Menyang kontèn

Situs Guwa Sentana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Situs Guwa Sentana (Carakan: ꦱꦶꦠꦸꦱ꧀ꦒꦸꦮꦱꦼꦤ꧀ꦠꦤ) yaiku situs cagar budaya arupa situs guwa papané ana ing Padhukuhan Sentonorejo, Kalurahan Jagatirta, Kapanéwon Berbah, Kabupatèn Sléman, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta.[1], Situs Guwa Sentana dibangun ing sakitar abad kaping 9 utawa abad kaping 10. Guwa Sentana iku dumadi saka telung gua sing dipahat ing tebing cadas lan ngadhep menyang arah kidul-kulon. Katelu gua kuwi mapan ing sajajar ing siji garis. Kanggo gua sing kapisan, ing njero gua ana lingga yoni sing dipahat nyawiji karo lantai gua (monolith). Ing tembok sisih lor ana arca sing nggambarake Dewi Durga Mahisasuramardhini, dene ing tembok sisih kidul ana relief arca sing nggambarake Resi Agastya lan Nandiswara. Sabanjure, ing bagean ndhuwur tembok gua ana lukisan sing nggambarake sawijining tokoh lungguh ing ndhuwur lapik wangun persegi papat, lan uga ana lukisan wujud sulur-sulur. Kabeh lukisan kuwi digawe saka bahan cat ireng.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Kebudayaan Sleman, Gua Sentono".[pranala mati permanèn]
  2. "Jogjaprov, Situs Guwa Sentana".