaf & Pigeaud, Hermanus Johannes & Theodore (2001). Kerajaan Islam Pertama di Jawa: Tinjauan Sejarah Politik Abad XV lan XVI. Yogyakarta: Pustaka Utama Grafiti. kk. 36, 149, 171, 128, 136. ISBN 9789794444214. 
  25. Pires, Tomé (2005). The Suma Oriental. New Delhi: Asian Educational Services. kk. 38–42. ISBN 8120605357. 
  26. a b c d e f g Poesponegoro & Notosusanto, Marwati Joened & Nugroho (1984). Sejarah Nasional Indonesia III. Jakarta: Balai Pustaka. kk. 111, 112, 120, 215, 225, 287. 
  27. Sholihat Irfan, Nia Kurnia (1983). Kerajaan Sriwijaya Pusat Pemerintahan dan Perkembangannya. Jakarta: Giri Mukti Pusaka. k. 67. 
  28. Ellen, Roy F. (2003). On the Edge of the Banda Zone: Past and Present in the Social Organization of a Moluccan Trading Network. Honolulu: University of Hawai'i Press. k. 115. ISBN 0824826760. 
  29. Armendo Cortesao, Suma Oriental of Tome Pires 2nd Series vol 89, 188 (London: Hkluyt Society, 1944).
  30. Sulistiyono, Singgih Tri (2003). The Java Sea Network: Patterns in the Development of Interregional Shipping and Trade in the Process of National Economic Integration in Indonesia, 1870s-1970s. Leiden: Universiteit Leiden. k. 41. 
  31. a b c Tim Angkatan Laut Departemen Pertahanan dan Keamanan. 1973. Jiwa Bahari Warisan Nenek Moyang Bangsa Indonesia (47, 76). Dephankam Angkatan Laut: Jakarta.
  32. Soeroto, S (1976). Sriwijaya Menguasai Lautan. Bandung: Sanggabuwana. kk. 18–22. 
  33. Mulyana, Slamet (1979). Nagarakertagama dan Tafsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara Karya Aksara. k. 148. 
  34. van den Berg, H.J. (1952). Dari Panggung Peristiwa Sejarah Dunia I. Jakarta: Groningen. k. 385. 
  35. Reid, Anthony (1988). Southeast Asia in the Age of Commerce 1450-1680 I: The Lands Below The Winds. London: Yale University Press. k. 68. ISBN 9780300039214.