Sindrom iritasi usus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Lelara sindrom iritasi usus

Sindrom iritasi usus ya iku gangguan ana ing sistem pancernaan mliginé ana ing usus gedhé. Ing donya medhis lelara iki sinebut uga irritable bowel syndrome. Racaké, lelara iki nyebabaké kram weteng, diaré lan rasa ora kepènak ing weteng.[1] Sapa wae bisa kena IBS. Sindrom iritasi usus iki mawa kahanan kang umum. Kurang luwih ana 10-15 wong saben 100 wong sadonya ini tau nglakoni kahanan iki. Wong wadon kanthi umur kurang saka 45 taun duwé résiko tikel loro luwih kerep kena IBS tinimbang wong lanang.[2].

Jalaran[besut | besut sumber]

Faktor sing bisa micu dumadiné lelara sindrom iritasi usus ya iku:

  • Infèksi ing saluran pancernaan.
  • Owahing kondhisi baktèri normal ing usus.
  • .Ganggunan saka fungsi utek nalika ngirim sinyal menyang usus.
  • Panganan sing kecepeten utawa kealonen dicerna ing saluran pancernaan, saéngga nyebabaké mangsur lan dhegelen.
  • Owahing kadhar hormon utawa zat kimiya ing awak sing duwé piguna kanggo nransmisikaké sinyal-sinyal saraf.
  • Ganggunan kasarasan mèntal, kaya déné sumelang, kuwatir, déprési lan strès.
  • Mangan panganan sing ngandhut gluten kaya ta mi, pasta lan panganan olahan.
  • Ngombé ombenan sing ngandhut kaféin. soda lan alkohol.[3]

Pratandha[besut | besut sumber]

Perangané usus gedhé

Pratandha nalika nandhang lelara sindrom iritasi usus ya iku:

  • Mangsur
  • Dhegelen
  • Weteng kembung
  • Weteng kram
  • Mumet
  • Kerep ngentut lan glègèken
  • Nyeri geger
  • Cepet wareg nalika mangan
  • Ora napsu mangan
  • Rasa panas ing dhadha (heatburn)
  • Inkontinénsia (ora bisa nahan rasa ngising)
  • Gampang kekeselen
  • Insomnia (ora bisa turu)[4]

Sindrom iritasi usus iki uga nyerang bocah. Pratandha sing ditemoni yaiku:

  • Fèsès cuwèr lan mbanyu
  • Ana uga sing konstipasi.
  • Ngising luwih saka 3 saben dina
  • Weteng kembung
  • Kadhang kala ngasilaké landhir sing diasilaké usus sing nglapisi ing saluran gastrointestinal.[5]

Menawa pratandha sansaya parah kaya ta bobot awak sing mudhun, ana getih ing fèsès, ambegan seseg, lan ana gronjalan ing weteng, prayogané gagé-gagé mrèsakaké menyang dhokter.

Dhiagnosis[besut | besut sumber]

Dhokter bakal mrèksa riwayat medhis sing pepak, banjur nglakoni pamrèksanan fisik. Kritèria kanggo ndhiagnosis ya iku:

  • Kritèria Roma. Kritèria iki kalebu lara weteng lan rasa ora kepènak sing dilakoni panandhang sak orané saji dina ing sak minggu, ing gunggung wektu telung sasi kepungkur.
  • Kritèria pengerjaan. Kritèria iki fokus ing rasa lara sing ilang sakwisè ngising.
  • Jinis IBS. IBS dipara dadi telu miturut pratandhané ya iku konstipasi-dominan, diaré-dominan utawa campuran.

Ana uga tès tambahan saka dhokter kaya déné:

  • Sigmoidoskopi fleksibel. Dhokter bakal mrèksa ing ngisor usus gedhè (sigmoid) migunakaké tabung sing flèksibel lan padhang (sigmoidoscope).
  • Kolonoskopi utawa prosedhur sing migunakaké tabung cilik flèksibel kanggo mrèksa sakabèhing usus gedhé.
  • X-ray utawa CT scan kanggo ngasilaké gambar-gambar struktur weteng lan bangkèkan kanggo nemoni panyebab liyané.[6]

Tamba[besut | besut sumber]

Ana obat-obatan kanggo nambani panandhang sindrom iritasi usus kaya déné:

  • Antikolinergik (kaya ta: hyoscine butylbromide).
  • Antidiare (kaya ta: loperamide). (Kanggo wong sing mèncrèt)
  • Antidepresan trisiklik (kaya ta: amitriptyline).
  • Pencahar (kanggo wong sing dhegelen)
  • Suplemén serat.[7]

Nyegah[besut | besut sumber]

Kanggo nyegah lelara iki supaya ora kumat, ana manèka cara bisa ditindakaké kaya ta:

  1. Ora mangan panganan sing nggawé jalaran lelara iki.
  2. Mangan panganan kanthi teratur lan ora ngliwataké jam mangan.
  3. Nindakaké ulah raga kanthi rutin.
  4. Ngurangi stres lan mikir sing becik-becik.
  5. Ngonsumsi panganan sing ngandhut serat akèh.
  6. Ngonsumsi prébiyotik kaya ta yogurt supaya nambah gunggung baktèri becik ing usus.
  7. Ngombé banyu putih sing cukup.[8]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. Turangan, Lily (2017-03-24). "Kenali Perbedaan Sindrom Iritasi Usus Besar dengan Sakit Maag". Kompas. Dibukak ing 2020-04-26.
  2. Joseph, Novita (2016-09-22). "Irritable Bowel Syndrome (IBS)". Hellosehat. Dibukak ing 2020-04-14.
  3. Sunur, Irene Cindy (2019-05-16). "Penyebab Irritable Bowel Syndrome dan Cara Mengatasinya". Alodokter. Dibukak ing 2020-04-15.
  4. Shabrina, Andisa (2018-10-05). "9 Gejala IBS (Irritable Bowel Syndrom) yang Paling Umum". Hello Sehat. Dibukak ing 2020-04-26.
  5. Ismawati. "Irritable Bowel Syndrome: Gejala Iritasi Usus Pada Anak". Ibupedia. Dibukak ing 2020-04-30.
  6. Utari, Reni (2019-05-29). "Irritable Bowel Syndrome". SehatQ. Dibukak ing 2020-04-26.
  7. "Irritable Bowel Syndrome". Alodokter. 2018-01-30. Dibukak ing 2020-04-15.
  8. "5 Pengobatan untuk Atasi Sindrom Iritasi Usus". Halodoc. 2019-07-17. Dibukak ing 2020-04-26.