Samudra Pasifik

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Lima samudra dunia

Samodra Pasifik utawi Lautan Pasifik (saking basa Spanyol Pacifico, maknanipun tenang) mujudaken kumpulan toya paling ageng sa donya. Cakupan samodra punika kinten-kinten watawis saprotigan lumahipun Bumi, kanthi jembar 179,7 yuta km² (69,4 yuta mi²). Panjangipun watawis 15.500 km (9.600 mi) saking Laut Bering ing Arktik ngantos dumugi batasan es wonten Laut Ross Antartika ing tlatah kutub kidul. Samodra Pasifik saking kilen mangetan paling wiyar inggih punika wonten ing 5 derajat garis lintang lèr, watawis 19.800 km (12.300 mi) saking Indonesia ngantos dumugi ing pesisir Kolombia. Batas sisih kilèn samodra punika biasanipun dipun wiwiti saking Selat Malaka. Titik paling andhap permukaan Bumi—Palung Mariana— inggih dumunung wonten ing Samodra Pasifik. Samudra punika dumunung antawis Asia lan Australia ing sisih kilèn, Amerika ing sisih wétan, Antartika ing sisih kidul lan Samodra Arktik ing sisih kalèr.

Samodra Pasifik dipun pirsani saking pesisir ing pérangan tengah Chili

Samodra Pasifik ngandhut watawis 25.000 kepulauan (langkung saking sedaya jumlah kepulauan ing tlatah sanèsipun ing donya manawi kagabung), ingkang mayoritas dumunung wonten ing pérangan kidul khatulistiwa. (Pirsani: Kepulauan Pasifik.)

Wonten ing batasan ireguler Samodra Pasifik tinemoaken kathah seganten, ingkang paling ageng inggih punika Laut Sulawesi, Laut Koral, Laut China Timur, Laut Jepang, Laut China Selatan, Laut Sulu, Laut Tasman lan Laut Kuning. Selat Malaka nggandèngaken Samodra Pasifik kaliyan Samodra Hindia ing sisih kilèn, lan Selat Magellan nggandhèngaken Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ing sisih wétan.

Penjelajah Portugis Ferdinand Magellan minangka tiyang ingkang maringi nami Samodra Pasifik. Kanggé sapérangan pelayaranipun saking Selat Magellan ngantos dumugi Filipina, Magellan èsty ngraosaken katenangan seganten wau. Ananging, Samodra Pasifik inggih mboten tansah tenang.. Wonten panggenan ingkang Samodra Atlantik langkung wiyar, Samodra Pasifik dados ciut. Bab punika nyebabaken asring kedadosan lindhu. Kathah angin puyuh lan topan ingkang ngrisakaken pulo-pulo ing Pasifik lan tanah ing tlatah Pasifik dipun kebaki déning gunung latu lan asring dipun guncang déning lindhu. Tsunami, ingkang dipun sebabaken déning lindhu saking dhasar seganten, saged ngrisakaken pulo lan ngleburaken sedaya wangunan ing kitha.

Samodra Pasifik

Dasar samudra[sunting | sunting sumber]

Titik paling inggil lan paling andhap[sunting | sunting sumber]

  • titik paling andhap: -10.924 m (-35.840 kaki). ing dhasaripun Palung Mariana
  • titik paling inggil: lumahing seganten 0 m

Ciri khas perairan Pasifik[sunting | sunting sumber]

Cuaca[sunting | sunting sumber]

Geologi[sunting | sunting sumber]

Benua[sunting | sunting sumber]

Sejarah lan ekonomi[sunting | sunting sumber]

Bibliografi[sunting | sunting sumber]

  • Barkley, R.A., Oceanographic Atlas of the Pacific Ocean (1969)
  • Cameron, I., Lost Paradise (1987)
  • Couper, A., Development in the Pacific Islands (1988)
  • Crump, D.J., ed., Blue Horizons (1980)
  • Gilbert, John, Charting the Vast Pacific (1971)
  • Lower, J. Arthur, Ocean of Destiny: A Concise History of the North Pacific, 1500-1978 (1978)
  • Oliver, D.L., The Pacific Islands, 3d ed. (1989)
  • Ridgell, R., Pacific Nations and Territories, 2d ed. (1988)
  • Soule, Gardner, The Greatest Depths (1970)
  • Spate, O.H., Paradise Found and Lost (1988)
  • Stanley, David, Moon Handbooks South Pacific (2004)
  • Terrell, J.E., Prehistory in the Pacific Islands (1986).
Adhedasar teks domain publik saking US Naval Oceanographer
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Samudra_Pasifik&oldid=812316"