Serat Gatholoco

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Cover Serat Gatholoco karya Siti Maziyah

Serat Gatholoco ya iku sawijining serat Jawa arupa tembang mijil[1]. Gatholoco ya iku suluk karya sastra Jawa Klasik, nggunakaké basa jawa anyar, bentuké tembang macapat, isiné wulangan tasawuf utawa mistik.[2] Serat punika ngandaraké carita lelakon Gatholoco kaliyan Dewi Perjiwati babagan hakikat lanang-wadon, tindak ing asmaragama lan asal-usul dadiné manungsa. Gatholoco muwus, ing mangka jeneng utama, gotho iku tegesé sirah kang wadi, loco piranti gosokan.[3] Anané serat, Gatholoco iku anak raja Suksmawisesa ing karajan Jajarginawé ingkang pasuryané ora bagus, duwé batur setya, jenengé Darmagandhul sing pasuryané ora bédha adoh karo bendarané.[2] Gatholoco didhawuhi tapa brata marang Bapa kanggo golèk kawruh kasunyatan Ilmu Sejati, supaya bisa dadi wong kang migunani déning liyan, pinter anggoné debat, nulis-tinulis, lan pinter itung-itungan.[2]

Cerita serat Gatholoco[besut | besut sumber]

Salah sawijining serat nerangaké ana guru ngaji jenengé Abdulmanab, Abdulgharib, lan Abduljabar.[2] Panjenengané fasih anggoné maos Al Qur’an, Fikih, lan Nahwu. Tepang kaliyan Gatholoco wonten ing margi, banjur debat lan musyawarah Agama kaya ta wong sing anduwèni ngèlmu, hakikaté haram, halal, lan najis.[2] Gatholoco bisa menang anggoné Argumen banjur ngajak ustadz telu (3) iku dolanan teka-teki babagan wayang, dhalang, blencong, lan kelir.[2] Pitakoné Gatholoco, “ngendi sing tuwa dhéwé?” wangsulan iku dimenangaké karo Gatholoco.[2] Panjenengané nerangaké hakikat wayang, kelir, blencong, lan gamelan.[2] Ustadz kana mau banjur lunga menyang Cepekan.[2]

Ing Cepekan wonten guru ngaji (ustadz) ingkang asma Kasan Mustahal, Kasan Besari, lan Ki Duljalal.[2] Ustadz telu (3) iku disowani marang para ustadz sing tepang ing margi karo Gatholoco mau, nyritakaké kalahé debat karo Gatholoco.[2] Gatholoco digolèki lan diajak ing Pondok Cepekan gawé debat marang ngèlmu sajati.[2] Perdebatan Gatholoco kaliyan para ustadz ing Pondok Cepekan iku dimenangaké Gatholoco, amarga kalah debat, Gatholoco diusir saka pondok, wiwitané Gatholoco ora gelem lunga yèn durung diwènèhi sangu, sawisé diwènèhi sangu Gatholoco lunga ninggal Pondok neruské palampahané.

Palampahan Gatholoco tekan ing Gunung Endragiri lan ketemu marang pertapa jenengé Dewi Perjiwati, sadurungé ketemu Dewi Perjiwati kedah ngadhepi para emban lan cantriké. Gatholoco diwènèhi teka-teki, nanging Gatholoco bisa mangsuli pitakon iku kanthi bener, banjur Gatholoco bisa ketemu Dewi Perjiwati. Sawisé ketemu Gatholoco diwènèhi pitakon babagan Kalimah Sahadat, arti lanang-wadon lan suami-istri, yèn Gatholoco bisa jawab kanthi becik mangka Dewi Perjiwati dadi garwané. Ing sajeroning carita, Gatholoco bisa menangaké perdebatan iku banjur kapeksa Dewi Perjiwati gelem dadi garwané. Emban lan cantrik Perjiwati mènèhi saran supaya Gatholoco dijak mlebu anèng sajeroning Guwa, banjur sawisé ing jero, guwa langsung ditutup. Darmagandhul, paring pepéling Gatholoco nanging ora digatèkaké. Sawisé metu ing guwa Gatholoco sadar yèn pancèn diapusi déning Perjiwati. Amarga ngerti yèn diapusi Gatholoco dadi isin, banjur mlebu manèh ana sajeroning Guwa perang kaliyan Dewi Perjiwati.Wong loro (2) iku padha-padha sekti lan ora ana sing kalah, banjur lair jabang bayi anèng sajeroning rahim Dewi Perjiwati, Gatholoco lan Dewi Perjiwati padha bungah marang bayi iku. Banjur Dewi Perjiwati takon, “anak sapa iki?” Gathococo mangsuli, “iku anakmu lan anakku uga”. Bayi iku ngesuk didhidhik lan diwarahi ngudi kawruh ajaran Agama Islam.[4]

Isi serat Gatholoco[besut | besut sumber]

Sapunika purwakaning atur sekar mijil Serat Gatholoco, Prana Putek kapetek ngranuhi, Wiyaganing batos, raosing tyas karaos kekesé, taman bangkit upami nyelaki, rudah gung prihatin, nalangsa kalangkung. Sajeroning kingkin Sinalamur nulis, Serat Gatholoco, cipteng nalaq ngupaya lejaré, tarlén muhung mrih ageming galih, ywa kalantur sedhih, minangka panglipur.[3]

Dudu anak manungsa sayekti, anak belis sétan brekasan, turuné memedi wéwé gatholoco duk ngrungu, dènwastani yèn anak belis, langkung lara manahé, nanging tan kawetu, ngungkabi gembolanira, klélétipun sayebug sigro ingambil, dèn until babar pisan.[3]

Pan sakala èndemé maratani, mrasuk badhan kulit dagingira, ludira otot bayuné balung kalawan sungsum, kikiyatan sadaya pulih, kawistara nyrebabak, cahyanipun santun, guru tiga wrin waspada, samya eram tyasnya ngungun tanandugi, pratingkah kang mangkono.[3]

Abduljabar ngucap mring Mud Arif, lahta mara agé takonana, apa kang dèn until kowé. Lan sapa aranipun, sarta manèh wis mané ngendi, apa panggotanira, ing sadinanipun, lan apa tan adus toya, salawasé déné awaké mbesiki, janma iku sun- kira.[3]

Dia ngredi syarak lawan sirik, najis mekruh batal lawan haram, mung nganggo senengé dhéwé sanajan iwak asu, daging cèlèng utawa babi, angger doyan pinengan, ora duwé gigu, tan pisan wedi duraka, Ahmad Arif mrepeki gya muwus aris, wong ala ingsun tannya.[3]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ trisnowlaharwetan.com
  2. ^ a b c d e f g h i j k l Prawira Taruna (1957), Balsafah Gatolotjo, Penyusun R. Tanojo, Penerbit S. Muljo, Sala.
  3. ^ a b c d e f Saka naskah asli tinulis ing aksara Jawa kang disimpen déning Prawira Taruna.
  4. ^ http://www.heritageofjava.com/

Pranala njaba[besut | besut sumber]