Sonthé
| Holotrichia helleri | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Hexapoda |
| Klas: | Insecta |
| Ordho: | Coleoptera |
| Superfamili: | Scarabaeoidea |
| Famili: | Melolonthidae |
| Génus: | Holotrichia |
| Spésies: | Holotrichia helleri |
| Sinonim | |
|
Holotrichia rugiceps Moser, 1909 | |
Sonthé (Holotrichia helleri) ya iku gegremet kang kalebu jinis kumbang ing kulawarga Melolonthidae. Kéwan iki uga diarani bongthé, bonthé, lonthé, lunthi, klénthé, monthé, pothem, uti-uti, othé-othé, orèt-orèt, gerot, rampal, temimul, termumul, mumul, katimumul, kamultimu, gambrèngan, gambrèng utawa puthul.
Wedharan
[besut | besut sumber]Sonthé kang diwasa werna abang semu soklat kanthi dawa watara 12,5–14 mm. Asring katon mabur nalika wiwitan mangsa rendheng nalika wayah wengi lan ménclok ing wit-witan kang cendhèk, kaya ta wit gedhang lan mangan godhongé. Sonthé ora bisa mabur adoh. Sonthé wadon urip watara 5 minggu, lan ngendhog ing sajeroning lemah, jeroné watara 5–20 cm. Endhog kang netes dadi urèt (kang diarani lundhi) urip ing njero lemah lan mangan oyot tetuwuhan pari gaga, jagung[1], tebu[2][3], canthèl, seré, kekacangan, gedhang, téla kaspé, cengkèh lan jeruk. Sasuwéné dadi urèt iki, sonthé dianggep dadi ama kang ngrusak tetuwuhan.[4] Nanging, rusak tuwuhan amarga kéwan iki ora ketara.Nalika wis parah, tuwuhan dumadakan katon layu lan ora tambah gedhé. Urèt mangan oyot nganti umur 7 sasi nalika mangsa rendheng wis rampung, banjur ngaso kanthi wujud enthung watara 40 dina lan ditambah 2 sasi. Nalika wis dadi kumbang tetep ana jero lemah nganti wiwitané mangsa rendheng sabanjuré. Nalika diwasa sonthé mangan godhong.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Rudi H. Paeru, S.P., Trias Qurnia Dewi, S.P. (2017). Panduan Praktis Budidaya Jagung. Penebar Swadaya Grup. kc. 50. ISBN 9790027338.
{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ "Pengendalian Hama Uret pada Tanaman Tebu". www.puslitgula10.com. Diarsip saka sing asli ing 2018-03-03. Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ "cybex.pertanian.go.id". cybex.pertanian.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-02-06.[pranala mati permanèn]
- ↑ 1935-, Pracaya, (1991). Hama dan penyakit tanaman. Jakarta: Penebar Swadaya. ISBN 9794890987. OCLC 851124995.
{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)