Menyang kontèn

Siswono Yudo Husodo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Siswono Yudo Husodo
Mantri Tenaga Kerja lan Transmigrasi Republik Indonesia 8
Linggih
17 Maret 1993  14 Maret 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéSoegiarto
Kang sawiséA.M. Hendropriyono
Mantri Nagara Perumahan Rakyat Républik Indonésia 2
Linggih
21 Maret 1988  17 Maret 1993
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéCosmas Batubara
Kang sawiséAkbar Tanjung
Rerincèn dhiri
Lair4 Juli 1943 (umur 82)
Jepang Long Iram, Kutai Kulon, Kalimantan Wétan, Masa Pendudukan Jepang
BangsaIndonésia
AgamaIslam

Siswono Yudo Husodo (miyos ing Long Iraam, Kutai Kilen, Kalimantan Wétan, 4 Juli 1943) inggih punika inggih punika salah satunggalipun calon wakil Présidhén Indonésia ing Pemilu 2004.[1][2] Siswono naté njabat dados Mantri nagara Perumahan Rakyat nalika Kabinét Pangyasa V (1988-1993) lan Mantri Transmigrasi ing Kabinét Pangyasa VI (1993-1998).[1]

Siswono Yudo Husodo punika tilas Ketua Himpunan Pengusaha Muda Indonésia (1973-1977) lan Ketua Persatan Pengusaha Real Estat Indonésia (1983-1986).[1] Panjenenganipun sampun dados tiyang tani awit taun 1999 lan dados anggota MPR minangka wakil saking tiyang tani.[1] Lulusan Téknik sipil saking Institut Teknik Bandung (ITB)[2], Siswono Yudo Husodo: Pacu Kesejahteraan Rakyat ing taun 1968 punika wasis anggènipun nerangaken kados pundi caranipun ngawinaken menda, kados pundi milih bibit menda ingkang saé, lan kados pundi caranipun nandur mbako lan sayuran.[1]

Kariér

[besut | besut sumber]
  • Dhirektur Utama PT. Bangun Tjipta Sarana (1969-1988),
  • Mantri Nagara Perumahan Rakyat Kabinet Pangyasa V (1988-1993),
  • Mantri Transmigrasi dan PPH Kabinet Pangyasa VI (1993-1998),
  • Komisaris Utama PT. Bangun Tjipta Sarana (1998 s/d sapunika).[1]

Organisasi

[besut | besut sumber]
  • Ketua Umum HIPMI-Himpunan Pengusaha Muda Indonésia (1973-1977),
  • Ketua Umum Persatuan Pengusaha Real Estate Indonésia-REI (1983-1986),
  • Ketua Departemen Koperasi dan Wiraswasta DPP Golkar (1983-1988),
  • Wakil Ketua Umum KADIN Indonésia (1985-1988),
  • Dewan Pembina Golkar (1988-1998),
  • Ketua Umum HKTI-Himpunan Karukunan Tani Indonésia (1999 s/d sapunika).[1]

Pangalaman Legislatif

[besut | besut sumber]
  • Anggota MPR-RI utusan laladan DKI Jakarta (1982-1987),
  • Anggota MPR-RI Golkar Kalimantan Wétan (1987-1992),
  • Anggota MPR-RI Golkar Sulawesi Kidul Wétan (1992-1997),
  • Anggota MPR-RI Golkar Nusa Tenggara Kilen (1997-1998),
  • Anggota MPR-RI utusan golongan tiyang tani (1999 s/d sapunika).[1]

Aktivitas Sosial

[besut | besut sumber]
  • Bendahara Yayasan Wiyata Universitas Pancasila (1987-2002),
  • Anggota Majelis Nasional Pembina Harian Pramuka (1988-1998),
  • Ketua Dewan Penyantun Universitas Diponegoro (1994-1998),
  • Anggota Dewan Penyantun Universitas Andalas (1996-2000),
  • Anggota Dewan Penyantun Universitas Bengkulu (1997-2002),
  • Ketua Jakarta Golf Club (2001-2003),
  • Ketua Yayasan Wiyata Universitas Pancasila (2002 s/d sapunika),
  • Anggota Majelis Wali Amanah Institut Pertanian Bogor (2002 s/d sapunika).[1]

Karya anggitanipun

[besut | besut sumber]

Novèl: Warga Baru (Kasus Cina di Indonésia).[1]

Bebingah

[besut | besut sumber]
  • Bintang Mahaputera Adi Pradana saking Présidhén Republik Indonesia 1992,
  • Lencana Melati Gerakan Pramuka 1998.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Siswono Yudohusodo[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 29 September 2011)
  2. 1 2 Siswono Yudo Husodo: Pacu Kesejahteraan Rakyat Archived 2011-02-09 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 29 September 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Siswono Yudohusodo[pranala mati permanèn]