Menyang kontèn

Setatsiyun Kalasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stasiyun Kalasan.

Setasiyun Kalasan (Carakan: ꦱꦼꦠꦠ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦏꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀) iku salah siji wangunan cagar budaya ing Sléman. Kapernah ana ing Kringinan, Tirtomartani, Kalasan, Sléman. Setasyun iki wis ora aktif seka tahun 2007. Setasiyun iki kalebu ing jalur (Jalur Sepur Lintas Kidul Pulau Jawa) lan kapernah ana ing +129 meter seka duwur banyu laut. Setasiyun iki ora dingo menèh amerga ana jalur anyar lintas Kutoarjo-Solo Balapan lan peggunané sing gari setitik. Setasiyun iki ora aktif, nanging wangunan setasiyun lan omah dinas pegawéné tetep ngadeg jejeg. Wangunan kui saiki didadekké wangunan cagar budaya karo pemerintah kabupatèn Sléman.[1]

Sejarah

[besut | besut sumber]

Setasiyun Kalasan digawe nalika masa kolonial Hindia Belanda, kanggo Pembangunan jaringan persepuran nasional. Setasiyun iki ana ing jalur antarané Setasiyun Maguwo lan Setasiyun Brambanan (saiki Prambanan), lan fungsiné kanggo mandheké sepur lokal lan angkutan barang. Papané sing cerak karo Kawasan bersejarah Candhi Kalasan lan Candhi Sari andadékaké stasiyun iki dadi papan mlebuné ing papan wisata lan kéagamaan nalika jaman biyen. Abad 20-an, Setasiyun Kalasan dadi penting kanggo nggampangké wira-wiriné para warga lan kanggo distribusi hasil bumi seka daerah Sléman wétan. Nanging, berkembangé transportasi seka dibanguné dalan dalan lan tumpakan peribadi, setasiyun iki medun penggunané. Puncaké ana ing awal tahun 2000-an.[2]

Ditutup

[besut | besut sumber]

Setasiyun Kalasan akhiré ora dingo menèh (dinonaktifkan) ana ing taun 2007 barengan karo rampungé proyek jalur ganda lintas kidul Jawa. Ing proyek kui, ming setasiyun sing ramé waé sing isih tetep dingo, lan setasiyun sing cilik kaya Setasiyun Kalasan iki lekas ora dingo menèh. Setasiyun iki cerak karo Setasiyun Maguwo sing mlebu ing Bandara Adisutjipto uga dadi pertimbangan penutupan setasiyun iki.

Arsitektur

[besut | besut sumber]

Wangunan Setasiyun Kalasan nduweni ciri khas arsitéktur kolonial Wlanda sing dipernahke karo ungsum tropis Indonesia. Wangunan utama nganggo bata kandel lan candela angin-angin sing gede dingo ngatur mebu metune angin. Gendhènge dhuwur lan nganggo gendhèng lemah lempung model limasan. Téras ngarep lan samping didadekake ruang tunggu njaba. Ing komplek setasiyun ana omah dinas pegawé, lan salah sijiné omah dinas kepala setasiyun. Omah-omah kui uga digawé padha karo setasiyun kang nggambarké wangunan ing mangsa Hindia Belanda. Nganti saiki wangunan setasiyun lan rumah dinas isih wutuh, masio ora dingo meneh.

Status cagar budaya

[besut | besut sumber]

Wangunan Setasiyun Kalasan lan omah dinase, ditetapké dadi wangunan cagar budaya karo Pemerintah Kabupaten Sléman liwat règulasi pelestarian bangunan bersejarah. Penetapan iki didelok seka Sejarah, arsitektur lan hubungané kara mangsa kolonial walanda. Amarga dadi cagar budaya, wangunan iki dilindungi karo undang-undang lan ora oleh diganti utawa dibongkar sekarepé déwé. Salah siji omah dinas kepala setasiyun saiki dingo papan kulinèr sing jenengé “Kopi Stasiyun Kalasan” (Kostaka)[3], lan tetep jaga bentuk asli wangunane.

Setasiyun Kalasan Kapernah ing Kalurahan Tirtomartani, Kapanewon Kalasan, Kabupatèn Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Papané ana ing sisih kidul dalan Jogja-Solo lan ora adoh seka situs Purbakala kaya Candi Kalasan, Candi Sari lan Candhi Prambanan. Koordinat géografis setasiyun iki ana ing sekitar 7°47′ Lintang Selatan dan 110°26′ Bujur Timur, lan duwure ±129 meter saka duwur laut.[4]

  1. ivan. "Bangunan Cagar Budaya Jadi Rekreasi Keluarga - Krjogja". Bangunan Cagar Budaya Jadi Rekreasi Keluarga - Krjogja (ing basa Indonesia).
  2. Wakang, Aisyah Amira (2024-11-19). "Stasiun Kalasan Jogja: Saksi Haru Mahasiswa 70-an Hadapi Perpisahan yang Kini Tercampakkan". Mojok.co (ing basa Inggris Amérika Sarékat).
  3. Location:. "Kopi Stasiun Kalasan(Kostaka)Kuliner Dan Wisata Kekinian Di Jogjakarta".{{cite web}}: CS1 maint: extra punctuation (link)
  4. Okta, Maria (2018-07-30). "Stasiun Kalasan Riwayatmu Kini". KabarPenumpang - Jalur Informasi Penumpang Tiga Moda (ing basa Inggris Amérika Sarékat).