Samukriya pafileman
Samukriya pafileman, samukriya gambar mobah, indhustri pafileman, utawa asring mung karan indhustri filem yaiku samukriya (industri) sing kasusun saka pehak-pehak kang ngemunah babagan tehnis lan banijakarma (komersial) ing panggarapan filem. Pehak-pehak iki bisa arupa parusahan kirta (produksi) filem, sanggar filem, sinematografi, animasi, panulisan naskah, purwakirta (praproduksi), pascakirta, pistaraya (festival) filem, panganjrahan (distribusi), lan para juru paraga. Gedhéné wragad kanggo nggarap filem marakaké akèh filem dikirta dening parusahan-parusahan gedhé sing wis mapan. Nanging, amarga sapréné wiwit akèh piranti-piranti kirta sing murah, tur kalodhangan kanggo piwoleh modhal sajaba samukriya filem tansaya jembar, mula akèh wujud kirta-kirta filem mandhiri.
Filem laris (box office) sadonya nyathet pangasilan taunan ing 2019 cacahé $42.2 milyar, [1] Nanging angka iki mudhun ing 2025 dadi $33.5 milyar. [2] Yen filem laris ngatutaké langen omahan (home entertainment) samukriya filem donya nyathet pangasilan taunan $136 milyar ing 2018. [3] Lan mudhun dadi $112.93 milyar ing 2025. [4]Hollywood minangka samukriya filem nagara paling tuwa sadonya, uga paling dhuwur ing pangasilan kasar filem laris. Déné samukriya pafileman Indhi minangka samukriya paling gedhé ing kirta filem dawa (feature film) uga pasar paling gedhé ing piadol tiket.
- ↑ "MPA: 2019 Global Box Office and Home Entertainment". Motion Picture Association. 2020.
- ↑ Tartaglione, Nancy (2026-01-02). "Global Box Office Estimated At $33.5B; Anime Explodes In Up-And-Down Year: Studio Report Cards". Deadline (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2026-05-04.
- ↑ "Global Movie Production & Distribution Industry: Industry Market Research Report". IBISWorld. August 2018. Dibukak ing 22 January 2019.
- ↑ "Movies And Entertainment Market (2026–2033)". Grand View Research. Dibukak ing 2026-05-04.