Menyang kontèn

Sirin Farid Stevy Asta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sirin Farid Stevy Asta inggih punika salah satunggaling seniman kondang saking Indonesia, Farid punika dipuntepung saking karya-karya bidang Musik, Desain Grafis, Seni Visual. Sirin Farid Stevy Asta lair wonten Gunungkidul 20 Oktober 1985. Piyambakipun anggadhahi hobi dolanan scooter. Farid punika lulusan saking Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta 2007. Farid punika dados vokalis saking band FSTVLST ingkang jumeneng saking 2011. Band FSTVLST punika wonten Sirin Farid Stevy minangka Vokalis, Roby Setiawan minangka Gitaris, Humam Mufid Arifin minangka Bassist, Danis Wisnu Nugraha minangka Drummer.

Sirin Farid Stevy punika lulus saking prodi Desain Komunikasi Visual Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta. Lagu-lagu FSTVLST punika kathah ingkang dipunripta Farid kaliyan kanca-kanca band punika. Lagu-lagu ingkang kathah pamiyarsanipun inggih punika:

  • Hal-hal ini terjadi
  • GAS!
  • Tanah Indah Untuk Para Terabaikan Rusak Dan Ditinggalkan
  • Orang-orang dikerumunan
  • Menantang Rasi Bintang [1]


Sakdéréngipun dados FSTVLST, Farid punika wonten grup musik Jenny. amargi wonten perkawis sanésipun, grup musik band Jenny punika gantos dados FSTVLST dumugi sakmenika. Kejawi dados vokalis band FSTVLST, Farid punika nate dados pangripta logo PT KAI[2] ingkang dipunginakaken saking tahun 2011-2020.

Awit saking lelampahan artistik punika saged nuduhaken menawi seni punika saged dados sarana kangge ngaturaken ide, kritik, kaliyan saran. Saéngga piyambakipun langkung dipuntepung dados figur kreatif wonten ing kalangan seni kaliyan budaya.[3]

Cakepan

[besut | besut sumber]

Perangan lirik lagu Tanah Indah Untuk Para Terabaikan Rusak Dan Ditinggalkan, ingkang anggadhani pamiyarsa ingkang kathah inggih punika 26,9k

Di tanah tua yang tinggal hanya

Debu, darah, dan marah

Di antara keranda prasasti janjimu

Kubangun kendaraku

Dari kayu, pasak, dan tali

Bekas bakal rumah itu [4]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "FSTVLST". Genius (ing basa Inggris). Dibukak ing 2026-05-10.
  2. "Instagram". www.instagram.com. Dibukak ing 2026-05-10.
  3. "Jogja Budaya". jogjabudaya.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2026-05-10.
  4. FSTVLST – Tanah Indah Untuk Para Terabaikan Rusak Dan Ditinggalkan, dibukak ing 2026-05-10