Senyawa Antioksidan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Senyawa Antioksidan

Antioksida inggih punika sényawa ingkang mampu nunda, ngélambatake utawi menghambat réaksi oksida wonten makanan utawi jampi, tengpundhi senyawa-senyawa punika gampil teroksidasi saéngga sèl-sèl sanès kahindar saking Radikal bébas. Antioksida inggih punika substansi ingkang netralaken Radikal Bebas amergi senyawa-senyawa mau ngorbanaken priyangga supados téroksidasi saéngga sèl-sèl sanès kahindar saking Radikal Bébas utawi ngelindungi sèl saking èfék bahayanipun radikal Bébas. Oksigén reaktif manawi hal punika nengenaken kaliyan pényakit dimana radikal Bebas piyambak saged saking asil Metabolisme awak utawi fosfor Èksternal.[1]

Mékanisme Antioksidan wonten Hambat Oksidasi[besut | besut sumber]

Antioksida saged hambat utawi memperlambat oksidasi jalaran wonten caranipun: 1. Penangkapan radikal bébas free radikal scavenging antioksidan jinis punika saged dipunsebat dados antioksidan primer, ingkang kalebu jinis punika inggih punika vitamin E a-tokofero lan flavonoid. 2. Tanpa ngélibatake penangkapan radikal bébas. Antioksidan punika dipunsebat kaliyan antioksidan sékunder ingkang mékanisme pengikatipun jalaran pengikat logam, nangkep oksigèn, ngubah hidroperoksida dados spésies non radikal, nyerap sinar ultraviolet lan mendektivasi oksigèn singlet.[1]

Mupangat lan Fungsi Antioksidan[besut | besut sumber]

1. Antioksidan punika zat ingkang sanget dipunbutuhake déning awak, kanthi umum saged hambat oksidasi lemak. Wontun awak manungsa wonten radikal bébas, saéngga sampingan saking prosès pembentukan ènergi, ingkang wonten jumlah katamtu, radikal bébas dipunbutuhake supados saged mbantu sel darah putih utawi leukosit kanggé ngancuraken utawi mangan kuman ingkang mlebet wonten dalem tubuh. Ananing manawi kondisi radikal bébas wonten awak kekatahen mila radikal bébas gadhah sefat ngerusak awak. Meningkatnya radikal bébas ingkang kaluwehan pinika njalari penuaan dini, amargi saged ngerusak senyawa lemak ingkang saged ngilangaken elastisita kekencangan kulit saéngga njalari kriput. Boten namung nyegah penuaan dini kemawon, nanging antioksida dipunsinyalir mampu nyegah tukule sel kanker payudara, antioksidan punika kadas flavonoida, Glikosida, lan Polifenol, ugi mampu nyegah lelara Alzheimer (lelara pikun pada manula) lan kardiovaskular (lelara jantung) lan pembuluh darah.[1]

Radikal Bebas[besut | besut sumber]

Radikal bébas saged dipundéfinisaken dados suatu molekul atom utawi pinten-pinten atom ingkang gadhah satunggal utawi luwih elektroningkang boten berpasangan ing orbit jawinipun pramila gadhah sipat reaktif. Molekul punika gampil wujud senyawa énggal. Wonten pinten-pinten macam radikal bébas dados turunan saking C, N, nanging ingkang asring dipunmangertosi inggih punika radikal oksigèn. Radikal bébas ingkang wonten ing awak saged saking endogen utawi saking jawi awak eksogen. Sacara endogen, radikal bébas dumadi dados respon normal saking rantai peristiwa biokimia ing awak. Sumber radikal bébas ing bahan biologis inggih punika superoksid dismutase, sitokrom P-450, xantin oksidasi, lipoksigenase, siklo-oksigenase, transpor elektron, saha quinon. Sacara eksogen, radikal bébas saking sumber, antawisipun polutan, panganan, saha unjukan, radiasi, ozon, pestisida. Sacara endogen radikal bébas saged muncul nglampahi pinten-pinten mekanisme kaya déné auto-oksidasi, aktivitas oksidasi, tuladhanipun siklo-oksigenase, lipoksigenase, dehidrogenase saha peroksidase lan sistem transpor elektron. Radikal bebes dipunproduksi ing sel kaliyan mitokondria, membran plasma, lisosom, peroksisom, endoplasmik, retikulum, inti sel. Peningkatan kadar radikal bébas ing awak kadadosan amargi pembentukan ingkang mundhak utawi pembuanganipun radi kirang. Keadaan peningkatan kadar redikal bébas punika saged kawestanan stress oksidasi. Sifat punika dipunsebabaken radikal bébas merupakan senyawa toksik ingkang berpotensi ageng ngerusak sel, jaringan saha organ. Radikal bébas ing awak utamanipun inggih punika derivat oksigèn reaktif reactive oxygen species utawi ROS. Kabentukipun oksigèn reatif ing awak kalangsungaken terus pinerus ingkang sami kaliyan radikal bébas sanèsipun. Oksigèn reaktif saged wujud superoksid, radikal hidroksida, oksida nirit, peroksinitrit, asem hidroklor, radikal alkoksid, saha radikal peroksid.[2]

