Salat grahana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Shalat Grahana)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Salat grahana utawa Salat kusufain miturut jenengé diayahi nalika ana kadadéan grahana rembulan utawa srengéngé. Salat kang dilakoni nalika ana grahana rembulan ingaran Salat Khusuf déné nalika grahana srengéngé ingaran Salat Kusuf. Ukum Salat Grahana yaiku Sunat Muakkadah utawa sunat kang ditekenaken kanggo wong lanang utawa wadon. Muhammad tau dhawuh kang tegesé

"Sajatiné srengéngé lan rembulan iku rong tandha saka tandha-tandha kekuwasaane Allah, lan lelorone dudu grahana (amarga) anané wong mati, utawa kauripane (klairane). Mangka manawa kowe kabèh weruh grahana, shalatana." (Hadis diriwayatake Imam Bukhari).[1]

Wektu[besut | besut sumber]

Salat grahana dilakokna kaya Salat id (Idul Fitri utawa Idul Adha). Wektu Salat Grahana yaiku awit kedadene grahana nganti ilange grahana (srengéngé lan rembulan katon manèh). Manawa grahana kedadene ing akhire awan (nalikané salat ing wektu iku dimakruhake banget), mangka salat diganti kanthi dzikir marang Allah, lan ndedonga marang Allah.[1]

Tata cara[besut | besut sumber]

Tata carané Salat Grahana yaiku kaum muslimin kumpul ing masjid tanpa adan lan iqamah. Banjur salat rong rakangat, lan ing saben rakangat nglakoni ruku' ping loro, lan rong sujud kanthi ndawakake wacanane, ruku', lan sujud. Manawa grahana rampung ing tengah-tengahé salat, mangka sholate kena dirampungake kaya déné salat sunat biyasa.[1]

Salat Grahana ora ana khutbahe, nanging imam éntuk paring nasihat marang jamaah, amarga prekara iku apik banget.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Kumpulan Salat-Salat Sunat, Drs. Moh. Rifa'i, CV Toha Putra, Semarang, 1993
  1. a b c d [Al Jazairi, Abu Bakr Jabir, (2007), Ensiklopedi Muslim Minhajul Muslim, Jakarta: Darul Falah]