Serat Jayabaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Cithakan:Pindah/Wikisource Serat Jayabaya

Besuk yèn wis ana kreta tanpa jaran.

Tanah Jawa kalungan wesi.

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.

Kali ilang kedhunge.

Pasar ilang kumandhang.

Iku tandha yèn tekane jaman Jayabaya wis cedhak.

Bumi saya suwé saya mengkeret.

Sekilan bumi dipajeki.

Jaran doyan mangan sambel.

Wong wadon nganggo pakeyan lanang.

Iku tandhane yèn wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.

Akeh janji ora ditetepi.

Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhéwé.

Manungsa padha seneng nyalah.

Ora ngendahake hukum Allah.

Barang jahat diangkat-angkat.

Barang suci dibenci.

Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit.

Lali kamanungsan.

Lali kabecikan.

Lali sanak lali kadang.

Akeh bapa lali anak.

Akeh anak wani nglawan ibu.

Nantang bapa.

Sedulur padha cidra.

Kulawarga padha curiga.

Kanca dadi mungsuh.

Akeh manungsa lali asalé.

Ukuman Ratu ora adil.

Akeh pangkat kang jahat lan ganjil.

Akeh kelakuan kang ganjil.

Wong apik-apik padha kapencil.

Akeh wong nyambut gawé apik-apik padha krasa isin.

Luwih utama ngapusi.

Wegah nyambut gawé.

Kepingin urip mewah.

Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.

Wong bener thenger-thenger.

Wong salah bungah.

Wong apik ditampik-tampik.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong agung kasinggung.

Wong ala kapuja.

Wong wadon ilang kawirangane.

Wong lanang ilang kaprawirane.

Akeh wong lanang ora duwé bojo.

Akeh wong wadon ora setya marang bojone.

Akeh ibu padha ngedol anaké.

Akeh wong wadon ngedol awake.

Akeh wong ijol bebojo.

Wong wadon nunggang jaran.

Wong lanang linggih plangki.

Randha seuang loro.

Prawan seaga lima.

Dhudha pincang laku sembilan uang.

Akeh wong ngedol ngèlmu.

Akeh wong ngaku-aku.

Njabane putih jeroné dhadhu.

Ngakune suci, nanging sucine palsu.

Akeh bujuk akèh lojo.

Akeh udan salah mangsa.

Akeh prawan tuwa.

Akeh randha nglairaké anak.

Akeh jabang bayi lair nggoleki bapakne.

Agama akèh kang nantang.

Prikamanungsan saya ilang.

Omah suci dibenci.

Omah ala saya dipuja.

Wong wadon lacur ing ngendi-endi.

Akeh laknat.

Akeh pengkianat.

Anak mangan bapak.

Sedulur mangan sadulur.

Kanca dadi mungsuh.

Guru disatru.

Tangga padha curiga.

Kana-kéné saya angkara murka.

Sing weruh kebubuhan.

Sing ora weruh ketutuh.

Besuk yèn ana peperangan.

Teka saka wétan, kulon, kidul lan lor.

Akeh wong becik saya sengsara.

Wong jahat saya seneng.

Wektu iku akèh dhandhang diunekake kuntul.

Wong salah dianggep bener.

Pengkhianat nikmat.

Durjana saya sampurna.

Wong jahat munggah pangkat.

Wong lugu kebelenggu.

Wong mulya dikunjara.

Sing curang garang.

Sing jujur kojur.

Pedagang akèh kang keplarang.

Wong main akèh kang ndadi.

Akeh barang karam.

Akeh anak karam.

Wong wadon nglamar wong lanang.

Wong lanang ngasorake drajate dhéwé.

Akeh barang-barang mlebu luang.

Akeh wong kaliren lan wuda.

Wong tuku ngglenik kang dodol.

Sing dodol akal okol.

Wong golèk pangan kaya gabah diinteri.

Sing kebat kliwat.

Sing telah sambat.

Sing gedhé kesasar.

Sing cilik kepleset.

Sing anggak ketunggak.

Sing wedi mati.

