Menyang kontèn

Seventeen Band

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Seventeen Band
Seventeen Band
Latar wuri
Lair 17 Januari 1999 (umur 27)
Indhonésia Yogyakarta, Indonésia
Jinis Musik Pop alternative
Taun aktif 1999-sapunika
Parusahan rekaman Universal Music Indonésia
Mi2 Music Production
Mrabawani marang K-pop
Anggota
Bani (bas)
Yudhi (gitar)
Herman (gitar)
Ifan (vokal)
Andi (drum)
Mantan Anggota
Doni (vokal, gitar)

Seventeen Band (Hangul: 세븐틴; ditulis sebagai SEVENTEEN atau SVT) kalebet grup musik saking Indonesia ing manggèn ing Jakarta. Grup musik punika dipunwujudaken ing taun 1999.[1][2] Anggotanipun cacah gangsal tiyang inggih punika Bani (gitar bass), Yudhi (gitar), Herman (gitar), Andi (drum), lan Ifan (vokal).[1] Album ingkang sepisanan inggih punika Bintang Terpilih ingkang dipunrilis taun 1999.[1] Band punika limrahipun gadhah genre rock.[1][2]

Band punika kawujud kanthi gagasanipun Yudhi Rus Harjanto (Yudhi), Herman Sikumbang (Herman) lan Windu Andi Darmawan (Andi) ingkang sekolah ing satunggalipun SMA swasta ing Yogyakarta.[1] Amargi péngin damel grup band kanthi serius, lajeng nglebetaken satunggal personil malih, ingkang namanipun Bani.[1] Resminipun band punika lair ing tanggal 17 Januari 1999 jam 17.00. Kaleresan ing wekdal samanten sadaya personel yuswanipun nembé 17 taun. Doni (vokal, gitar) nembé ndhèrèk satunggal taun salajengipun.[1] Album ingkang sepisanan Bintang Terpilih dipunrilis ing tanggal 17 Juli 2003 ing kanthi label perusahaan Universal Music Indonesia.[1] Album punika kalebet sukses amargi saged kasade ngantos 75 ewon lan sawatawis lagunipun dados soundtrack sinétron.[1] Taun 2005 grup band punika ngliris album ingkang kaping kalih, ingkang ngandelaken lagu "Jika Kau Percaya".[1]

  • Bintang Terpilih (2003)
  • Sweet Seventeen (2005)
  • Lelaki Hebat (2008)
  • Dunia Yang Indah (2011)
  • Sang Juara (2013)
  • Pantang Mundur (2016)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Rilis Album Ketiga, Band Seventeen Datangi Pembajak dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
  2. 1 2 Seventeen dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]