Menyang kontèn

Situs Murti Gupala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Situs Murti Gupala

Situs Murti Gupala (Carakan: ꦱꦶꦠꦸꦱ꧀ꦩꦸꦂꦠꦶꦒꦸꦥꦭ) yaiku salah sawijining situs sing ana ing kawasan Candhi Prambahan. Ing Situs Murti Gupala iki ditemukaké 7 murti kuna watu putih. Situs Murti Gupala iki ana ing Désa Sumberadi, Kecamatan Prambanan, Kabupatèn Sléman, DIY. Situs iki letakké rada mlebu ing rimbuné hutan, kanggo mara ing kéné kudu ati-ati, para pangunjung kudu liwati dalan cilik sing curam lan akèh watu-watu.

Akèh spèkulasi sing muncul, Situs Murti Gupala iki awalé saka bèngkèl kanggo gawé arca. Ora akèh wong sing reti situs iki merga situs iki ora se-ténar Candhi Prambanan lan Candhi Ijo.[1] Miturut panalitèn arkeolog, situs iki asalé saka abad ké-8 Maséhi lan ditemukaké déning petani taun 1957.

Jeneng Murti

[besut | besut sumber]
Situs Murti Gupala

Murti iku tembung saka basa sangsekerta sing duwéni makna perwujudan Tuhan kanggo médhia keagamaan. Murti iki bédha karo reca utawa patung, bédhané yaiku patung namung duwéni makna hiburan utawa seni. Reca utawa patung ora duwé makna kanggo keagamaan senajan padha-padha asalé saka sesuatu sing dipahat. Murti kuwi ora mung saka watu, nanging uga bisa saka kayu, wesi lan logam. Murti kuwi padha karo tembung arca ing basa indonésia. Murti bisa saka peninggalan era Hindhu-Buddha lan uga bisa nyimpen crita klasik lan magis.[1]

Murti utawa arca biasané gambarkaké sosok déwata ing agama Hindhu-Buddha, dipahat uga dibéntuk supaya bisa katon kaya déwata. Murti sing ana ing candhi mesthi gambaraké kedadéyan sing penting uga para murti déwata sing duwéni pengaruh gedhé. Liwat murti utawa candhi iki para panalitèn sajarah lan arkéolog bisa ngerti kepiyé kabudayan lan uripé wong-wong jaman mbiyèn.[2]

Kahanan Murti

[besut | besut sumber]

Murti-murti kasebut duwéni kahanan sing ora wutuh, kayata sirahé ilang lan salah sawijining murti namung duwéni badan. Sakabèhing murti sing ana ing situs iki aus lan tétuwuhan lumut saéngga angèl kanggo diidentifikasi. Murti sing paling mencolok yaiku murti gupala sing dhuwuré tekan 2 m, duwéni kumis sing dhawa lan wetengé buncit.[1] Murti gupala iki termasuk jeneng liya, gupala sing ana ing maksud iki yaiku murti sing duwé awak gedhé lan dhuwur kaya raksasa. Jeneng gupala uga bisa duwéni tugas kanggo jagani candhi utawa panggonan suci lan letakké ana ing ngarep lawang. Biasané murti gupala duwéni rai sing galak supaya bisa ngindaraké niyat jahat utawa gangguan.[3]

Nanging, murti gupala sing ana ing situs iki dipracaya répréséntasi saka Resi Agastya, mahaguru ing ajaran Hindhu. Murti Agastya iki ngadheg lan ana sandarané. Murti Agastya iki uga duwéni karusakan, ing bagian sandarané ana sing wis pécah lan wéténgé krowak. ing sandarané uga katon senjata trisula lan papat makhluk kayangan sing uga dipahat. Murti-murti sing ana ing situs iki uga duwéni murti sing lagi lungguh, nanging ora bisa diidentifikasi merga wis aus lan akèh lumut.[1]

Resi Agastya

[besut | besut sumber]
Rési Agastya gawa kamandalu lan aksama.

Resi Agastya yaiku mahaguru sing taat lan sosok sing terkenal jasané, merga nyebaraké agama Hindhu Siwa saéngga murtiné kenthel banget karo Déwa Siwa. Resi Agastya uga dadi salah sawijining réprésentasi saka Déwa Siwa, buktiné ana ing sandarané murti Agastya kaé mau duwéni sénjata trisula, sénjatané Déwa Siwa. Liyané senjata trisula, murti Resi Agastya sing ditemukaké ana ing Indonésia uga gawa kamandalu lan aksama. Barang gawanan sing cacahé ana télu kuwi mau duwéni makna sing bedha-bedha.

Senjata trisula sing ana ing sandaran murti Agastya duwéni makna utawa simbol kekuatan kanggo ngusir sarta ngelawan sétan. Trisula uga duwéni makna késaktian lan dikaitaké karo kédudukané Rési Agastya sing dadi mahaguru ngajararaké kebaikan (Dharma).

Kendi sing digawa déning Resi Agastya duwé jénéng kamandalu, fungsiné kanggo nyimpén banyu suci. Kamandalu iki uga dikenal tirtha kamandalu, sing dadi répréséntasi gawa dharma suci lan bisa wenèhi keadilan kanggo para manungsa.

Barang iki ora mung dadi gawanané Déwa Siwa, nanging uga Brahmana lan Dewi Saraswati. Aksama utawa tasbih sing dadi gawanané Resi Agastya iki duwéni makna rantai pengetahuan sing abadi.[4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. Rospari, Rohmat. "Ternyata Ada Perbedaan Jenis Candi Patung Arca Hindu dan Budha - Edisi". Ternyata Ada Perbedaan Jenis Candi Patung Arca Hindu dan Budha - Edisi (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-30.
  3. "Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat". budaya.jogjaprov.go.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-30.
  4. Rahayu, Ni Wayan (2025-05-30). "ARCA RSI AGASTYA: TOKOH LEGENDARIS DALAM PERADABAN HINDU DI NUSANTARA". jurnal dharmasentana. 12: 47–56.