Menyang kontèn

Sarjanawan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sunggingan 'Scholar and His Books' dening Gerbrand van den Eeckout

Sarjanawan yaiku panliti utawa wong sing nduwé kapinteran ing sawijiné babagan kawruhan (disiplin akademis). Sarjanawan uga bisa sawijiné narawiyata (akademisi), yaiku wong sing makarya dadi mahaguru (profesor), guru, utawa panliti ing pawiyatan luhur. Narawiyata biasané ndarbé gelar pascasarjana kaya magister lan doktor. Para sarjanawan lan para winasis (intelektual) mandhiri makarya ing sajabané payiwatan nanging menawa isih mbabar jurnal wiyata (jurnal akademik) lan melu sarasèhan èlmiah.