Squid Game
| Squid Game | |
|---|---|
| Cithakan:Infobox Korean television name | |
| Genre | |
| Digawé déning | Hwang Dong-hyuk |
| Ditulis déning | Hwang Dong-hyuk |
| Produser | Hwang Dong-hyuk |
| Diparagakaké | |
| Musik déning | Jung Jae-il |
| Negara asal | South Korea |
| Basa asli | Korean |
| Gunggung mangsa | 3 |
| Gunggung episode | 22 |
| Prodhuksi | |
| Eksekutif prodhuser | |
| Prodhuser | |
| Sinematografi | |
| Editor | Nam Na-yeong[5] |
| Panata kaméra | Multi-camera |
| Suwéné acara | 33–76 minutes |
| Prodhuksi | Siren Pictures Inc.[6] |
| Reng-rengan |
|
| Pambabaran | |
| Saluran tivi | Netflix |
| Lakuné acara | 17 Sèptèmber 2021 – Juni 27, 2025 |
| Kronologi | |
| Acara kang gegayutan | Squid Game: The Challenge |
- 1 2 Lehnen, Christine (October 6, 2021). "'Squid Game': more than a traditional survival thriller". Deutsche Welle. Diarsip saka asliné ing June 21, 2024. Dibukak ing November 1, 2024.
- ↑ Caruso, Skylar (October 1, 2021). "'Squid Game' : Everything You Need to Know About Netflix's New Korean Drama". People. Dibukak ing July 2, 2025.
- 1 2 3 4 무궁화 꽃이 피던 날 [Red Light, Green Light]. Squid Game. Usum 1. Èpisodhe 1 (ing basa Korea). September 17, 2021. Netflix.
- 1 2 빵과 복권 [Bread and Lottery]. Squid Game. Usum 2. Èpisodhe 1 (ing basa Korea). December 26, 2024. Netflix.
- ↑ "Catching up with Emmy-nominated "Squid Game" Editor Nam Na-young". Filmmaker U. August 19, 2022. Diarsip saka asliné ing August 26, 2022. Dibukak ing August 26, 2022.
- ↑ Lee, Julie (August 10, 2021). "Squid Game invites you to deadly childhood games on September 17". Netflix Media Center. Diarsip saka asliné ing August 11, 2021. Dibukak ing August 12, 2021.
- ↑ Ha, Soo-jung (January 6, 2024). 주연 이정재 14억→조연 탑·이서환 3억..'오겜2' 출연료 진실 [Oh!쎈 이슈] [Lead actor Lee Jung-jae 1.4 billion → Supporting actors Top and Lee Seo-hwan 300 million.. The truth about the appearance fee for 'Ogame 2' [Oh! Strong Issue]]. OSEN (ing basa Korea). Diarsip saka asliné ing January 6, 2025. Dibukak ing January 6, 2024 – lumantar Naver.
Squid Game (Hangul: 오징어 게임; Latin: Ojingeo geim) yaiku serial sandiwara tivi griming (thriller) ngudi nyawa (survival) brasthapada (distopia) sing dicipta, ditulis, lan disutradharani dening Hwang Dong-hyuk kanggo Netflix. Serial iki nampilaké tetandhingan winadi saka 456 juru main sing uripé wis poprok, totohan nyawa melu werna-werna dolanan bocah. Sapa-sapa sing kalah ukumané pati, lan sapa-sapa sing menang bisa nampa pituwas cacahé ₩45.6 milyar (US$39.86 yuta). Irah-irahan serial iki, squid, kajupuk saka ojingeo (srotong) yaiku aran sawijiné dolanan bocah ing Koréa. Lee Jung-jae, minangka pramupraga (protagonis) ing serial iki kanthi jeneng Seong Gi-hun. Dhèwèké minangka juru paraga utama bebarengan karo juru paraga pupulan liya.
Hwang ngreka crita Squid Game miturut uripé dhéwé sing sara. Crita iki uga nyorahi kapitalisme lan timpangé kelas sosial ing Koréa Kidul.[1] [2] Sanadyan crita iki ditulis ing 2009, Hwang ora nemokaké parusahan kirta kanggo mbandhani crita iki nganti Netflix kepencut wetara 2019 nalika Netflix kepengin ngakehaké katalog tongtonan mancanegarané.
Mangsa kapisan Squid Game dibabar sadonya ing 17 September 2021. Serial iki nampa alembana lan kawigatèn mancanagara. Serial iki minangka serial Netflix sing paling akèh ditongton lan wis nampa maneka bebungah. Kaya enem Primetime Emmy Awards lan Golden Globe. Mangsa kapindo serial iki dibabar ing 26 Desember 2024, banjur mangsa katelu lan mangsa pungkasan dibabar ing 27 Juni 2025. Suting kanggo mangsa pungkasan langsung tumandang tumutugan (back-to-back) sarampungé suting mangsa katelu. Sanadyan dianggep ora saapik mangsa kapisan, rong mangsa iki umumé isih nampa biji apik, lan Squid Game wis dadi sawijiné tongtonan unggulan ing Netflix.
- ↑ Frater, Patrick (September 24, 2021). "'Squid Game' Director Hwang Dong-hyuk on Netflix's Hit Korean Series and Prospects for a Sequel (EXCLUSIVE)". Variety.com. Diarsip saka sing asli ing October 8, 2021. Dibukak ing October 7, 2021.
- ↑ Jefferies, Stuart (October 26, 2021). "Squid Game's creator: 'I'm not that rich. It's not like Netflix paid me a bonus'". The Guardian. Diarsip saka sing asli ing October 26, 2021. Dibukak ing October 26, 2021.