Antioksidan Alami[besut | besut sumber]

Senyawa ROS maringi efek ngerusak manawi keseimbanganipun antawis oksigèn saha antioksidan kaganggu. Keseimbangan punika gumantung kaliyan konsumsi panganan ingkang mbeta asem-asem amino esensial ing jumlah ingkang diperlukaken kanggé sintesis protéin, sarta zat-zat gizi sanès ingkang diperlukake tuladhanipun kanggé sintesis protéin, kofaktor kados glutation tereduksi, antioksidan, saha oligoelemen, Cu, Zn, lan Se ingkang kagolong kofaktor enzim ingkang saged mendegradasi senyawa-senyawa ROS sera vitamin-vitaamin antioksidan vitamin A, C, E, lan B2. Dados manawi ing awak sampun dumadi oksigèn reaktif lan senyawa peroksida nanging awak ugi mampu mbuwang kaliyan ngubah dados taya nglampahi manfaat senyawa antioksidan.[3]

Penyakit Konkrit amergi radikal Bebas[besut | besut sumber]

Radikal bébas saged njalari karusakan sel amergi saged nimbulaken karusakan ing protéin aktivitas enzim kaganggu, asem nukleat karusakan DNA,mutasi, sel, saha karusakan ing lipid, fluiditas membran kaganggu. Dados akibatipun pertumbuhan lan perkembanganipun sel manawi kirang wajar, langkung saged njalari kematian. Membran plasma menawinipun panggènan ingkang utami reaksi radikal bébas, amargi gadhah struktur saking asem lemak boten jenuh ganda ingkang gampil teroksidasi lipid peroksidasi. Icalipun asem lemak boten jenuh ing membran plasma ganggu permeabilitas, membran lan radikal bébas gampil mlebet ing sel dana beraksi kalyan organel saking sel. Tuladhanipun saged ngerusak lisosom, inti sel, DNA pramila nimbulaken mutagenesis. Radikal bébas ugi saged ngerusak karbohidrat ing sel, pramila ngerusak reseptor. Perusakan asem lemak boten jenuh badhé wujud Aldehida malonaldehida saha hidroksinonenal, ingkang njalari kadadosan ikatan silang cross linkage ing pilid, protéin, fosfilipid, lan asem nukleut.[4]

Antioksidan ing Panganan[besut | besut sumber]

Pengukuran antioksidan prosès ingkang gampil, amargi punika kagolong senyawa kaliyan reaktivitas ingkang bènten kaliyan spésies oksigeb reaktif. Antioksidan ingkang dipuntemukaken jumlah ingkang bervariasi ing panganan kadas sayuran, woh-wohan, sereal saha biji-bijian, Ndok, daging. Antioksidak kaya lycopene lan asem askorbat saged dihancurke déning penyimpangan jangka dawa utawi masak ingkang radi auwe. Senyawa antioksidan sanès ingkang stabil kadas polifenol antioksidan ing panganan kadas sereal, gandum, teh. Efek saking pengolahan panganan ingkang kompleks, prosès-prosès punika ugi saged ningkataken bioavailabilitas antioksidan, kadas karotenoid ing sayuran. Secara umun panganan olahan ngandung antioksidan luwih kedhik kabanding panganan segar lan mentah, amergi prosès persiapan saged mengekspos panganan ing oksigèn.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c [1](Dipununduhtanggal 25 september 2012)
  2. >Yuniastuti,ari."Gizi dan Keséhatan".ISBN.Yogyakarta.(2008:95)
  3. >Yuniastuti,ari."Gizi dan Keséhatan".ISBN.Yogyakarta.(2008:96)
  4. >Yuniastuti,ari."Gizi dan Keséhatan".ISBN.Yogyakarta.(2008:98)
  5. [2](Dipununduhtanggal 26 september 2012)