Satyalancana Kabudayan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Satyalancana Kabudayan

Satyalancana Kabudayan inggih punika salah satunggaling wujud tandha bebungah ingkang dipunwedalaken lan dipunparingaken dhateng warga nagara Republik Indonesia ingkang sampun gadhah jasa ing babagan kabudayan.[1]

Satyalancana Kabudayan inggih punika kalebet satyalancana sipil ingkang drajatipun sami kaliyan satyalancana sanèsipun. Tandha kaurmatan satyalancana kabudayan punika boten dipunpérang ing kelas - kelas, lan ugi mawi pita gantung. Tandha kaurmatan satyalencana kabudayan punika dipunparingaken dhateng satunggaling tiyang ingkang sampun gadhah jasa ingkang ageng dhateng papréntahan Republik Indonèsia kanthi dhedhasar Dudutan Présidhèn. Lan tandha kaurmatan satyalancana kabudayan punika saged dipunparingaken dhateng warga nagara Indonésia ingkang saged njangkepi persaratan ingkang sampun dipuntemtokaken utawi saged warga nagara asing ingkang gadhah jasa ageng dhateng nagara Republik Indonesia. Tandha kaurmatan satyalancana kabudayan saged dipunparingaken dhateng tiyang ingkang sampun séda (anumerta).

Dhasaring kukum wontenipun tandha kaurmatan satyalancana kabudayan inggih adhedahsar PP Nomer 38 Taun 1959 ngengingi tandha Kaurmatan Satyalancana kabudayan. Lan ancasipun inggih punika kanggé paring pangaji-aji dhateng WNI ingkang sampun gadhah jasa ingkang ageng wontn ing babagan kabudayan ing padatanipun utawi wonten ing lapangan kabudayn tartamtu ing khususipun.

Sarat-saratipun[besut | besut sumber]

Sarat ingkang umum kanggé netepaken layak punapa boten satunggaling tiyang pikannuk pangaji-aji punika ing antawisipun inggih punika kados makaten:[2]

  1. Warga nagara Indonésia (WNI)\
  2. Gadhah tindak tanduk lan budi pakarti ingkang saé

Sarat khususipun inggih punika sampun gadhah jasa ingkang ageng wontn ing babagan kabudayan ing padatanipun utawi wonten ing lapangan kabudayn tartamtu ing khususipun.

Tata Cara Ngusulaken[besut | besut sumber]

Ingkang saged dados ingkang ngusulaken satunggaling tiyang pikantuk tandha kaurmata satyalancana Kebhaktian Sosial inggih punika saking saben individu, organisasi kemasarakatan utawi swasta lan ugi instansi papréntahan: Déné tata cara ngusulakenipun inggih kados makaten:

  1. Layang usul penganugerahan dipuntapakasmani déning pimpinan lembaga nagara utawi mantri utawi pandhega Lembaga papréntahan non departemen lan dipunajokaken dhateng Mantri Sosial, ingkang salajengipun saking Mantri Sosial dipunajokaken dhateng Présidhèn medal tanganpiun Dewan TKRI, utawi
  2. Layang usul saking Bupati / Walikota dipunajokaken dhateng Gubernur, ingkang salajengipun saking tingkat gubernur dipunajokaken dhateng Mantri Sosial, lajeng saking mantri sosial dipunajokakne malih dhateng présidhèn saking tanganipun Dewan TKRI, tembusanipun dhateng Mantri Dalam Negeri, utawi
  3. Serat usulan saking tiyang piyambakan, organisasi kemasarkatakan utawi swasta, dipunajokaken dhateng Dinas Sosial Kabupatèn / Kota, salajengipun déning Dinas Sosial Kabupatèn / kutha dipunajokaken dhateng Dinas Sosial Provinsi, déning Dinas sosial provinsi dipunajokaken dhateng mantri sosial, lajeng déning mantri sosial dipunajokaken dhateng presidhan kanthi lantaran dewan TKRI utawi
  4. Dipuntunjuk langsung saking présidhèn / wakil présidhèn lan badhé dipunterasaken dhateng Dewan TKRI.

Sadèrengipun usulanipun dipunajokaken dhateng Prsidhen kanthi lantaran Dewan Tandha - tandah Kaurmatan RI, usulipun saking tiyang piyambakan/ masarakat/ organisasi non pamaréntah/ instansi/ departemen badhé dipuntliti lan dipunkaji rumiyin déning "Tim Panalit" Tandha Kaurmatan Instansi / Departemen. Manawi dipunanggep mlebet kriteria persaratan, lajeng nembé dipunajokaken dhateng Présidhèn kanthi lantaran déwan tandha kaurmatan Republik Indonesia. Asiling sidhang inggih minangka bahan pertimbangan Présidhèn kanggé maringaken tandha kaurmatan.

Cathetan suku[besut | besut sumber]