Menyang kontèn

Srikandhi Tandhing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Srikandhi Tandhing iku Dewi Wara Srikandhi ngagem busana kaprajuritan. Wujude putren jangkahan, nyothe keris. Tokoh iki digunakake kanggo nandhingi Mahasenapati Kurawa Sang Mahatma Resi Wara Bisma, ing Perang Bharatayuda dina kaping sepuluh.

Sektine Resi Wara Bisma

[besut | besut sumber]

Gugure para putra Wiratha lan Bambang Irawan

[besut | besut sumber]

Resi Bisma tuhu digdaya sekti mandraguna. Pinter ngrakit gelaring perang. Saka ing langkape Mahasenapati iki mbarubul lumepasing panah, agawe tiwase wadyabala Pandhawa pirang-pirang. Ing Bharatayuda dina sepisanan bae wis telu senapati pihak Pandhawa sing gugur, yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka, lan Resi Seta.

Pinuju rame-ramene perang ing dina kaping wolu, Bambang Irawan putrane Raden Arjuna kasambut ing yuda amarga dicidra dicokot gulune dening Kalasrenggi, kang arep males ukum mateni Arjuna. Kalasrenggi uga mati dilangga keris dening Irawan. Arjuna nangisi layone Irawan.

Dukane Prabu Kresna

[besut | besut sumber]

Amarga Bisma ora ana tandhinge, Prabu Kresna duka. Tedhak saka kreta karo ngasta sanjata Cakra. Bisma methukake kanthi ulat manis, sabdane, "Begja kemayangan Kresna yen aku mati ketaman sanjata Cakra. Sabab aku bakal antuk kabegjan ana ing alam langgeng. Nanging luwih utama pamonging Pandhawa aja tumandang dhewe. Yen senapati Pandhawa kang sipat lanang ora bisa nguntapake patine Bisma, kaya ora ana alane diangkat senapati wanita."

Raden Arjuna mudhun saka kreta, nututi Prabu Kresna, banjur nyandhak astane Prabu Kresna karo matur, "Kaka Prabu, kula aturi enget. Sampun ngantos Kaka Prabu nerak pangandika ingkang sampun kawijil ing lesan. Kaka Prabu sampun pratignya boten badhe mangsah jurit. Kasagahan paduka namung ngusiri kreta Jaladara."

Srikandhi maju ing pabaratan

[besut | besut sumber]

Amarga dielingake Arjuna, Prabu Kresna lilih penggalihe. Nuli dhawuh supaya Srikandhi mapagake Resi Bisma. Bareng sing nandhingi senapati wanita, Bisma seleh langkap. Srikandhi gage nglepasi panah, ngenani dhadhane Bisma, nanging ora bisa tumancep. Prabu Kresna ngendika, "Panahe bojomu kurang banter."

Arjuna tanggap. Bareng Srikandhi nglepasi panah maneh, Arjuna age-age nututi manah. Panahe Srikandhi ngenani dhadhane Bisma ora tumama. Ketututan panahe Arjuna ngenani nyenyepe panahe Srikandhi, kang kedudul ambles ing dhadhane Bisma. Sanalika iku Bisma ambruk ing palagan. Pandhawa lan Kurawa banjur padha ngrubung nyungkemi sukune Bisma. Mung Wrekudara sing ngadeg saka kadohan karo teken gada. Sanalika perange dadi leren. Bisma mundhut ngunjuk. Prabu Duryudana dhawuh Dursasana. Dicaosi unjukan sing sarwa mirasa tur marakake mendem. Bisma ora kersa. Arjuna nyaosi unjukan banyu kumbahan gegaman, kersa ngunjuk. Rehne blereng kena soroting srengenge, Bisma mundhut supaya diwenehi eyup-eyup. Dursasana ngladekake payung gilap. Ora ditampa. Nuli mundhut marang Pandhawa. Wrekudara njebol wit ringin. Pangirane Kurawa, Wrekudara bakal ngamuk. Kurawa bubar. Sawise paring donga pangestu murih jayaning Pandhawa, Bisma seda.

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara.2019.Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.