Sindrom Serotonin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Serotonin syndrome
Jeneng liyaSerotonin toxicity, serotonin toxidrome, serotonin sickness, serotonin storm, serotonin poisoning, hyperserotonemia, serotonergic syndrome, serotonin shock
Serotonin-2D-skeletal.svg
Serotonin
SpecialtyCritical care medicine, psychiatry
GejalaHigh body temperature, agitation, increased reflexes, tremor, sweating, dilated pupils, diarrhea[1][2]
Usual onsetWithin a day[2]
SebabSelective serotonin reuptake inhibitor (SSRI), serotonin norepinephrine reuptake inhibitor (SNRI), monoamine oxidase inhibitor (MAOI), tricyclic antidepressants (TCAs), amphetamines, pethidine (meperidine), tramadol, dextromethorphan, ondansetron, cocaine[2]
Cara diagnosaBased on symptoms and medication use[2]
Differential diagnosisNeuroleptic malignant syndrome, malignant hyperthermia, anticholinergic toxicity, heat stroke, meningitis[2]
TreatmentActive cooling[1]
PangobatanBenzodiazepines, cyproheptadine[1]
FrekuensiUnknown[3]
Molekul sérotonin

Sindrom Sérotonin ya iku kadadeyan mawa kakèhan kadhar sérotonin ing awak. Prastawa iki dumadi manawa wong ngonsumsi obat kang ngandhut sérotonin kang bisa munggahaké kadhar sérotonin. Sérotonin ya iku sanyawa kimia sing diasilaké dening sistem syaraf. Senyawa iki dibutuhaké kanggo ngatur ili getih, panas awak, sistem pancernaan lan sistem ambegan. Serotonin uga dadi paraga ing njaga fungsi sèl syaraf lan sèl utek. Saliyané iku, sérotonin uga ngréwangi ngatur pola turu, napsu mangan, lan rasa pangrasa (mood).[4] Sèl-sèl syaraf ing utek lan sumsum balung mburi ngasilaké sérotonin kanggo ngatur kawigatèn, tindak-tanduk lan panas awak. Sèl-sèl liyané ing ing awak kaya déné usus uga mrodhuksi sérotonin.[5] Ananging manawa gunggung sérotonin kakèhan bisa micu pirang-pirang pratandha sing bisa dadi fatal menawa ora ditambani.

Jalaran[besut | besut sumber]

Sindrom Sérotonin disebabaké gunggung sérotonin sing kakèhan ing awak. Prastawa kasebut jalaran wong ngonsumsi rong obat utawa luwih kanthi cara bebarengan.

Sérotonin

Ana manéka werna jinis obat sing bisa ngundhakaké gunggung sérotonin ing awak kaya ta:

  • Obat kanggo nambani déprési tuladhané: fluoxetine, venlafaxine, lan amitriptyline.
  • Obat kanggo nambani keju utawa kemeng tuladhané: codeine, fentanyl, oxycodone, lan tramadol.
  • Obat kanggo lelara bipolar tuladhané: lithium.
  • Obat kanggo HIV utawa AIDS tuladhané: nevirapine lan efavirenz.
  • Obat kanggo nambani mukok tuladhané: granisetron, metoclopramide, lan ondansentron.
  • Obat kanggo nambani watuk utamané sing ngandhut dextromethorphan.
  • Obat kanggo mumet sesisih utawa migrain tuladhané: sumatriptan.
  • NAPZA kaya ta amfetamin, ekstasi, kokain, lan LSD.
  • Jamu herbal tuladhané ginséng.

Pratandha[besut | besut sumber]

Pratandha sing dilakoni deneng panandang kaya ta:

  • Bingung tanpa panyebab
  • Merinding
  • Rasa sumelang
  • Pupil mata gedhé
  • Awak gemeter
  • Mumet ing sirah
  • Jantung dheg-dhegan
  • Kringeten akèh
  • Otot padha kaku
  • Halusinasi
  • Kepéngin mukok
  • Mencrèt
  • Refleks awak sing kakèhan

Pratanda menawa kadhar sérotonin sansaya akut yaiku awak panas dhuwur, otot kedhuten, tekanan getih dhuwur, jantung dheg-dhegan, kejang-kejang nganti semaput.[6] Menawa panandang ngrasakaké prantandha iki kudu gagé-gagé digawa menyang dhokter utawa mèdhis.

Pratandha Sindrom Sérotonin sing enthèng bisa ilang mawa sedina nganti telung dina sakwisé mandheg anggone ngonsumsi obat sing ngandhut sérotonin. Ananging pratandha ngonsumsi obat depresi mbutuhaké wektu pirang-pirang minggu supaya ilang sakabéhé saka awak.

Tamba[besut | besut sumber]

Tamba Sindrom Sérotonin gumantung ana ing undhakan parah saka panandang. Menawa panandang ngrasakake pratandha ènthèng, padhatané dhokter mudhunaké dhosis utawa mandhegaké panganggonan obat sing ngandhut sérotonin. Ananging menawa pratandha sansaya kronis, panandang diwènèhi obat.

Ana obat sing diwènèhaké marang panandang Sindrom Sérotonin iki kaya déné:

  • Obat palemes otot yaiku obat sing nambani kejang-kejang. Tuladhané yaiku diazepam utawa lorazepam.
  • Obat pangontrol tekanan getih. Menawa tekanan getih saka panandang iku sansaya mudhun, dhokter mènèhi epinephrine.
  • Obat pepalang prodhuksi sérotonin. Obat iki tuladhané kaya ta cyproheptadine.

Sakliyané mènèhi obat, tamba panyengkuyung uga bisa dilakoni kaya ta mènèhi oksigén tambahan. oksigen iki diwènèhaké marang panandang kanthi selang utawa masker oksigén ing dalan ambegan. Ana uga infus kanggo ngganti cuwéran awak. Infus diwènèhaké marang panandang amarga kélangan cuwéran sing ilang amarga déhidrasi.

Nyegah[besut | besut sumber]

Kanggo nyegah Sindrom Sérotonin, bisa dirembug bebarengan karo dhokter. Aja langsung mandheg anggoné ngonsumsi obat sing ngandhut sérotonin amarga mupangat obat kuwi mau luwih gedhé tinimbang efék sampingé.[7]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Fer2016
  2. a b c d e Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Vol2013
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Dom2013
  4. Anggraini, Ariska Puspita (2017-12-03). "5 Cara Tingkatkan Serotonin, Hormon yang Mencegah Depresi". Kompas. Dibukak ing 2020-01-25.
  5. "Sindrom Serotonin". Detik. 2009-12-14. Dibukak ing 2020-01-25.
  6. Andini, Widya CItra (2018-07-28). "Berkenalan Dengan Serotonin, Zat Kimia Alami yang Bisa Mengatur Emosi". Hello Sehat. Dibukak ing 2019-01-25.
  7. "Sindrom Serotonin". Alodokter. 2019-01-18. Dibukak ing 2020-01-25.