Menyang kontèn

SNBT

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Seleksi Nasional Berdasarkan Tes, sing disingkat SNBT, kuwi selèksi bareng kanggo nampa mahasiswa anyar ing perguruan tinggi negeri. Selèksi iki nggunakaké ujian tulis sing dianakaké sacara nasional lan wis kabuktèn nduwèni akèh kauntungan lan kaluwihan, ora mung kanggo calon mahasiswa, nanging uga kanggo perguruan tinggi negeri lan kapentingan nasional. Kanggo calon mahasiswa, ujian tulis iki dirasa luwih nguntungaké amarga prosèsé luwih praktis, biayané luwih entheng, lan luwih fleksibel. Apamanéh saiki wis ana sistem lintas wilayah, dadi peserta ora kudu winates mung ing siji dhaérah waé.[1]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Informasi umum | SNPMB". Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2024-03-20.[pranala mati permanèn]