Stoisisme

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Patungipun Zeno saking Citium wonten ing National Archaeological Museum ing Naples

Stoisisme inggih punika salah satunggalé aliran filsafat kilèn ingkang lair sagebyagan jaman kuna (600 SM-400 M).[1] Aliran filsafat ingkang kacitra ing jaman Hellenisme punika diyasa déning Zeno saking Citium, Siprus.[1] Underané filsafat punika ya iku pamawas bilih mboten wonten kasantosan ingkang nglangkungi nalar utawi akal pikiran.[1]

Sajarah Stoa[besut | besut sumber]

Stoisisme utawi Stoa punika saking basa Yunani ingkang gadhah arti inggih punika ampir-ampir.[2] Stoa dados sawijining tranjang ingkang gesang sadangunipun 500 taun.[3] Amargi filsafat Stoa punika, filsafat ingkang kawitané wonten ing Yunani saged ngalam donya.[3] Kajawi punika amarga Alexander Agung nyebaraken kabudayan Yunani dhateng njaba Yunani.[3] Kawitané para filsuf Stoa punika saking Syria lan salajengipun uga kathah saking Romawi.[3] Wonten tiyang saking golongan andhap kaya ta abdi (Epitectus) uga wonten saking kamaharajan kaya ta Marcus Aurelius.[3]

Wigatiné rembug pitutur Stoa[besut | besut sumber]

Satunggalipun kanyatan ingkang wonten donya inggih punika jagad donya lan mboten wonten ingkang nglangkungi.[3] Jagad punika sampun wonten ingkang mranata.[3] Awaké dhéwé uga bageyanipun saking jagad.[3] Roh nalar utawi rasionalitas ingkang manunggal kaliyan jagad donya inggih punika Gusti saénggo Gusti punika mboten ginggang kaliyan manungsa nanging wonten ing njero tiyang piyambak-piyambak.[3]

Tokoh wigati Stoa[besut | besut sumber]

Bilih badhé ngangsu kawruh bab Stoisisme, lampah ingkang kapisan inggih punika maos karyanipun Saneca (2 SM-65 M) lan Marcus Aurelis (121-180 M).[3] Karya piyambakipun sedaya taksih dados karya ingkang saé ngantos samenika.[3]

Saneca mangèksi andhap amalkadonyan lan wasésa dados walang sangker kasaénan.[4] Prakara punika piyambakipun buktèkaken sasampunipun piyambakipun gadhah kalodhangan nggentosi Nero, salah satunggalé kaisar Romawi. Nanging piyambakipun malah uga diarani dadi tiyang ingkang ndamel Nero dipunsédani. Pungkasané piyambakipun nyuwun anumata kanggé lampus dhiri. Babagan punika kanggé mbuktèkaken bilih piyambakipun mboten keliru.[5]

Marcus Aurelius punika salah satunggalé kaisar Romawi. Piyambakipun mangèksi jiwa ingkang utami wonten panggesangan. Badan wadhag amung bluwèn jiwa saéngga angkahipun ingkang utami inggih punika kautaman jiwa. Piyambakipun uga atur priksa bilih tiyang punika ngadhahi pilihan kanggé lampah gesangipun. Piyambakipun gadhah gagasan bilih sedaya tiyang wonten donya punika sampun gadhah dhapukan piyambak-piyambak saking Gusti.[5]

Karya Penting[besut | besut sumber]

Letters from a Stoic déning Saneca

Discourses déning Epictetus

Meditation déning Marcus Aurelius

Saliyané karya-karya punika ana uga karya bab sajarah Stoisisme déning Cicero, Diogenes, Laertius, lan Sextus Empiricus.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Harry Hamersma (2008). Pintu Masuk ke Dunia Filsafat. Yogyakarta: Kanisius. k. 50-56. ISBN 978-979-413-188-6. 
  2. "Pandangan Filsafat Epicureanisme dan Stoisisme Tentang Manusia". www.psikologiku.com. Dijupuk 14 August 2016. 
  3. a b c d e f g h i j k l Bryan Magee (2008). The Story of philosophy. Yogyakarta: Kanisius. k. 46-47. ISBN 978-979-21-1214-6. 
  4. "Saneca dan Kebebasan Batin". www.rumahfilsafat.com. Dijupuk 14 August 2016. 
  5. a b "Stoisisme: Logika Proposisi, Patheisme, dan Etika". www.ragepublic.com. Dijupuk 14 August 2016.