Menyang kontèn

Sirahan, Salam, Magelang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sirahan iku Dhusun ing Kacamatan Salam, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah.[1] Bencana lahar asrep ingkang nglanda Dhusun Sirahan, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang ing 11 Januari 2011, dados setunggaling kenangan pait ingkang mboten badhe kesupekaken kangge warginipun. Kadadeyan kasebat nirahaken dampak ageng ingkang mboten saged dipunsingkiraken, nuntut masyarakat kanggebetah ngajengi salah satunggaling kekiyatan alam ingkang paling mbebayani. Lahar asrep ingkang kedahipun mili nglangkungi ilenan kali pethak lan blongkeng wonten Kecamatan Salam lan ngluwar, kasunyatanipun wutah lan nelemaken sacacah pepanggenanipun wargi. Bena lahar kasebat nggawe risak sakedhikipun pitu dhusun, inggih menika Gemampang, Sirahan, Salakan, Jetis, Glagah, Gebayan, lan Candi, saha ngrisak infrastruktur ingkang wonten. Midherek data saking puser krisis kesarasan kementerian kesarasan RI, sakathah 4.265 tiyang kedah ngungsi , kaliyan 421 ing antawisipun inggih menika kelompok rentan. Bena lahar asrep menika kedados namung tigang sasi sasampunipun erupsi ageng redi merapi ing 28 oktober 2010.[2]

Pamarintah dhusun sirahan sampun nyusun dokumen mitigasi dampak bena lahar asrep merapi. Sawentawis 200 Kartu Kaluwargi (KK) ingkang manggen wonten zona abrit anceman bencana. Bilih kedados bencana, wargi ingkang wonten ing bantaran lepen badhe dipunsuwun wangsul manggeni hunian tetep utawi ngungsi dhateng papan evakuasi pungkasan tanjung wonten kecamatan muntilan.[3]


Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan (Permendagri No.56-2015)". www.kemendagri.go.id . Diarsip saka sing asli ing 2017-04-29. Dibukak ing 2017-10-31.
  2. Chaska, Chaska (2025-04-01). "Sirahan, Salam, Magelang". METRO JATENG. Dibukak ing 2025-11-19.
  3. Haskoro, Haskoro (2025-03-15). "Menengok Tugu Lahar Dingin Merapi di Desa Sirahan". Berita Magelang. Dibukak ing 2025-11-19.