Selang wektu
Praèn
Selang wektu (bahasa Inggris: time-lapse) iku teknik fotografi utawa videografi kanggo nuduhaké saperangan kadadeyan utawa prastawa sarana njupuk gambar ing sajrone wektu sing runut. Sabanjuré, perangan gambar iku mau disetèl manèh nganggo kacepatan normal saengga kadadeyan sing katon alon bisa katon luwih cepat ing sajroning wektu sing cekak.
Teknik ini ampuh dinggo nuduhaké proses sing satemené kelakoné suwé, kaya ta tatanduran saka winih sing ngrembaka dadi uwit gedhe, lakuné srengéngé saka mlethèk tekan angslup, bayi kucing nganti dadi kucing diwasa, utawa owah-owahaning jagad ing udakara 2-4 menit sacara apik.
Cara Gawe Selang Wektu
[besut | besut sumber]- Sela-selaning njupuk gambar: Khodak disetel supaya bisa njupuk gambar utawa video sacara diselani. Umpamane saben pirang detik, menit, utawa jam.
- Madetake wektu: Tegesé sawijining prastawa sing kadadeyan sajroning pirang-pirang jam utawa bisa direkam nganggo pirang-pirang foto, banjur foto-foto iku mau dicepetaké pas disetel supaya mlakune katon luwih cepet.
- Nyetèl cepat: Kumpulan foto utawa video banjur didadèkaké siji lan disetel nganggo kacepatan normal utawa luwih dhuwur saka kacepatan anggoné ngrekam ngasilake gambaran sing lakuné dicepetaké.
Tujuan lan Munpangat
[besut | besut sumber]- Nuduhaké lakuning wektu sacara visual: Wong-wong sing nonton bisa nyawang owah-owahan sing adate kelakone suwi lan alon.
- Efek dramatis: Menèhi cara nyenyawang sacara visual sing nyenengaké lan dramatis marang prastawa sing alon banget.
- Dhokumentasi: Munpangati kanggo ndhokumentasekaké proses sing mbutuhaké wektu suwi ing dalam skala sing cilik.