Menyang kontèn

Stadion Jatidhiri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Stadion jatidhiri)
Stadion Jatidhiri
LokasiSemarang, Indonésia
Dibuat2006 (didandani)
Dibuka2006
DirenovasiLiga Indonésia
PemilikPSIS Semarang
OperatorPSIS Semarang
Kapasitas
40.000
Ukuran lapangan
105 x 70 m

Stadion Jatidhiri yaiku stadion kang dumunung ana ing Semarang. Stadion iki dadi kandhang kanggo tim PSIS Semarang. Saiki PSIS Semarang main ana ing kumpetisi divisi utama Liga Indonesia. Mapan ana ing Désa Karangreja, Kacamatan Gajahmungkur, Kota Semarang. Stadion iki sekawit kurang bisa nampung luwih saka 40.000 penonton. Saliyané stadion, ing komplek iki uga ana GOR (Gedhung Olah Raga), bèji, lan sarana among raga liyané. Kanggo warga Semarang, stadion iki wis dadi ikon bebrayan Semarang, amarga wis lumrah kanggo nggelar tetandhingan saka Liga Indhonésiya, Divisi Utama, lan Liga Dua.[1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Stadion Jatidiri dibangun nalika jaman Gubernur Jawa Tengah Muhammad Ismail lan diresmikaké ing taun 1991. Ing taun 2016, Pamarentah Provinsi Jawa Tengah, liwat Gubernur Ganjar Pranowo, miwiti dandani stadion kasebut. Dandan stadion kasebut diarepaké rampung ing pungkasan taun 2022. Dandan kasebut kalebu selokan, lapangan, tribun, atap, lampu lapangan (FOP), papan sekor, sound system, lan fasilitas panjurung liyane, sing pungkasane bakal dadi stadion kelas internasional.[2][3]

Kawit wulan Dhésèmber taun 2023, Stadion Jatidiri didandani kanthi gedhèn-gedhènen. Stadhion Jatidiri dadi stadion nomer loro ing Jawa Tengah kang didandani sawisé Stadion Gelora Bumi Kartini, Jepara. Stadion Jatidiri oleh wragad kanggo ngapikaké praèn saka Kamantrèn PUPR lan Kamantrèn Kahartakan kang ngancik tekan 80 milyar kang digunakaké kanggo dandani kursi penonton, lapangan, lan sarana prasarana liyané. Déné gunggung wragad kanggo komplek among raga Jati Diri yaiku 1,1 trilyun. Ancas pangemunah stadion dandani yaiku supaya stadion iki bisa duwé taraf kang diakoni FIFA.[4] Saka dandan praèn kasebut Stadion Jatidiri kang mauné duwé kapasitas 40.000 kang sapérangan gedhé ora nganggo kursi tribun, banjur mudhun dadi 25.000, banjur mudhun manèh dadi 18.000. Mudhuné kapasitas kasebut jalaran kanggo ngundhakaké standar kang kepénak kanggo penonton. Saliyané kuwi ing jero stadion katambahan lintasan mlayu, payon temu gelang, lan sorot lampu kang nyandhak 2.200 lux, supaya tetandhingan ing wayah wengi bisa padhang jingglang.[5]

Diresmikaké

[besut | besut sumber]

Kanthi standar sing luwih dhuwur lan fasilitas sing luwih jangkep, Stadion Jatidiri diarepaké dadi pusat kegiatan olahraga, jurung pangembangan atlit lokal lan ngundhakaké tuwuhing ékonomi basis amongraga ing Semarang. Minangka salah sawijining stadion utama ing Jawa Tengah, Stadion Jatidiri saiki wis siyap dadi kandhang pertandingan utama lan dadi simbul kang gumathok kanggo bebrayan Semarang lan sakiwa-tengené. Transformasi iki dikarepaké bakal duwé pangaribawa apik kanggo bal-balan Indhonésiya lan mènèhi pengalaman paling apik kanggo para penggemar bal-balan ing saindenging negara.[6]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Kumparan, Kontributor (2025-12-31). "Kapasitas Stadion Jatidiri Semarang, Informasi Penting Untuk Penonton". Kumparan. Dibukak ing 2025-12-16.
  2. P2K Stekom, Admin (2021-01-01). "Stadion Jatidiri". P2K Stekom. Dibukak ing 2025-12-16.
  3. Kurniawan, Ardhik (2024-10-17). "Progres Renovasi Stadion Jatidiri Semarang Capai 95 Persen Serah Terima November 2024". Espos Regional. Dibukak ing 2025-12-16.
  4. Fauziyah, Dennis, Titis Anis, Ferryl (2025-01-30). "Wajah Baru Stadion Jatidiri Semarang Setelah Direnovasi Rp235 Miliar". Kompas Regional. Dibukak ing 2025-12-16.
  5. Cipta Karya, Dirjen (2023-01-01). "Kebanggaan Warga Semarang Stadion Jatidiri Rampung Direhabilitasi". Cipta Karya PU. Dibukak ing 2025-12-16.
  6. Rilyanugraha, Richardo (2025-02-08). "Stadion Jatidiri Semarang Bertranformasi Lebih Modern Nyaman dan Berstandar Internasional". Jawa Pos. Dibukak ing 2025-12-16.