Menyang kontèn

SMP Negeri 1 Sleman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
SMP Negeri 1 Sleman
⁠SMP Negeri 1 Sleman.
Informasi
Diadegaké1946
JenisNegeri
AkreditasiA
Nomor Pokok Sekolah Nasional20401025
Gunggung kelas- kelas
Rentang kelasKelas 7, 8, 9
KurikulumKurikulum Tingkat Ékan Pendidikan (KTSP)
Gunggung siswa- Siswa
StatusNegeri
Alamat
LokasiJl Bhayangkara No.27, Jetis, Caturharjo, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta Yogyakarta, Daerah Istimewa Yogyakarta
Telp./Fax(0274) 868810
Situs web[]

SMP Negeri 1 Sléman inggih menika salah satunggaling sekolah ingkang wonten ing Sléman. Leresipun sekolah menika wonten ing Margi Bhayangkari No. 27, Jetis, Caturtunggal, Kecamatan Sléman, Kabupaten Sléman, Daérah Istiméwa Yogyakarta.[1] Sekolah menika nggadhahi wangunan ingkang gayanipun Indis (Wangunan kaliyan arsitèktur gaya Éropa lan dipadokaké kaliyan gaya lokal tradisional utawi gaya Jawa). Midhérék SK Keputusan Bupati Sléman Nomer 5.9/kep.kdh/a/2018 bab penetapanipun kalih wangunan ingkang wonten ing SMP Negeri 1 Sléman inggih menika wangunan bekas kantor dirèktur lan wangunan dhalem dinas.. [2]

Sejarah

[besut | besut sumber]

Kalih wangunan ageng kaliyan gaya indis wonten ing SMP Negeri 1 Sléman menika sadèrèngipun inggih menika Dalem Administrasi Pabrik Gendhis Medari utawi miyos leresipun wangunan bekas Kantor Direktur lan Wangunan Dalem Dhines. Sesampunipun kamardikan, kathah wangunan-wangunan tilaran Walandi ingkang dipunmanfaataken dados papan Pendidikan amargi ing masa menika Pendidikan wiwit dipundandosi. Kejawi menika, papan saking Pabrik Gendhis Medari menika ingkang strategis dados alesan dipunalihfungsikaken dados papan Pendidikan. SMP Negeri 1 Sleman menika dipundhirikaken ing warsa 1946. Ing wiwitipun, Sekolah menengah pertami menika asmanipun SMP Medari lan ngagungani status sekolah swasta. Pinten-pinten warsa salajengipun, pamarentah nindakaken kebijakan “Menegerikan” pinten-pinten sekolah swadaya kangunganipun masyarakat utawi swasta. Tujuwan dipunegerikaken sekolah-sekolah ing wekdal menika supadoskurikulum ingkang saweg kedados keparing merata lan akses Pendidikan miyos gampil. Sasampunipun SMP Medari resmi dados sekolah nagari ing warsa 1951, sekolah menika gumantos asma dados SMP Negeri 1 Sleman.[3]

Prestasi

[besut | besut sumber]

Wiwit 2003 SMP Negeri 1 Sléman mlebet dhateng-lebet kategori “Sekolah Andalan”, inggih menika salah satunggaling saking gangsal sekolah menengah pertami favorit ingkang wonten ing Yogyakarta. Kejawi menika, SMP Negeri 1 Sléman menika ngagungani akreditasi A amargi padamelan akademik ingkang sae, kurikulum ingkang ngebaki standar pendidikan wonten ing Indonesia, saha fasilitas-fasilitas ingkang dipunwontenaken déning sekolah keparing menunjang pasinaonan. SMP Negeri 1 Sléman dados salah satunggaling sekolah ingkang resmi dipunparingi gelar “Sekolah Rujukan” amargi kwalitasipun sekolah ingkang ngebaki standar. Sekolah menika ugi keparing gelar “Sekolah Adiwiyata” amargi lingkungan sekolah ingkang gesang, kesadaranipun saking sedaya wargi sekolah lebet njagi kebersihan, ugi pemilihan sampah ingkang sae. Wonten sisi menika, SMP Negeri 1 Sleman ugi ngagungani gelar “Sekolah Sehat”. Bab menika dipunbiji saking kegiatan ingkang wonten ing Unit Kegesangan Sekolah utawi UKS ingkang tetep mlampah, lingkungan ingkang resik kebukti dados sekolah adiwiyata, kantin sekolah ingkang nyedhiyakaken dhaharan gesang kagem murid-murid, wontenipuin toya resik ingkang madahi, saha jalinanipun kerja sami kaliyan pihak puskesmas kekait pelayanan kegesanganipun.

Fasilitas

[besut | besut sumber]

SMP Negeri 1 Sléman ngagungani fasilitas-fasilitas ingkang ngebaki standar kelayakan sekolah. Sekolah menika kagungan pabukon utawi perpustakaan ingkang keparing dipunagem kagem madosi rèfèrènsi buku, penunjangipun buku sinau wonten ing kelas, ruang waos ingkang saged dipunagem kagem santai. Kejawi menika, sekolah ngagungani sekawan lapangan olahraga antawisipun lapangan baskét,lapangan bal-balan, lapangan voli, saha lapangan upacara. Kagem nunjangipun Sekolah Adiwiyata, sekolah menika masilitasi taman sekolah saha papan pamilahan sampah ingkang terpadu.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Referensi".
  2. "SMP Negeri 1 Sleman".[pranala mati permanèn]
  3. "SMP Negeri 1 Sleman – BERKARAKTER DAN BERPRESTASI" (ing basa Indonesia). 2024-11-26. Diarsip saka sing asli ing 2025-05-30. Dibukak ing 2025-05-31.