Sing nekat mbrekat.

Sing jerih ketindhih.

Sing ngawur makmur.

Sing ngati-ati ngrintih.

Sing ngedan keduman.

Sing waras nggagas.

Wong tani ditaleni.

Wong dora ura-ura.

Ratu ora netepi janji, musna panguwasane.

Bupati dadi rakyat.

Wong cilik dadi priyayi.

Sing mendele dadi gedhé.

Sing jujur kojur.

Akeh omah ing ndhuwur jaran.

Wong mangan wong.

Anak lali bapak.

Wong tuwa lali tuwané.

Pedagang adol barang saya laris.

Bandhane saya ludhes.

Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.

Akeh wong nyekel bandha nanging uripé sangsara.

Sing edan bisa dandan.

Sing bengkong bisa nggalang gedhong.

Wong waras lan adil uripé nggrantes lan kepencil.

Ana peperangan ing njero.

Timbul amarga para pangkat akèh kang padha salah paham.

Durjana saya ngambra-ambra.

Penjahat saya tambah.

Wong apik saya sengsara.

Akeh wong mati jalaran saka peperangan.

Kebingungan lan kobongan.

Wong bener saya thenger-thenger.

Wong salah saya bungah-bungah.

Akeh bandha musna ora karuan lungane. Akèh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe

Akeh barang-barang karam, akèh bocah karam.

Bejane kang lali, bejane kang eling.

Nanging sauntung-untunge kang lali.

Isih untung kang waspada.

Angkara murka saya ndadi.

Kana-kéné saya bingung.

Pedagang akèh alangane.

Akeh buruh nantang juragan.

Juragan dadi umpan.

Sing suwarane seru olèh prabawa.

Wong pinter diingar-ingar.

Wong ala diuja.

Wong ngerti mangan ati.

Bandha dadi memala.

Pangkat dadi pemikat.

Sing sawenang-wenang rumangsa menang.

Sing ngalah rumangsa kabèh salah.

Ana Bupati saka wong kang asor imane.

Patihe kepala judhi.

Wong kang atine suci dibenci.

Wong kang jahat lan pinter jilat saya derajat.

Pemerasan saya ndadra.

Maling lungguh wetengé mblenduk.

Pitik angrem saduwure pikulan.

Maling wani nantang kang duwé omah.

Begal pada ndhugal.

Rampok padha keplok-keplok.

Wong momong mitenah kang diemong.

Wong jaga nyolong kang dijaga.

Wong njamin njaluk dijamin.

Akeh wong mendem donga.

Kana-kéné rebutan unggul.

Angkara murka ngombro-ombro.

Agama ditantang.

Akeh wong angkara murka.

Nggedhekake duraka.

Ukum agama dilanggar.

Prikamanungsan di-iles-iles.

Kasusilan ditinggal.

Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi.

Wong cilik akèh kang kepencil.

Amarga dadi korbane si jahat kang jajil.

Banjur ana Ratu duwé prabawa lan duwé prajurit.

Lan duwé prajurit.

Nagarane ambané saprawolon.

Tukang mangan suap saya ndadra.

Wong jahat ditampa.

Wong suci dibenci.

Timah dianggep pérak .

Emas diarani tembaga.

Dandang dikandakake kuntul.

Wong dosa sentosa.

Wong cilik disalahake.

Wong nganggur kesungkur.

Wong sregep krungkep.

Wong nyengit kesengit.

Buruh mangluh.

Wong sugih krasa wedi.

Wong wedi dadi priyayi.

Senenge wong jahat.

Susahe wong cilik.

Akeh wong dakwa dinakwa.

Tindake manungsa saya kuciwa.

Ratu karo Ratu pada rembugan nagara endi kang dipilih lan disenengi.

Hore! Hore!

Wong Jawa kari separo.

Landa-Cina kari sejodho.

Akeh wong ijir, akèh wong cethil.

Sing eman ora keduman.

Sing keduman ora eman.

Akeh wong mbambung.

Akeh wong limbung.

Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka.