Salat awwabin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Shalat Awwabin)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Salat Awwabin iku siji jinis salat Sunat. Awwabin asal saka tembung basa Arab kang tegesé (wong kang kerep taubat). Ana prabédan panemut ngenani salat iki ing kalangan para ulama. Ana kang mratélakaké yèn salat awwabin diayahi antara wektu maghrib lan isya, sauntara kang liya ngandhakaké salat awwabin iku jeneng liya saka salat dhuha.

Hadits kagandhèng[besut | besut sumber]

  • "Shalaté wong-wong awwabin (kang kerep taubat marang Allah) ya iku nalika anak unta ngrasa kepanasan" (HR. Muslim: 848)
  • "Ora ana kang njaga salat dhuha kajaba wong awwab (kerep taubat). Rasulullah ngendika: "Iku shalaté wong-wong kang kerep taubat" (HR Ibnu Khuzaimah sajeroning Shahihé: 1224, Al-Hakim sajeroning Al-Mustadrak 1/313 Ath Thabarani sajeroning Al-Ausath: 4322. Disahihaké Al Hakim lan disepakati Adz-Dzahabi. Lan dihasanaké Al-Albani sajeroning silsilah Ash-Shahihah no. 707).
  • Saka Zaid bin Arqam ra. Ngendika:" Nabi SAW metu menyang kang ndunungi Quba lan wong-wong iku pinuju salat dhuha. Nabi ngendika,'Salat awwabin (duha‘) mungkasi nagnti panas nyengat (awani)' ". (HR Ahmad Muslim dan Tirmizy)

Rujukan[besut | besut sumber]